Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 17 >> 

Perange batin Nabi Yeremia marga bangsa kang nglakoni dosa

1“Dosane Yehuda iku wus tinulisan kalawan pen wesi, kang lancipe inten, ingukir ana ing papaning atine lan ana ing sungu-sunguning misbyahe

2minangka pepeling tumrap para wong iku! -- Misbyah-misbyahe lan sesakaning brahalane pancen ana ing sandhinging wit kang nggrembel, ana ing tengger kang dhuwur,

3yaiku ing pagunungan ing ara-ara. -- Kasugihan lan sakehing raja-brananira bakal Sunparingake dadi rayahan minangka piwales tumrap ing dosanira ana ing saindenging tlatahira.

4Sira bakal kelangan tanah-pusakanira kang wus Sunparingake marang sira lan Ingsun bakal ndadekake sira dadi bature mungsuhira ana ing nagara kang durung sira sumurupi, amarga ing sajroning bebenduningSun genine wus murub kang bakal mulad-mulad ing salawase.”

5Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Kenaa ing ipat-ipat wong kang ngandelake marang manungsa lan karosane dhewe, sarta kang atine ngadoh saka Sang Yehuwah!

6Dheweke bakal kaya rerungkudan brindhil ing ara-ara samun, ora bakal ngrasakake tekaning kaanan kang becik; bakal manggon ing tanah garing ing pasamunan, ing tanah asin kang suwung.

7Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah, lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah!

8Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu, kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali, lan kang ora ngalami tekane panas sumelet, godhonge ajeg ijo, ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.

9Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa bae, atine wis kaya watu: sapa kang bisa nyumurupi kaanane?

10Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”

11Kayadene ayam-alas kang ngengremi dudu endhoge, mangkono kaanane wong kang ngeruk bandha, kanthi patrap kang ora kalal; nalika nedheng-nedhenge umure, bakal koncatan sakabehe, temah ing wekasaning umure kesuwur dadi wong gemblung.

12Dhuh Dhamparing kamulyan, ingkang luhur wiwit kina-makina, Padaleman Suci kita!

13Dhuh Sang Yehuwah, Pangajapipun Israel, sadaya tiyang ingkang nyingkur Paduka temtu kawirangan. Para tiyang ingkang sami nyimpang saking Paduka, badhe kasirnakaken saking nagari, amargi sami nilar tuking toya gesang, inggih punika Sang Yehuwah.

14Dhuh Sang Yehuwah, kawula mugi Paduka sarasaken, temah kawula badhe saras; kawula mugi Paduka wilujengaken, temah kawula badhe wilujeng, amargi Paduka punika pepujan kawula!

15Lah, tiyang punika sami wicanten dhumateng kawula: “Ana ing ngendi pangandikane Sang Yehuwah iku? Cikbene saiki teka!”

16Ewasamanten kawula boten nate ngajap dhumateng Paduka supados ndhatengaken bilai, kawula boten ngajeng-ajeng dhatengipun dinten karibedan; inggih Paduka punika ingkang nguningani punapa ingkang medal saking lambe kawula, sadaya kabeber wonten ing ngarsa Paduka.

17Paduka sampun ngantos dados pagiris tumrap kawula, Paduka punika dados pangauban kawula ing dinten bilai.

18Para tiyang ingkang sami mbujeng kawula, kajengipun nandhang wirang, nanging kawula sampun ngantos kawirangan; kajengipun sami giris, nanging kawula sampun ngantos giris. Dintening bilai nempuha dhateng para tiyang punika, saha sami Paduka sirnakna ngantos tikel.

Dina Sabat kudu disucekake

19Mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “Sira lungaa lan ngadega ana ing Gapura Anak Rakyat, kang diliwati mlebu metu dening raja-raja ing Yehuda, apadene ing sakehing gapura ing Yerusalem.

20Wong-wong iku padha sira dhawuhana mangkene: Dhuh para raja Yehuda, sakathahing tiyang Yehuda lan sakathahing tiyang Yerusalem ingkang mlebet medal langkung ing gapura punika! Sami mirengna pangandikanipun Sang Yehuwah!

21Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira padha diprayitna demi nyawanira! Aja memikul ing dina Sabat lan nggegawa iku ngliwati gapura-gapurane Yerusalem!

22Aja nggawa barang metu saka ing omahira ing dina Sabat lan aja nglakoni pagawean apa bae, nanging dina Sabat iku sira sucekna kaya kang wus Sundhawuhake marang leluhurira.

23Ewadene para leluhurira padha ora ngrungokake, lan ora nggatekake, nanging padha nekad mbeguguk, temah ora ngrungokake lan ora gelem nampani pepeling.

24Samangsa sira ngrungokake dhawuhingSun kalawan temen-temen, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --, lan ora nggawa mlebu samubarang liwat gapura-gapuraning kutha iki ing dina Sabat, nanging nucekake dina Sabat lan ora nglakoni pagawean ing dina iku,

25gapura-gapura iku bakal kaliwatan para raja lan para panggedhe, kang bakal lungguh ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan jaran: para ratu iku, para panggedhene, para wong Yehuda lan wong isine kutha Yerusalem. Sarta kutha iki bakal dienggoni ing wong ing salawase.

26Para wong saka ing kutha-kuthane Yehuda lan saka ing panggonan-panggonan ing sakubenge Yerusalem, saka tanahe Benyamin, lan saka Dhaerah Tengger, saka ing pagunungan sarta saka ing Tanah Negeb, kanthi nggawa kurban obaran, kurban sembelehan, kurban dhaharan lan menyan, ngaturake kurban pamuji sokur menyang ing padalemane Sang Yehuwah.

27Balik samangsa sira padha ora ngrungokake dhawuhingSun lan ora nucekake dina Sabat lan memikul samubarang mlebu ngliwati gapurane Yerusalem ing dina Sabat, ana ing gapura-gapura kono Ingsun bakal ngurubake geni, kang bakal mangsa puri-puri Yerusalem nganti tapis, lan kang ora bisa sinirep.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 17 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel