Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 31 >> 

Raja Pringon kagambar kayadene wit eres kang kategor

1Ing taun kang kaping sawelas, tanggal siji sasi telu, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, sira tutura marang Pringon, raja ing Mesir lan marang sagolongane mangkene: Ing sajroning kamulyanira sapa kang bisa madhani sira?

3Lah, sira Sunpadhakake kalawan wit eres ing Libanon, kang pange ngrempayak endah-endah lan kang godhonge ngrembuyung; wite dhuwur banget pucuke nganti sundhul langit.

4Kali-kali kang ndadekake gedhe, samodra agung ndadekake dhuwur, iku kang njalari kali-kali padha mili ngubengi panggonane iku lan kalen-kalen padha mili menyang ing sakehing wit-witan kang ana ing ara-ara.

5Awit saka iku dhuwure ngungkuli sakehing wit-witan ing ara-ara; pange kang cilik-cilik saya akeh, pange kang gedhe padha dadi dawa marga kaluberan ing banyu akeh.

6Kang padha nusuh ana ing pange kang cilik-cilik sakehing manuk ing ngawang-awang, dene kang ana ing sangisoring pang-pang gedhe kabeh kewan ing alas kang padha manak, sarta sakehing bangsa kang gedhe padha ngeyub ana ing sangisore.

7Wit mau endah marga saka gedhene lan marga pange kang gedhe padha dawa-dawa; jalaran oyode padha nlosor nganti tekan ing banyu kang agung.

8Wit eres kang ana ing patamananing Allah ora bakal padha bisa nandhingi, samono uga wit beros ora bakal padha bisa madhani pang-pange kang cilik, sarta wit armon ora ana kang kena katandhingake karo pang-pange kang gedhe. Sakehing wit-witan ing patamananing Allah ora ana kang bisa katandhingake ing bab kaendahane.

9Ingsun kang gawe bangeting endahe dalah pange kang gedhe-gedhe kang nggrembel. Sakehing wit-witan ing patamanan Eden ing patamananing Allah padha meri.

10Marga saka iku Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Sarehne wit iku dhuwur, pucuke nganti sundhul langit sarta marga saka dhuwure iku banjur dadi kumlungkung,

11mulane wus Sunulungake marang ing tangane wong kang kwasa ana ing antarane para bangsa, supaya kapatrapana kang salaras kalawan pialane; wus Suntundhung.

12Wong-wong manca, yaiku umat kang ambek siya dhewe ing antarane para bangsa, bakal negor wit iku lan banjur kaetogake bae; pange kang gedhe-gedhe padha tiba ana ing gunung-gunung lan ing lembah-lembah sarta pange kang cilik-cilik padha sempal tiba ing dhasaring kaline nagara iku tuwin sakehing bangsa ing bumi padha lunga lumayu saka ing pangaubane, wit iku nuli kaetogake bae.

13Sakehing manuk ing awang-awang padha mencok ing wit kang wus gumlimpang iku lan sakehing kewan ing alas padha manggon ing antarane pang-pange kang gedhe.

14Kabeh iki kelakone supaya sakehing wit-witan ing sapinggiring banyu aja padha ngunggul-unggulake dhiri lan pucuke aja nganti kasundhulake ing langit sarta supaya wit-witan kang gedhe, yaiku kabeh kang nesep banyu akeh, aja padha nerusake anggone kumlungkung; amarga kabeh wus padha kaulungake marang pati, ing telenging bumi ing satengahe anak-anaking manungsa kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan.

15Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina tumurune marang ing jagading wong mati, samodra agung Sundhawuhi bela-sungkawa. Kali-kaline padha Sunendheg iline, satemah banyune kang gedhe banjur kabendung. Lan marga saka dheweke gunung Libanon Sundadekake manganggo bagor tuwin sakehe wit-witan ing alas Sundadekake alum lesu.

16Para bangsa kang krungu gumebruging ambruke, padha Sundamel gumeter, yaiku ing nalikane Ingsun nglebokake dheweke menyang ing jagading wong mati, lan banjur nunggal kalawan kabeh kang wus padha tumurun ing luwangan kuburan. Anadene sakehing wit-witan ing patamanan Eden, ing telenging bumi bakal rumangsa kalipur, yaiku wit-witan kang pinilih lan kang endah dhewe ing Libanon, kang nesep banyu akeh.

17Iku uga padha melu mudhun bebarengan menyang ing jagading wong mati, yaiku para wong mati kang kena ing pedhang, lan kabeh kang padha manggon ing pangaubane ana ing satengahing bangsa-bangsa kang uga wus mati.

18Mulane sira iku kena katandhing karo sapa ing panunggalane wit-witan ing patamanan Eden ing bab kamulyan lan kaluhuran? Sira bakal kaudhunake menyang ing telenging bumi bebarengan karo wit-witan ing patamanan Eden sarta bakal gumlethak ana ing satengahe para wong kang ora tetak, bebarengan karo para wong kang mati kena ing pedhang. Yaiku Pringon dalah sagolongane. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 31 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel