Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 18 >> 

Saben wong iku tanggung jawab tumrap awake dhewe

1Tumuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2“Ana apa ta sira iku, dene padha ngucapake tembung sesemonan iki ana ing tanah Israel: Para bapa padha mangan woh mentah lan untune anak-anake padha dadi linu?

3Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sira ora bakal ngucapake tembung sesemonan iki maneh ana ing Israel.

4Lah ta sakehing nyawa iku Ingsun kang ndarbeni! Apa nyawaning bapa apa nyawaning anak iku kagunganingSun! Dene wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati.

5Manawa ana wong mursid kang nindakake kaadilan lan kabeneran,

6ora mangan daging kurban kang ana ing gunung utawa ora tumenga marang para brahalane Israel, ora ngrusuhi bojone pepadhane lan ora sapaturon karo wong wadon kang lagi nggarap sari,

7ora nindhes wong liya, mbalekake gadhening wong, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan wong luwe, aweh sandhangan marang wong kewudan,

8ora nganakake dhuwit utawa njupuk bebathening lintah dharat, ngedohi laku culika, nindakake tatanan kang bener ing antarane wong lan pepadhane,

9lakune manut katetepaningSun lan tansah nglakoni pranataningSun kalawan setya -- yaiku wong kang mursid lan mesthi bakal lestari urip. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

10Nanging manawa wong mau duwe anak kang dadi garong lan kang seneng ngwutahake getih utawa nglakoni salah sawijining panggawe kang kaya mangkono

11-- sanadyan si bapa ora nglakoni bab iku babar pisan -- uga mangan daging kurban kang ana ing gunung lan ngrusuhi bojoning liyan,

12nindhes wong sangsara lan mlarat, ngrampas, ora mbalekake gadhening wong, tumenga marang para brahala tuwin nglakoni kanisthan,

13nganakake dhuwit lan njupuk bebathening lintah darat, wong kang mangkono iku kudu mati; getihe nampek marang awake dhewe.

14Lah manawa wong mau duwe anak lan anak iki nyumurupi sakehing dosa kang dilakoni dening bapakne, nanging mangreteni bab iku, satemah ora tumindak mangkono, yaiku:

15ora mangan daging kurban kang ana ing gunung, ora tumenga marang para brahalane turune Israel, ora ngrusuhi bojone liyan,

16ora nindhes wong liya, ora njaluk cekelan, ora ngrampas apa-apa, aweh mangan marang wong luwe, aweh sandhangan marang kang kewudan,

17ngedohi kaculikan, ora nganakake dhuwit lan ora njupuk bebathening lintah dharat, nindakake pranataningSun lan lakune manut ing katetepaningSun -- wong mangkono iku ora bakal mati marga saka kaluputane bapakne, mesthi urip.

18Bapakne kang gawene memeres, kang ngrampas lan kang nglakoni bab-bab kang ora becik ana ing satengahing bangsane, lah iku bakal mati marga saka kaluputane.

19Ewasamono sira padha celathu: Yagene anak kok ora melu nanggung kaluputane bapakne? -- Amarga anak iku nglakoni kaadilan lan kabeneran; nindakake sakehing katetepaningSun kalawan setya, mulane mesthi urip.

20Wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati. Anak ora bakal melu nanggung kaluputane bapakne lan bapa ora bakal melu nanggung kaluputane anake. Wong mursid bakal tampa berkahing kamursidane lan wong duraka bakal nanggung durakane dhewe.

21Nanging manawa wong duraka mratobat lan ngunduri sakehing dosa kang dilakoni tuwin ngugemi sakehing katetepaningSun sarta nindakake kaadilan lan kabeneran, iku mesthi urip, ora bakal mati.

22Sakehing duraka kang dilakoni ora bakal kaetung maneh tumrap dheweke; wong iku bakal urip marga saka kabeneran kang dilakoni.

23Apa Ingsun rena marga saka matine wong duraka? -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Apa ora marga saka pamratobate supaya urip?

24Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan banjur nindakake kaculikan kayadene sakehing kanisthan kang dilakoni dening wong duraka -- apa wong iku bakal urip? Sakehing kamursidan kang katindakake ora bakal kaetung maneh. Wong iku kudu mati awit saka anggone ora setya lan marga saka dosa kang katindakake.

25Ewadene kowe padha ngucap: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Rungokna dhisik, he turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?

26Manawa wong mursid ninggal kamursidane lan nindakake kaculikan satemah banjur mati marga saka kaculikan kang katindakake.

27Balik wong duraka manawa mratobat lan ninggal durakane kang dilakoni tuwin banjur nindakake kaadilan lan kabeneran, iku bakal mitulungi nyawane.

28Wong iku wus yakin lan banjur nyingkiri sakehing duraka kang katindakake; iku mesthi urip, ora bakal mati.

29Ewasamono turune Israel celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! He, turune Israel, tumindakingSun apa tumindakira kang ora bener?

30Awit saka iku, he turune Israel, sira bakal padha Sunadili manut tumindakira dhewe-dhewe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Padha mratobata lan padha sumingkira saka ing sakehe durakanira, supaya iku tumrap sira ora dadi sandhungan, kang njalari sira padha tumiba ing kaluputan.

31Padha mbuwanga sakehing duraka kang padha sira tandukake marang Ingsun lan atinira sarta rohira padha sira anyarna! Yagene sira bakal padha mati, he turune Israel?

32Amarga Ingsun ora rena, manawa wong kudu nanggung patine. -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. -- Mulane padha mratobata, supaya sira urip!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 18 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel