Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yehezkiel 34 >> 

Sang Yehuwah kang dadi pangene Israel kang utama, nglawan pangen-pangen kang ala

1Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2“He, anaking manungsa, sira medhara wangsit nglawan para pangone Israel, medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku, marang pangon-pangon iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Bilai para pangone Israel, kang ngengon awake dhewe! Kudune rak wedhus-wedhuse kang diengon dening para pangon iku?

3Sira padha ngombe susune, wulune sira gawe sandhangan, wedhus kang lemu sira beleh, nanging sira ora ngengon wedhus-wedhus iku.

4Kang ringkih ora sira kuwatake, kang lara ora sira tambani, kang tatu ora sira blebed, kang kesasar ora sira gawa bali, kang ilang ora sira goleki, dene kang kuwat sira idak-idak kalawan sawenang-wenang.

5Marga saka mangkono tumuli padha buyar, awit ora ana pangone, temah banjur padha dadi mangsaning sakehe kewan alas. Wedhus-wedhusingSun padha buyar

6lan padha kesasar ana ing sakehing gunung lan ing sakehing tengger kang dhuwur-dhuwur, malah ana ing saindenging tanah kono wedhusingSun anggone padha buyar, ora ana wong siji-sijia kang mreduli utawa nggoleki.

7Awit saka iku, he para pangon, padha ngrungokna pangandikane Sang Yehuwah:

8Demi Ingsun kang gesang, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon,

9awit saka iku he, para pangon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah:

10Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak kang bakal dadi mungsuhe para pangon iku lan Ingsun bakal mundhut baline para wedhusingSun sarta bakal Sunkendeli anggone dadi pangoning wedhusingSun. Pangon-pangon iku ora bakal padha lestari bisa ngengon awake dhewe; Ingsun bakal nguwalake wedhus-wedhusingSun saka ing cangkeme, satemah ora dadi pakane maneh.

11Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun piyambak bakal migatosake marang wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunpadosi.

12Kaya pangon kang nggoleki wedhuse kang pisah karo pepanthane mangkono anggoningSun bakal ngupadosi wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunluwari saka ing sakehing panggonan anggone padha kaulungake nalika dinane mendhung lan peteng.

13Bakal padha Sunirid metu saka ing satengahe para bangsa lan Sunklempakake saka ing nagara-nagara sarta Sunirid marang ing tanahe; Ingsun bakal ngengon wedhus-wedhusingSun iku mau ana ing gunung-gununge Israel, ana ing lebak-lebaking kaline lan ana ing papan panggonane wong kono kabeh.

14Bakal padha Sunengon ana ing ara-ara kang becik; papan pangonane ana ing gunung-gununge Israel kang dhuwur; ana ing papan pangonan kang becik iku anggone bakal padha njerum sarta kang dadi pakane suket kang seger ing gunung-gununge Israel.

15Ingsun piyambak kang bakal ngengon wedhus-wedhusingSun lan padha Sunpurih njerum. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

16Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.

17Sabanjure, he, sira wedhus-wedhusingSun, -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun bakal dadi hakim tumrap wedhus-wedhus iku, lan tumrap wedhus lanang kang gembel lan kang dudu gembel.

18Apa durung cukup tumrap sira, sira padha ngentekake suket ing ara-ara kang becik dhewe iku? Apa sira isih arep ngidak-idak ara-ara liyane kalawan sikilira? Apa durung cukup sira ngombe banyu kang bening iku? Apa sira isih arep mbuthekake kekarene kalawan sikilira?

19Apa wedhus-wedhusingSun kudune nyenggut suket kang wus sira idak-idak lan ngombe banyu kang wus sira buthekake kalawan sikilira?

20Awit saka iku -- mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah -- lah Ingsun piyambak bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus kang lemu lan kang kuru;

21sarehne kabeh kang ringkih padha sira sodhog kalawan lambungira lan baunira sarta sira bijig kalawan sungunira, nganti padha sira srudug metu saka ing kandhang.

22Mulane Ingsun bakal nulungi wedhus-wedhusingSun, supaya aja nganti dadi memangsan maneh, tuwin Ingsun bakal dadi hakim ana ing antarane wedhus-wedhus.

23Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone.

24Dene Ingsun, Yehuwah bakal dadi Allahe sarta abdiningSun Dawud bakal dadi raja ana ing satengahe. Ingsun, Yehuwah, kang ngandika mangkono.

25Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wedhus-wedhusingSun tuwin Ingsun bakal nyingkirake sakehe kewan galak saka ing tanah kono, satemah wedhus-wedhusingSun bisa manggon ana ing pasamunan kalawan ayem tentrem lan bisa turu ana ing alas.

26Ingsun bakal ndadosake wedhus-wedhus iku lan kabeh kang ana ing sakubenge gunungingSun dadi berkah; Ingsun bakal paring udan ing pepancene wektune; iku udan kang nggawa berkah.

27Wit-witan ing ara-ara bakal padha metokake wohe tuwin tanah iku bakal menehake pametune. Wedhus-wedhusingSun bakal urip kalawan ayem tentrem ana ing tanahe. Bakal padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun wus mutung kayuning pasangane lan ngluwari wedhus-wedhus iku saka ing tanganing wong kang ngawulakake.

28Ing kono banjur wus padha ora dadi rayahane para bangsa maneh lan kewan alasan ora bakal nubruk, satemah padha bisa manggon kalawan ayem tentrem sarta ora bakal digawe kaget dening apa bae.

29Ingsun bakal nganakake patamanan kang seger mbungahake, satemah ing tanah kono ora bakal ana wong kang mati kaliren, sarta ora ana maneh kang nandhang kawirangan kang saka ing para bangsa.

30Ing kono banjur bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah, Allahe, nunggil kalawan dheweke kabeh; turune Israel iku umatingSun. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

31Sira kabeh iku padha dadi wedhusingSun, wedhus kang padha Sunengen lan Ingsun iki Allahira. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yehezkiel 34 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel