Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 41 >> 

1Nalika sasi kapitu Sang Israel bin Netanya bin Elisama -- panjenengane iku tedhaking ratu lan dadi prawira-agunging ratu -- kanthi wong sepuluh sowan marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam ana ing Mizpa. Ing nalika semana padha kembul dhahar roti ana ing Mizpa.

2Sang Ismael bin Netanya klawan kancane sepuluh kang padha ndherek mau banjur padha nyedani Sang Gedalya bin ahikam bin Safan kalawan pedhang; kaya mangkono anggone Sang Ismael nyedani panjenengane, sawuse ditetepake dening Sang Nata ing Babil mengku nagara iku.

3Sakehing wong Yehuda kang padha nunggal karo Sang Gedalya ing Mizpa lan para wong Kasdim, yaiku para prajurit kang tinemu ana ing kono, uga dipateni dening Sang Ismael.

4Esuke sawise nyedani Sang Gedalya -- ing kala semana durung ana kang nyumurupi --

5ana wong saka Sikhem, Silo lan Samaria, cacahe wolung puluh, kang padha cukur jenggot, panganggone rowak-rawek, lan awake pating glaret; wong iku padha nggawa kurban dhaharan lan menyan arep disaosake ana ing padalemane Sang Yehuwah.

6Sang Ismael bin Netanya nuli medal saka Mizpa methukake para wong mau kambi muwun. Bareng ketemu karo wong iku pangandikane marang wong-wong iku: “Sowana marang ngarsane Sang Gedalya bin Ahikam!”

7Nanging bareng wong-wong mau padha tekan ing tengah kutha, padha disembelehi dening Sang Ismael bin Netanya dibiyantu dening wong kang padha ndherekake; mayit-mayite diuncalake menyang ing sumur.

8Nanging panunggalane ana sepuluh kang matur marang Sang Ismael: “Kula mugi sampun panjenengan pejahi, amargi kula taksih gadhah tandhon ingkang kula dhelikaken wonten ing jawi kitha inggih punika: gandum, sir, lisah tuwin maben!” Dadine padha dieman, ora dipateni bareng karo kanca-kancane.

9Dene sumur panggonane Sang Ismael nguncalake mayit-mayite para wong kang padha dipateni mau, sumur gedhe yasane Sang Prabu Asa kanggo nanggulangi Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel; sumur iku diiseni mayit-mayite wong kang padha dipateni Sang Ismael bin Netanya.

10Sang Ismael banjur nawan kabeh kekarening rakyat kang ana ing Mizpa: para putrine Sang Prabu lan sakehing wong kang isih kari ana ing Mizpa kang didadekake reh-rehane Sang Gedalya bin Ahikam dening Sang Nebuzaradan, panggedhening prajurit pengawal; Sang Ismael bin Netanya nawan para wong iku lan banjur sumedya sumingkir menyang ing tlatahe bani Amon.

11Nanging Sang Yohanan bin Kareah dalah para prawiraning wadya-bala kang padha krungu bab pokal gawene Sang Ismael bin Netanya mau,

12banjur padha nglumpukake balane kabeh mangkat mangsah perang nglawan Sang Ismael bin Netanya. Katututan ana ing telaga ing Gibeon.

13Bareng sakehing rakyat kang padha ndherek Sang Ismael padha ndeleng Sang Yohanan bin Kareah apadene sakehe wadya-bala, padha seneng atine.

14Sakehing wong kang ditawan dening Sang Ismael saka ing Mizpa, iku padha mbalik ndherek Sang Yohanan bin Kareah.

15Nanging Sang Ismael bin Netanya kanthi wong wolu bisa oncat saka ing astane Sang Yohanan lan ngungsi menyang tlatah Amon.

16Sang Yohanan bin Kareah lan sakehe prawiraning wadya-bala kang padha ndherek, nglumpukake sakehe kekarening rakyat kang kabandhang dadi tawanan dening Sang Ismael bin Netanya saka ing Mizpa, sawise nyedani Sang Gedalya bin Ahikam, yaiku para wong lanang, para prajurit, para wong wadon, bocah-bocah lan para punggawa kraton kang digawa bali saka Gibeon;

17nuli padha mbacutake lakune lan leren ana ing pondhokan darbeke Kimham ing sacedhake Betlehem, sedyane arep terus menyang ing tanah Mesir,

18kanggo nyingkiri wadya-bala Kasdim kang diwedeni, amarga Sang Ismael wus nyedani Sang Gedalya bin Ahikam, kang wus kaangkat dening ratu ing Babil dadi kang mengku nagara iku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 41 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel