Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 36 >> 

Kitab pamecane Nabi Yeremia kaobong dening Sang Prabu Yoyakim

1Nalika ing taun kangkaping pate paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene:

2“Njupuka layang gulungan tulisen ana ing kono sakehing pangandika kang Sundhawuhake marang sira tumrap Israel, Yehuda lan sakehing bangsa, wiwit nalika Ingsun medhar pangandika marang sira, yaiku wiwit jamane Yosia, nganti saprene.

3Samangsa turune Yehuda krungu bab sakehing bilai, kang Sunrancang bakal Suntandukake marang wong-wong iku, bokmanawa siji-sijine bakal mratobat saka polah-tingkahe kang ala, temah Ingsun ngapura kaluputan lan dosane.”

4Dadine Nabi Yeremia banjur ngundang Barukh bin Neria, Barukh nuli nulisi ana ing layang gulungan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika, kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah.

5Ing sawijining dina Nabi Yeremia dhawuh marang Barukh mangkene: “Aku iki lagi ana alangan ora bisa munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah.

6Dadine ing dina puwasa kowe bae kang macakake pangandikane Sang Yehuwah saka ing gulungan kang koktulis terus bae saka ing cangkemku iku marang wong akeh ana ing padalemaning Sang Yehuwah; iku sira wacakna uga marang sakehe wong Yehuda kang teka saka ing kutha-kuthane.

7Bokmanawa pasambate sumengka ing ngarsane Sang Yehuwah, banjur sawiji-wijine padha mratobat saka ing polah-tingkahe kang ala iku, amarga gedhe bebendune lan mulad-mulading deduka kang diagem ngancam dening Sang Yehuwah marang bangsa iki.”

8Barukh bin Neria nindakake ceples kaya kang kadhawuhake Nabi Yeremia, yaiku macakake pangandikane Sang Yehuwah saka kitab iku ana ing padalemane Sang Yehuwah.

9Dene nalika ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasanga, diundhangake puwasa ana ing ngarsane Sang Yehuwah tumrap sakehing wong ing Yerusalem lan rakyat kabeh kang teka ing Yerusalem saka ing kutha-kutha Yehuda.

10Barukh nuli macakake pangandikane Nabi Yeremia saka ing kitab iku marang rakyat kabeh ana ing padalemane Sang Yehuwah, ing kamare Gemarya, anake panitra Safan, ana ing plataran ndhuwur, ing sangareping gapuraning padalemane Sang Yehuwah kang anyar.

11Bareng Mikhaya bin Gemarya bin Safan krungu sakehing pangandika saka ing kitab mau,

12banjur mudhun menyang ing kratone Sang Prabu menyang ing kamare panitra. Ing kono katon sakehing panggedhe padha lenggahan yaiku: panitra Elisama, Delaya bin Semaya, Elnatan bin Akhbor, Gemarya bin Safan, Zedhekia bin Hananya lan sakehing panggedhe liyane.

13Mikhaya banjur ngaturi pirsa marang para panggedhe mau sakehing pangandika kang dirungu, nalika Barukh macakake kitab iku marang wong akeh.

14Para panggedhe mau tumuli dhawuh marang Yehudi bin Netanya bin Selemya bin Kusyi supaya matur marang Barukh: “Gulungan kang mentas kokwacakake marang wong akeh iku gawanen lan mrenea!”

15Barukh tumuli mara karo nggawa gulungan mau. Dhawuhe para panggedhe: “Lungguha lan iku wacakna marang aku kabeh!”

16Bareng para panggedhe krungu pangandika iku kabeh, banget kagete lan banjur padha sapocapan: “Kita kedah enggal-enggal ngaturaken sakathahing pangandika punika dhateng Sang Prabu!”

17Banjur padha takon marang Barukh, tembunge: “Tutura marang aku kabeh, kapriye carane anggonmu nulis sakehing pangandika iki!”

18Wangsulane Barukh marang wong-wong iku: “Sakathahing pangandika punika kula tampi lajeng kemawon saking tutukipun Nabi Yeremia, lajeng kula serati mawi mangsi wonten ing kitab.”

19Para panggedhe nuli celathu marang Barukh: “Lungaa lan ndhelika bareng karo Nabi Yeremia! Aja nganti ana wong kang nyumurupi panggonanmu!”

20Para panggedhe mau banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu ana ing plataran, sawise gulungan mau disinggahake ana ing kamare panitra Elisama. Nuli ngaturake pangandika iku kabeh marang Sang Prabu.

21Sang Prabu banjur dhawuh marang Yehudi mundhut layang gulungan mau saka ing kamare panitra Elisama. Yehudi nuli macakake kitab iku marang Sang Prabu lan sakehing panggedhe kang padha ngadeg ana ing sandhinge Sang Prabu.

22Nalika iku pinuju sasi kasanga lan Sang Prabu lagi lenggah ana ing bale kanggo mangsa atis; rada kepara ngarsane Sang Prabu ana geni prapen murub.

23Saben-saben Yehudi rampung pamacane oleh telu utawa patang kaca, Sang Prabu nyebit-nyebit layang iku mawa lading pangirisan, banjur kabucal ing prapen, nganti layang gulungan iku entek kaobong ana ing prapen mau.

24Sang Prabu apadene para punggawane kang padha mireng pangandika iku ora ana kang kejot utawa nyuwek-nyuwek pangagemane.

25Sanadyan Elnatan, Delaya lan Gemarya wus padha ngaturi supaya aja mbesmi layang gulungan iku, ewadene Sang Prabu ora karsa ndhahar ature.

26Sang Prabu malah dhawuh marang Pangeran Yerahmeel, Seraya bin Azriel lan Selemya bin Abdeel supaya nyekel jurutulis Barukh lan Nabi Yeremia, nanging Sang Yehuwah ngumpetake wong loro mau.

27Sawuse Sang Prabu mbesmi gulungan kang ngemot pangandika kang ditulis dening Barukh katampan saka ing lesane Nabi Yeremia iku, Sang Yehuwah paring pangandika marang Nabi Yeremia mangkene:

28“Njupuka gulungan liyane tulisana sakehing pangandika, kang ana ing gulungan kang dhisik lan kang wus diobong dening Yoyakim, ratu ing Yehuda kae.

29Yoyakim, ratu ing Yehuda iku sira tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira wus ngobong gulungan iku sarta kandha: Geneya sira nulis ana ing kono, manawa ratu ing Babil mesthi bakal teka nyirnakake nagara kene lan mbengkas manungsa lan kewan ing kono?

30Amarga saka iku -- makaten pangandikanipun Sang Yehuwah tumrap Sang Prabu Yoyakim ratu ing Yehuda --: Dheweke ora bakal duwe turun kang nglungguhi dhampare Dawud, lan mayite bakal gilang-gilang, temah kepanasan ing wayah awan lan kadhemen ing wayah bengi.

31Ingsun bakal ngukum dheweke, tedhak turune lan para kawulane marga saka kaluputane; Ingsun bakal ndhatengake marang wong-wong iku, marang sakehe wong kang manggon ing Yerusalem tuwin marang wong Yehuda sakehing bilai kang wus Sunagem ngancam wong iku kabeh, nanging pangandikaningSun ora dirungokake.”

32Nabi Yeremia nuli mundhut gulungan liyane lan diparingake marang panitra Barukh bin Neria, kang nulisi kang katampan terus bae saka ing lesane Nabi Yeremia sakehing pangandika kang kamot ana ing layang kang wus diobong dening Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda iku. Apa maneh isih diwuwuhi pangandika akeh tunggale iku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 36 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel