Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 22 >> 

1Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Sira mangkata menyang ing kadhatone Sang Nata ing Yehuda lan dhawuhna pangandika iki ana ing kono!

2Dhawuhna mangkene: He ratu Yehuda kang lungguh ing dhampare Dawud, sira, para punggawanira lan kawulanira kang lumebu liwat ing gapura-gapura kene!

3-- Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah --: Tumindaka kang adil lan bener; wong kang dirayah wewenange uwalna saka ing tangane kang nyiya-nyiya; sira aja nandukake panganiaya marang wong neneka, bocah lola lan randha, apadene aja ngwutahake getihe wong kang resik ana ing kene!

4Amarga yen sira padha bisa nindakake iku kabeh kalawan temen-temen, bakal kelakon para raja, kang bakal lungguh ana ing dhampare Dawud, padha nunggang kareta lan kaarak lumebu ing gapura-gapuraning kraton: para raja iku, para punggawane lan kawulane.

5Nanging manawa sira ora ngrungokake pangandika iki, Ingsun wus supaos demi Ingsun piyambak, -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, -- kraton iki bakal dadi jugrugan.

6Amargi makaten pangandikanipun Sang Yehuwah ing ngatasipun brayatipun Sang Nata ing Yehuda: Sira Sunanggep kaya Gilead, lan kaya pucake gunung Libanon! Nanging Ingsun mesthi bakal ndadekake sira dadi ara-ara samun, dadi kutha kang suwung.

7Ingsun bakal netepake juru pangrusak tumrap sira, kang padha nggawa gegamane dhewe-dhewe: Wong iku bakal padha negori wit eres kang dadi pepethinganira kang banjur dicemplungake ing geni.

8Lan samangsa akeh wong kang liwat ing kutha kene, iku bakal padha rerasanan: Yagene Sang Yehuwah nandukake kang kaya mangkene marang kutha kang gedhe iki?

9Wong bakal mangsuli: Amarga wus padha lali marang prasetyane Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan wus sujud nyembah marang allah liyane lan ngabekti marang iku.”

Pameca nglawan Sang Prabu Salum

10Sira aja nangisi wong mati, lan aja belasungkawa marga saka wong iku. Luwih becik sira nangisana kang wus lunga, amarga iku ora bakal bali maneh, lan ora bakal ndeleng tanah kelairane maneh.

11Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Salum bin Yosia, raja ing Yehuda, kang wus jumeneng raja, nggentosi Sang Prabu Yosia, kang rama, lan kang wus nilar tanah iki: “Dheweke ora bakal bali mrene maneh;

12nanging bakal mati ana ing tanah pambuwangan lan ora bakal ndeleng nagara iki maneh.”

Pameca nglawan Sang Prabu Yoyakim

13Bilai wong kang mbangun kratone adhedhasar kang ora adil, lan pandhapane gedhe adhedhasar pratingkah kang daksiya, lan kang magawekake pepadhane kanthi lelahanan sarta ora menehi pituwase,

14kang celathu: “Aku arep ngedegake kraton, kang gedhe amba lan pandhapane kang jembar bawera!” Temboking kraton banjur dietrapi cendhela-cendhela blabaging kraton kang kagawe kayu eres, sarta dicet abang.

15Apa panganggepira sira iku raja, manawa padha rebut unggul bab migunakake kayu eres? Bapakira rak uga mangan lan ngombe, lan oleh kanikmatan? Nanging iku nindakake kaadilan lan kabeneran,

16sarta mutusi prakarane wong sangsara lan wong miskin kalawan adil. Rak iku arane nganggep marang Ingsun? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

17Nanging mripat lan atinira mung ngarah marang kauntungan, ngwutahake getihe wong kang ora luput, sarta nindakake pameres lan panganiaya.

18Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, raja ing Yehuda: “Wong ora bakal nangisi dheweke: Adhuh lae kakangku! Adhuh lae mbakyuku! Wong ora bakal nangisi dheweke: Adhuh lae gusti! Adhuh lae panjenengan dalem!

19Anggone kakubur patrape bakal kaya mendhem kuldi, dilarak lan dibuwang ing sajabaning gapurane Yerusalem.”

Pameca nglawan Sang Prabu Khonya

20Sira munggaha ing gunung Libanon lan nguwuh-uwuha! Ulukna swaranira ana ing pagunungan Basan! Nguwuh-uwuha saka ing pagunungan Abarim, amarga sakehe kang padha sira tresnani wus padha tumpes!

21Ingsun wus ngandika marang sira nalika sira santosa, nanging sira mangsuli: “Aku emoh ngrungokake!” Kaya mangkono tindak-tandukira wiwit nalika nom-nomanira, amarga sira emoh ngrungokake dhawuhingSun!

22Sakehe wong kang ngengon sira bakal kabur dening prahara, lan para kang sira tresnani bakal diangkat dadi wong tawanan. Ing kono sira bakal nandhang wirang lan camah amarga saka sakehing pialanira.

23He sira kang manggon ana ing gunung Libanon, lan nusuh ana ing wit-wit eres! Saiba bakal pasambatira, samangsa sira nandhang lara, nandhang lara kang rasane kaya wong wadon kang lagi nglarani.

24Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Demi Ingsun agesang, malah sanadyan Khonya bin Yoyakim, raja ing Yehuda iku dadi sesupe cap ana ing astaningSun tengen, ewadene sira bakal Suncopot!

25Ingsun bakal masrahake sira marang tangane para wong kang padha ngarah nyawanira, marang tangane wong kang sira eringi, marang ing tangane Nebukadnezar, raja ing tanah Babil, sarta marang ing tangane wong Kasdim.

26Ingsun bakal mbucal sira lan ibunira kang nglairake sira menyang ing nagara liya kang dudu tanah kalairanira; sira bakal mati ana ing kana.

27Nanging wong iku ora bakal padha mulih menyang ing nagara kang diengen-engen supaya bisa bali mrana!”

28Khonya iku rak barang kang remeh kang bakal diremuk dening wong, utawa grabah kang ora disenengi ing wong? Yagene dheweke kok dibanting lan dibuwang, menyang ing nagara, kang ora disumurupi?

29He nagara, nagara, nagara! Rungokna pangandikane Sang Yehuwah.

30Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Wong iku catheten ora duwe anak, wong lanang kang ora tau oleh begja ing sajroning uripe, marga turune ora ana siji-sijia kang bisa nglungguhi dhampare Dawud lan nyekel paprentahan ing Yehuda maneh!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 22 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel