Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 13 >> 

Sabuk kang mbebret

1Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Lungaa tuku sabuk lena, sarta ubedna ing lambungira, nanging aja sira celup ing banyu!”

2Aku tumuli tuku sabuk kaya dhawuhe Sang Yehuwah sarta dakubedake ing lambungku.

3Sawuse mangkono Sang Yehuwah ndhawuhake maneh:

4“Sabuk anggonira tuku lan kang sira anggo iku uculana! Menyanga ing bengawan Efrat sabuk iku umpetna ana ing lowahaning parang.”

5Aku tumuli lunga lan ngumpetake sabuk mau kaya dhawuhe Sang Yehuwah marang aku.

6Sawuse sawatara mangsa Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Enggal lungaa menyang ing bengawan Efrat, sabuk kang Sundhawuhake ngumpetake kae jupuken!”

7Aku nuli mangkat menyang bengawan Efrat, banjur ndhudhuk lan njupuk sabuk iku saka papane anggonku ngumpetake, nanging jebul iku wus mbebret, ora ana gunane kanggo apa-apa.

8Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku:

9“Mangkene anggoningSun bakal nyirnakake digang-digunge Yehuda lan Yerusalem.

10Bangsa kang ala iki, kang lumuh ngrungokake pangandikaningSun, kang mung nuruti tekading atine, ngetutwuri allah liyane lan ngabekti sarta sujud marang iku, bangsa iku bakal kaya sabuk kang wus ora ana gunane kanggo apa-apa iki.

11Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

Guci anggur kang dikepruk

12“Pangandika iki dhawuhna marang wong-wong iku: Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Saben guci kudu dikebaki anggur! Lan yen wong iku padha mangsuli: Kula rak sampun sami ngretos, yen saben guci kedah dipun kebaki anggur?

13Ing kono sira dhawuhana maneh: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Lah, sakehing wong ing nagara iki dalah para raja kang lungguh ing dhampare Dawud, para imam lan para nabi, apadene sakehe wong ing kutha Yerusalem bakal Sunendemi,

14tuwin bakal Sunadukumba nganti remuk; para bapa karo anak-anake, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Ingsun bakal nyirnakake wong-wong iku, ora Sunwelasi, ora Suneman lan ora Sunapura.”

Pepeling lan pangancam

15Mara rungokna, nilingna, aja gumunggung, amarga Sang Yehuwah wus ngandika.

16Sang Yehuwah, Gusti Allahmu iku luhurna, sadurunge Panjenengane ndadosake dina dadi peteng, sadurunge sikilmu kesandhung ana ing gunung-gunung, ing wanci repet-repet, ing sajrone kowe ngarep-arep padhang, nanging Panjenengane ndadosake padhang dadi peteng banget, dadi peteng ndhedhet.

17Manawa kowe padha lumuh ngrungokake, aku bakal nangis ana ing pasingidan marga saka gumunggungmu, luhku bakal kembeng-kembeng, malah nganti crocosan, jalaran pepanthaning wedhuse Sang Yehuwah digiring dadi boyongan.

18Sira matura marang Sang Prabu lan Sang Prameswari Ibu mangkene: “Kawula aturi lenggah ing papan ingkang andhap piyambak, amargi makuthaning kaluhuran paduka sampun rentah saking mastaka paduka!”

19Kitha-kitha ing Tanah Negeb sampun dipun inebaken gapuranipun, lan boten wonten tiyang satunggal-tunggala ingkang ngengakaken. Yehuda sampun kabucal sadaya kabandhang dhateng pambucalan sadaya.

20He Yerusalem, awasna lan sawangen ana wong kang padha teka saka lor! Ana ing ngendi pepanthan kewan kang diwenehake marang kowe, sarta wedhus-wedhus kang dadi kaluhuranmu?

21Kapriye kandhamu, samangsa wong-wong kang kokanggep dadi dhemenanmu, dijunjung dadi panggedhemu? Apa kowe ora katrajang lara kaya pasambate wong wadon kang lagi nglarani?

22Lan samangsa ana pitakon kang tuwuh ana ing atimu: “Yagene aku kataman kang kaya mangkene iki kabeh?” Amarga saka gedhening durakamu, mulane poncoting tapihmu dibiyak lan kowe dirodapeksa!

23Wong Etiopia apa bisa salin warna. utawa macan tutul apa bisa ngowahi tutule? He wong kang wus kepatuh gawe dosa, apa kowe bisa tumindak becik?

24Ingsun bakal ngabul-abul sira kaya mrambut, kang kabur ing angin ana ing ara-ara samun.

25Yaiku kang dadi nasibira, pandumanira, kang wus Suntimbang tumrap sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- amarga sira lali marang Ingsun lan mituhu marang dora-cara.

26Dene Ingsun uga bakal nyilakake poncoting tapihira nganti tekan rainira, temah katon kawiranganira.

27Anggonira laku jina lan pangringikira, pamblunthahira kang rusuh ana ing gunung-gunung lan ing ara-ara, Ingsun wus nguningani polah-tingkahira kang nistha iku. He Yerusalem, cilaka sira iku, nganti pira suwene maneh anggonira dadi suci?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel