Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 23 >> 

Prasetya bab Trubusane Sang Prabu Dawud kang adil

1“Bilai para pangon kang ngetogake bae wedhus-wedhus ngonngonaningSun padha ilang lan buyar!” -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

2Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel marang para pangon kang ngengon bangsaku, mangkene: “Sira wus ngetogake bae wedhus-wedhusingSun buyar lan pating slebar, ora sira reksa. Mulane wruhanira, Ingsun bakal males marang sakehing panggawenira kang ala, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

3Lan Ingsun piyambak bakal ngempalake kekarene wedhus-wedhusingSun saka ing tanah anggoningSun mbuyarake lan bakal nggiring bali menyang ing pangonane maneh; iku banjur bakal tangkar-tumangkar lan wuwuh akeh.

4Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku, temah ora padha wedi maneh, ora kaget, sarta ora ana siji-sijia kang ketriwal. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

5Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.

6Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.

7Mulane, -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah --, lah bakal tumeka ing wektune wong ora muni mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake Israel saka ing tanah Mesir!,

8nanging mangkene: Demi Sang Yehuwah agesang kang ngirid lan ngulihake tedhak turune Israel metu saka ing tanah lor lan saka sakehing nagara, anggone Panjenengane mbuyarake wong-wong iku, sarta iku banjur bakal padha manggon ana ing tanahe dhewe.”

Nglawan para nabi palsu

9Bab para nabi. Atiku remuk sajroning dhadhaku. Sakehing balungku gograg. Kaananku kaya wong mendem, kaya wong lanang kang keladuk anggone ngombe anggur, awit saka Sang Yehuwah lan pangandikane kang suci.

10Nagara wus kebak wong laku jina; sanyata marga saka ipat-ipat iki nagara iki dadi garing, lan suket-suket ing ara-ara padha alum; kang diburu mung piala, lan karosane iku anggone padha ora adil.

11“Sanyata, nabia, imama padha dursila; ana ing padalemaningSun Ingsun uga nrenjuhi pialane. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

12Mulane dalan kang diambah para wong iku bakal kaya dalan kang lunyu; ana ing petengan bakal padha kesandhung lan tiba ana ing kono, amarga Ingsun bakal ndhatengake bilai tumrap para wong iku ing sajroning taun nalika padha kaukum. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13Ing kalangane para nabi ing Samaria, Ingsun nguningani ana kang ora patut, padha meca demi Baal lan padha nasarake umatingSun Israel.

14Nanging ing kalangane para nabi ing Yerusalem Ingsun nguningani pokal kang rusuh, padha laku jina lan tumindak ora jujur, padha mangkotake atine wong kang nindakake piala, temah ora ana wong kang mratobat saka kadursilane. Kabeh wus padha dadi kaya Sodom tumrap Ingsun, sarta para kang manggon ing kono kaya Gomora.”

15Marga saka iku pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, tumrap para nabi iku mangkene: “Lah, Ingsun bakal maringi pangan butrawali lan omben-omben racun marang wong-wong iku, awit marga saka para nabi ing Yerusalem iku, kadursilan wis ngembrah ana ing saindenging nagara.”

16Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi: “Aja ngrungokake tembunge para nabi kang memeca marang sira! Wong-wong iku mung aweh pangarep-arep kang kothong marang sira, lan mung medharake wangsit akal-akalane dhewe, kang tekane ora saka lesane Sang Yehuwah.

17Wong iku padha kandha marang wong kang padha nyampahi sabdane Sang Yehuwah: Kowe bakal padha slamet! lan marang sadhengah wong kang mbeguguk nuruti tekading atine, kandhane mangkene: Kowe ora bakal nemu bilai!”

18Awitdene sapa ta kang nekseni pirembagane Sang Yehuwah, temah bisa nggatekake lan krungu pangandikane? Sapa kang nggatekake lan ngrungokake iku?

19Mara delengen, praharaning Sang Yehuwah, yaiku bentering bebendune, wus metu nyamber-nyamber, -- angin lesus -- lan tumiba nempuh sirahe para wong duraka.

20Bebendune Sang Yehuwah ora bakal mendha, nganti Panjenengane wus nindakake lan mujudake apa kang wus rinancang ana ing panggalihe; ing dina-dina kang wekasan sira bakal mangreti prakara iku temenan!

21“Ingsun ora ngutus para nabi iku, ewadene padha mempeng, Ingsun ora paring pangandika marang para wong iku, ewadene padha memeca.

22Saupama padha nunggoni anggoningSun pirembagan, mesthi padha nglairake pangandikaningSun marang para umatingSun, lan padha ngajak bali umatingSun saka ing tindak-tanduke kang ala tuwin panggawene kang dursila.

23Ingsun rak dudu Allah kang mung ana ing cedhakan, nanging kang ana ing kadohan uga. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

24Saupama ana wong kang umpetan ana ing pasingidan, apa Ingsun ora pirsa? -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. -- Apa dudu Ingsun kang ngebeki langit lan bumi? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

25Ingsun wus miyarsa apa kang dikandhakake para nabi, kang memeca goroh demi asmaningSun, sarana pangucape: Aku wis ngimpi, aku wis oleh impen!

26Nganti sapira suwene bab iku ana ing batine para nabi, kang doracara lan medharake saka pangothak-athike dhewe,

27kang ngrantam supaya umatingSun padha lali marang Ingsun kalawan impen-impen, kang dikandhakake nabi siji marang sijine, padha kayadene para leluhurira, kang lali marang asmaningSun marga saka Baal?

28Nabi kang oleh impen, kareben ngandhakake impene, lan kang tampa pangandikaningSun iya kareben ngabarake pangandikaningSun ing sabenere! Apa ana gandheng-cenenge dami karo gandum? Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

29PangandikaningSun rak prasasat geni, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- lan kaya palu kang ngremuk gunung parang?

30Mulane, lah Ingsun bakal nglawan para nabi kang padha nyolong pangandikaningSun saka kancane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

31Satemene Ingsun bakal nglawan para nabi kang ngempakake ilate kanthi sawenang-wenang kanggo ngandharake pangandikaning Allah. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

32Lah, Ingsun bakal nglawan para nabi, kang medharake impene kang goroh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; -- lan kang padha ngandhakake iku lan nasarake umatingSun kalawan anggone goroh lan umuk. Ingsun iki ora tau ngutus lan dhawuh marang para wong iku. Wong-wong iku ora ana gunane babar pisan tumrap bangsa iki. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

33Samangsa bangsa iki, nabia, imama, pitakon marang sira: Pangandika apa kang diemotake dening Sang Yehuwah? Nuli wangsulana mangkene: Iya kowe iku momotane! Mulane sira bakal Sunbuwang saka ing nagaraningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --.

34Dene nabi utawa imam utawa rakyat kang isih ngrembug bab Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, Ingsun bakal ndhawahake piwales marang wong iku dalah kulawargane.

35Kang kudu sira kandhakake, siji-sijine marang kancane utawa sadulure: Kapriye paring wangsulane Sang Yehuwah?, utawa: Apa pangandikane Sang Yehuwah?

36Nanging Sabda kang diemotake dening Sang Yehuwah, aja kokkandhakake maneh, awit kang dadi momotane saben wong yaiku tembunge dhewe, amarga kowe wus padha ngowahi pangandikane Gusti Allah kang gesang, Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, Gusti Allah kita.

37Sira kandhaa marang para nabi mangkene: Kapriye dhawuh wangsulane Sang Yehuwah marang kowe utawa: Apa pangandikane Sang Yehuwah?

38Nanging manawa sira isih ngucapake bab Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sarehne sira isih ngandhakake isining Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah, sanadyan Ingsun ngutus wong marang sira supaya mratelakna: aja rembugan bab Sabda, kang diemotake dening Sang Yehuwah,

39mulane, lah Ingsun bakal nyepeng lan mbuwang sira saka ing ngarsaningSun, sira lan kuthanira kang wus Sunparingake marang sira lan leluhurira iku.

40Ingsun bakal maringi cacadan lan kawirangan kang langgeng marang sira kang ora bakal kalalekake.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 23 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel