Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 4 >> 

1Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel! Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun, lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake, sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun.

2Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran: Demi Sang Yehuwah kang gesang, para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”

3Ujer Sang Yehuwah ngandika marang wong ing Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem mangkene: “Sira mbukaka palemahan anyar kanggo sira lan aja nyebar ing tengahing eren.

4Padha tetaka lumadi marang Sang Yehuwah, lan ikuting atinira buwangen, he wong Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem, supaya bebenduningSun aja mulad-mulad kaya geni, lan murub makantar-kantar, lan ora ana wong kang nyirep, marga saka panggawe-panggawenira kang ala!”

Yehuda diancam saka ing lor

5Wartakna ing tanah Yehuda, lan kabarna ing kutha Yerusalem: Ngunekna kalasangka ana ing jero nagara, nguwuh-uwuha kang seru: “Padha ngumpula, payo padha ngungsi menyang ing kutha-kutha kang santosa!”

6Banderane adegna ngener marang kutha Sion, ngungsia dienggal, aja mung padha meneng bae! Amarga Ingsun ndhatengake bilai saka lor lan karusakan kang gedhe.

7Singa wus jumedhul saka ing grumbulan. Kang ngrusak para umat wus mangkat, wus metu saka ing panggonane, arep gawe cengkaring nagaranira; kutha-kuthanira bakal padha didadekake jugrugan, ora ana kang ngenggoni.

8Mulane manganggoa sandhangan bagor, nangisa lan sesambata, amarga bebendune Sang Yehuwah kang mulad-mulad ora bakal mendha saka ing kita.

9Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Ing wektu iku para raja lan para panggedhe bakal kelangan krekat, para imam bakal padha kagawokan lan para nabi padha kaeraman,

10sarta padha ngucap: Dhuh Pangeran Yehuwah, sayektos, Paduka sampun damel kacelikipun bangsa punika, lan para ingkang manggen ing Yerusalem klayan pangandika Paduka ingkang makaten: Sira padha oleha tentrem rahayu, mangka jebul pedhang ingkang ngancam nyawa kawula sadaya!”

11Ing wektu iku bakal dikandhakake marang bangsa iki lan wong kang manggon ing Yerusalem: “Angin panas saka ing tengger-tengger gundhul ing sagara wedhi midid marang ing putrining umatingSun, dudu angin kang napeni lan ngresiki,

12nanging angin kang banter kang tekane marga saka dhawuhingSun. Saiki Ingsun piyambak bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku.”

13Delengen anggone munggah kaya lakuning mendhung, karetane perang rikate kaya prahara, jarane cukate ngluwihi manuk garudha. Adhuh cilaka aku, awit aku padha disirnakake!

14He Yerusalem, atinira resikana pialane, supaya sira oleh kaslametan! Isih pira suwene pangrantamira kang ala anggone andhok ana ing atinira?

15Rungokna! Wong alok-alok saka ing Dhan, martakake bilai saka ing pagunungan Efraim.

16Para bangsa padha elingna: Iku teka temenan! Wartakna ing Yerusalem: “Wong kang ngepung teka saka ing tanah kang adoh, padha ngulukake swarane marang kutha-kuthane Yehuda.

17Patrape kaya wong kang tunggu pategalan, ngubengi saka ing keblat papat; amarga Yehuda wus mbalela marang Ingsun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

18Tindak-tandukira lan panggawenira kang njalari iku kabeh nempuh marang sira. Iku nasibira kang ala, sapira paite, nganti njojoh atinira.”

19Adhuh, dhadhaku, dhadhaku! Aku lara kaya rinemet-remet! Adhuh, pagering jantungku! Jantungku dheg-dhegan, aku ora bisa lerem, amarga aku krungu swaraning kalasangka, gumuruhing perang.

20Gempuran-gempuran kawartakake, saindenging nagara dirusak, kemahku dirusak dadakan samono uga tendhaku mung sakedhap netra.

21Isih pira suwene maneh aku ndeleng bandera iku, lan krungu swaraning kalasangka iku?

22“UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.”

23Aku ndeleng bumi, lah wus worsuh lan suwung, lan aku tumenga marang ing langit, padhange wus sirna.

24Aku ndeleng gunung-gunung, lah padha gonjang-ganjing, lan sakehing tengger-tengger padha horeg.

25Aku ndeleng, jebul wus ora ana manungsa, lan sakehing manuk ing awang-awang padha mabur ngilang.

26Lah aku ndeleng tanah kang maune subur jebul wus dadi pasamunan, lan sakehing kuthane wus padha jugrug ana ing ngarsane Sang Yehuwah, marga saka bebendune kang mulad-mulad!

27Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Saindenging nagara iki bakal dadi sepi mamring, nanging Ingsun ora bakal nyirnakake iku babar pisan.

28Marga saka bab iki bumi bakal nandhang susah, lan langit ing dhuwur bakal dadi peteng amarga Ingsun wus ngandika lan wus ngrancang bab iku, Ingsun ora bakal keduwung lan ora bakal murungake iku.”

29Marga saka gumredeging bala jaranan lan prajurit panahan, wong sanagara bakal padha ngungsi kabeh. Padha lumebu ing grumbulan lan munggah ing tengger parang-parang; saben kutha wus padha suwung, lan ora ana wong siji-sijia kang manggon ana ing kono.

30Lan kowe kang padha kasirnakake apa kang arep koklakoni, geneya kowe padha manganggo jarit jingga, lan pepasren emas, apadene mripatmu celakan? Tanpa guna anggonmu ngadi sarira, bedhanganmu padha nampik kowe, malah padha ngarah nyawamu.

31Amarga aku krungu swara kaya sambate wong wadon nglarani, swarane sesek kaya swaraning biyung kang nglairake anake tembean, swaraning putri ing Sion kang krenggosan, kang ngegarake tangane: “Adhuh, cilaka aku, amarga aku sirna ana ing ngarepe wong kang padha gawe pepati!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel