Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 26 >> 

Pameca nglawan Tirus

1Ing nalika taun kang kaping sawelas, tanggal sapisan ing sasi kang lumaku, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, ing sarehne Tirus celathu bab Yerusalem mangkene: Sokur! Wus rusak gapurane bangsa-bangsa iku; mengane marep mrene, satemah aku bakal dadi kebak, nanging iku wus dadi reruntuhan.

3Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he Tirus. Ingsun bakal nimbali bangsa akeh, supaya padha nglawan sira, nganti kaya samodra kang metokake alun.

4Iku bakal nyirnakake tembok-temboke Tirus lan ngrubuhake panggung-panggunge, lebuning tanahe bakal Sunbuwangi nganti resik tuwin Tirus bakal Sundadekake gunung parang kang gundhul.

5Iku bakal dadi papan kanggo ngepe jala ana ing tengah samodra, awit Ingsun kang mangandikakake iku, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, iku bakal dadi jarahaning para bangsa.

6Anak-anake wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang, satemah banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.

7Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali Raja Nebukadnezar saka ing lor, ratu ing Babil, ratuning sakehe ratu, supaya nglawan Tirus kalawan nggawa jaran, kareta, prajurit jaranan lan wadya-bala sagelengan gedhe.

8Anak-anakira wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang; Nebukadnezar bakal gawe tembok pangepungan lan nganakake piranti panjebol sarta masang tameng nglawan sira.

9Totog-totog piranti panjebol bakal ditatabake marang tembok-tembokira, tuwin panggung-panggungira bakal karubuhake sarana linggise.

10Saka akehe jaran nganti sira bakal kalimputan ing bledug; marga saka gumredege lakune prajurit jaranan lan kumrasake swarane rodhaning karetane tembok-tembokira bakal kedher, manawa dheweke lumebu ing gapuranira kayadene wong kang lumebu ing kutha kang wus bedhah marga saka wus kajebol.

11Dalan-dalanira kabeh bakal kaidak-idak ing sikile jaran; rakyatira bakal kapatenan kalawan pedhang sarta tugu-tugu kang dadi andel-andelira bakal karubuhake ing lemah.

12Kasugihanira bakal karampas, barang-barang daganganira bakal dijarah-rayah; tembok-tembokira bakal dirubuhake sarta omah-omahira kang endah bakal kaebrukake; watunira, kayunira lan tanahira bakal kacemplungake ing banyu.

13Ramening kekidunganira bakal Sunuwisi lan swaraning clempungira bakal ora keprungu maneh.

14Sira bakal Sundadekake gunung parang kang gundhul, satemah sira bakal dadi panggonan kanggo ngepe jala, sarta sira ora bakal kabangun maneh, awit Ingsun, Yehuwah kang ngandika mangkono. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

15Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang Tirus: Apa dhaerah pesisir ora bakal gumeter krungu gumebruging rubuhira, manawa wong-wong kang ketaton padha pating gluruh, marga saka akehe wong kang dipateni ana ing tengahira?

16Sakehing ratu ing pinggiring samodra bakal seleh keprabon lan nyingkirake jubah-jubahing karajane lan nyelehake sandhangane kang manca warna; bakal kalimputan ing rasa gumeter sarta bakal padha nglosod ana ing lemah; bakal tansah gumeter tuwin kaget sumurup sira.

17Sabanjure bakal padha ngrepekake kidung pangadhuh tumrap sira sarta bakal celathu marang sira: He, kutha kang pinuji, kapriye kowe iku, dene nganti ilang saka ing samodra, kutha kang kwasa ana ing sagara, kowe karo para pendhudhukmu, kang nukulake rasa giris marang para pendhudhuk ing dharatan?

18Saiki, dhaerah pesisir gumeter ing nalika ambrukmu, dhaerah pesisir kang ana ing pinggir sagara padha horeg krungu bab wekasanmu.

19Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing nalika Ingsun ndadekake sira dadi kutha reruntuhan, dadi kaya kutha kang ora ana pendhudhuke maneh, manawa Ingsun ndadekake robing samodra ngelebi sira lan banyuning banjir nutupi sira,

20Ingsun bakal ngudhunake sira, supaya sira bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, menyang ing panggonane bangsa dhek jaman kuna, sarta Ingsun bakal mapanake sira ana ing bumi kang ngisor dhewe kayadene reruntuhan ing jaman kuna, bebarengan karo para wong kang tumurun menyang ing luwangan kuburan, supaya sira aja dienggoni ing wong maneh, lan aja jumedhul maneh ana ing tanahe wong urip.

21Wekasane uripira Suntemtokake bakal nggegirisi lan sira ora bakal tinemu maneh ing salawas-lawase. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel