Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 16 >> 

YERUSALEM KANG ORA SETYA; Yerusalem kapundhut garwa dening Allah

1Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, Yerusalem sumurupna marang panggawe-panggawene kang nistha.

3Lan tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang Yerusalem: Asalira lan kalairanira iku saka ing tanah Kanaan; bapakira iku wong Amori lan ibunira wong Heti.

4Kalairanira iku mangkene: Nalika sira dilairake, puserira ora dikethok lan sira ora didusi nganggo banyu supaya resik; sira uga ora dikosoki nganggo uyah utawa digedhong.

5Ora ana siji-sijia kang ngrasa welas marang sira kang banjur nandukake iku mau marang sira marga saka anggone kadunungan rasa welas; sira malah nuli kabuwang menyang ing ara-ara, amarga nalika lairira kaanggep tanpa aji dening wong.

6Ingsun tumuli tindak langkung lan ningali sira kroncalan kalawan kuthah getih, sarta sajrone sira kuthah getih iku Ingsun ngandika marang sira: Sira kudu urip

7lan dadi gedhe kaya tetuwuhan ing ara-ara! Sira dadi gedhe tuwin wus cukup umurira, malah banjur wus diwasa; payudaranira menter-menter, rambutira wus thukul, nanging sira wuda mblejed.

8Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- mulane sira wus dadi kagunganingSun.

9Sira Sunedusi nganggo banyu, Sunresiki getihira sarta Sunborehi kalawan lenga.

10Sira Sunenggoni sandhangan kang mawa warna, sira Sunparingi sandhal walulang dhuyung lan kudhung mori alus apadene slendhang sutra.

11Sabanjure sira Sunenggoni rerenggan, tanganira Sunenggoni gelang, sarta kalung ing gulunira.

12Irungira Sunenggoni gelang lan anting-anting ing kupingira, sarta makutha kamulyan ing sirahira.

13Dadine sira nganggo rerenggan emas lan salaka, sandhanganira mori alus lan sutra apadene panganggo kang mawa warna; sira dadi ayu linuwih, satemah pantes dadi ratu.

14Marga saka endahing warnanira, jenengira misuwur ana ing satengahe para bangsa, awit kaendahanira iku luwih dening sampurna, amarga saka sumoroting rerengganingSun kang Sunparingake marang sira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

Yerusalem dadi wanita tunasusila, mulane banjur tampa paukuman

15“Nanging sira ngendelake kaendahaning warnanira lan banjur dadi wanita tunasusila marga saka kondhangira iku, sarta anggonira dadi wanita tunasusila iku sira tawak-tawakake marang angger wong kang liwat.

16Sandhanganira sira anggo ndadekake manca-warnane tengger-tenger pangurbananira lan sira banjur tumindak nistha ana ing kono. Pratingkah mangkono iku durung tau kelakon tuwin ora bakal kelakon maneh.

17Rerengganira kang kagawe saka emasingSun lan salakaningSun, kang Sunparingake marang sira uga sira jupuk lan sira anggo gawe reca-reca lanang sarta sira banjur tumindak nistha kalawan reca-reca iku.

18Sandhanganira kang manca-warna sira anggo nutupi reca-reca mau tuwin lenga lan dupa kagunganingSun sira sajekake.

19Uga dhaharaningSun kang Sunparingake marang sira, yaiku glepung kang becik dhewe, lenga lan madu kang Sunparingake minangka panganira, iku iya sira wenehake minangka sesajen kang arum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

20Malah dalasan anak-anakira lanang lan wadon kang sira lairake kagem Ingsun uga sira jupuk, sira dadekake sesajen marang reca-reca mau minangka pangane. Apa tindakira kang nistha kang mangkono iku durung cukup,

21dene sira uga banjur nyembeleh para putraningSun, sira pasrahake marang reca-reca iku, sira dadekake kurban sarana kaobong ing geni?

22Ing sajrone sakehing panggawenira kang asor lan nistha iku sira ora kelingan maneh marang nalika enomira, nalika sira isih wuda mblejed lan kroncalan kalawan kuthah getihira.

23Lan sawuse sakehing durakanira iku -- bilai, bilai sira! Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, --

24sira nganakake panggonan kang dhuwur lan gawe tengger pangurbanan ana ing saben ara-ara.

25Sira gawe tengger pangurbanan ana ing saben prapatan lan banjur adol kaendahaning warnanira dadi tindak kang nistha kalawan mlengkahake pupunira sakarone kanggo saben wong liwat; kalawan mangkono kanisthanira saya wuwuh-wuwuh.

26Sira tumindak nistha kalawan wong Mesir, tangganira kang karem asmara iku, satemah kanisthanira saya wuwuh-wuwuh maneh, njalari gerahing panggalihingSun.

27Lah sira wus Ingsun lawan lan wus Sunkurangi cadhongira sarta sira Sunulungake marang tindake sawenang-wenang para wong kang padha sengit marang sira, yaiku para wong wadon Filisti, kang rumangsa isin ndeleng pratingkahira kang nistha iku.

28Sira uga alaku nistha kalawan wong Asyur, amarga sira durung ngrasa marem, malah sanadyan sira wus laku nistha kalawan wong-wong iku, ewadene meksa durung ngrasa marem.

29Tumindakira kang nistha iku sira wuwuhi sarana panggawenira kang mangkono iku karo nagara dagang Kasdim, nanging iya meksa durung marem.

30Kebangeten temen anggonira ngumbar hawa-nepsunira iku -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- kabeh iku mau sira tindakake, yaiku panggawening sundel keparat,

31kang nganakake pepunthuk ana ing saben prapatan lan gawe tetengger pangurbanan ana ing ara-ara. Nanging sira iku beda karo wanita tunasusila kang lumrah, amarga sira nampik opah.

32He, wong wadon kang laku jina, kang ngrangkul wong-wong liya minangka gegentine bojone dhewe.

33Sakehing wanita tunasusila padha gelem nampani opah, nanging sira ora mangkono, sira kang malah ngopahi para wong kang sira ajak bedhangan minangka pamikat, supaya wong-wong ing sakiwa tengenira padha marani sira lan banjur bebedhangan.

34Mulane anggonira nindakake kanisthan iku patrape kosak-balen karo para wong wadon liyane; dudu wonge kang ngoyak sira, nanging sira kang malah menehi opahing kanisthan, dene sira ora oleh apa-apa; dadi kosok-balen kalawan sira.

35Mulane, he wong wadon tunasusila, rungokna pangandikane Pangeran Yehuwah!

36Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira ngobral-obral kanisthanira lan sira miyak wewadinira ing sajroning kanisthanira kalawan wong kang seneng karo sira sarta kalawan brahalanira apadene marga saka getihe anak-anakira kang sira kurbanake marang iku,

37lah marga saka iku Ingsun bakal nglumpukake sakehing wong kang padha sira senengi, yaiku kang padha nggegendeng atinira, para wong kang sira dhemeni lan kang sira sengiti; iku bakal padha Sunklumpukake saka ing sakiwa tengenira kanggo nglawan sira, tuwin Ingsun bakal mbiyak wewadinira ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya padha ndeleng wewadinira kalawan cetha.

38Sira bakal Sunadili kayadene patrape wong ngadili wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih apadene Ingsun bakal ngesokake marang sira bebendu lan butarepaningSun.

39Sira bakal Sunulungake marang ing tangane wong-wong mau, papanira kang dhuwur bakal Sunjugrugi sarta tengger-tenggerira bakal Sunrusak; sira bakal diwudani dening wong-wong iku, rerengganira bakal karampas, sira banjur katinggal wuda mblejed.

40Wong-wong iku bakal ngundang wong sagrombolan kang dikon nglawan marang sira; iku bakal mbenturi sira nganggo watu sarta nuwek sira kalawan pedhange.

41Omahira bakal padha diobongi lan sira bakal dipatrapi paukuman ana ing ngarepe wong wadon akeh. Kanthi patrap mangkono iku anggoningSun nglereni anggonira tumindak nistha, tuwin opahing kanisthan ora bakal sira wenehake maneh.

42Kaya mangkono anggoningSun ngesokake dukaningSun marang sira, satemah bentering panggalihingSun banjur sirep; Ingsun dadi aring sarta wus ora gerah ing panggalih maneh.

43Ing sarehne sira ora eling marang nalika sira isih enom, nanging kalawan iku mau kabeh gawe dukaningSun nganti gumeter, lah Ingsun uga bakal nampekake panggawenira iku marang sirahira, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- panggawenira kang nistha iki apa sira imbuhi kalawan sakehing tindakira kang asor?

44Lah saben ahli bebasan bakal nyemoni sira mangkene: Ibune mangkono, anake iya mangkono!

45Sira iku anake ibunira, kang wus jeleh marang bojone lan anak-anake lanang, sarta sira iku adhine wadon mbakyu-mbakyunira, kang wus bosen marang bojone lan anak-anake lanang. Ibunira iku Heti lan bapakira iku wong Amori.

46Mbakyunira kang tuwa dhewe iku Samaria, kang manggon ing salorira karo anak-anake wadon, tuwin adhinira wadon iku Sodom kang manggon ing sakidulira karo anak-anake wadon.

47Pratingkahira iku rak niru panggawene wong-wong iku sarta kang sira tindakake iku niru panggawe-panggawene kang asor; malah ora let suwe panggawenira ing sajegira urip banjur ngluwihi alane wong-wong iku.

48Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sadulurira wadon Sodom saanak-anake wadon ora nindakake apa kang sira lakoni kalawan anak-anakira wadon.

49Lah ta mungguh kaluputane sadulurira wadon Sodom iku mangkene: gumunggung, bisa mangan nganti turah-turah sarta seneng uripe dalasan para anak-anake wadon, nanging ora tetulung marang para wong sangsara lan mlarat.

50Banjur padha kumlungkung lan padha nindakake kanisthan ana ing ngarsaningSun; mulane bareng Ingsun nguningani bab iku, banjur padha Sundohake.

51Dene Samaria iku anggone nglakoni dosa ora ana saparonira, nanging sira malah tumindak nistha ngluwihi sakarone iku, satemah marga saka anggonira nglakoni sakehing durakanira iku, sira njalari para sadulurira wadon katon ora luput.

52Mulane, heh sira, sira nyanggaa kawiranganira dhewe, kang njalari paukuman tumrap sadulur-sadulurira wadon luwih entheng katimbang kang tumrap sira; marga saka dosa-dosanira ngluwihi nisthane para sadulurira, mulane iku padha luwih resik katimbang sira. Mulane isina lan nyanggaa kawiranganira dhewe, awit sira njalari sadulur-sadulurira wadon padha katon ora luput.”

Gusti Allah sanggem bakal nganakake prajanjian anyar

53“Nanging Ingsun bakal damel pulihing kaanane, Sodom saanak-anake wadon sarta Samaria saanak-anake wadon, apadene Ingsun uga bakal mulihake kaananira ana ing satengahe wong-wong mau,

54supaya sira nyanggaa ing kawiranganira lan supaya sira rumangsaa isin marga saka sakehing panggawenira iku.

55Anadene mungguh para bakyunira, Sodom saanak-anake wadon bakal pulih kaanane kaya ing maune; Samaria saanak-anake wadon uga bakal pulih kaanane kaya ing maune; sarta sira saanak-anakira wadon uga bakal kapulihake kaananira kaya ing maune.

56Bakyunira Sodom, bakyunira kang anom dhewe, nalika ing wektu gumunggungira rak dadi pocapanira,

57sadurunge pialanira kawiyak, iya kayadene saiki, sira uga dadi cacadan tumrap para anake wadon Edom lan para wong ing sakiwa-tengene sarta tumrap anak-anak wadon Filisti, kang padha ngremehake sira saka ing sakiwa-tengenira?

58Kanisthanira lan panggawenira kang asor iku kudu sira tanggung. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

59Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nandukake marang sira kaya apa kang sira lakoni, yaiku sumpah sira anggep entheng kanthi patrap ngrusak prajanjian.

60Nanging Ingsun bakal ngengeti prajanjianingSun kalawan sira nalika enomira sarta Ingsun bakal nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira.

61Ing kono sira banjur eling marang kalakuanira lan rumangsa isin, ing nalika Ingsun mundhut para bakyunira, kang tuwa lan kang enom, nuli Sunparingake marang sira dadi anakira, nanging ora adhedhasar anggonira netepi prajanjian.

62Ingsun bakal nglanggengake prajanjianingSun kalayan sira sarta sira bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah,

63tuwin marga saka kang mangkono iku sira bakal tansah eling marang dhek biyen lan ngrasa isin, nganti cangkemira mingkem babar pisan awit saka kawiranganira, nalika Ingsun nganakake panebus tumrap sakehing panggawenira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel