Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 48 >> 

Tumrap Moab

1Tumrap Moab. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Bilai Nebo, amarga kutha iku wus karusak! Kiryataim wus kawirangan lan wus karebut! Kutha-beteng iku kawirangan lan giris!

2Kamulyane Moab wus sirna! Ana ing Hesybon wong ngrantam bilai tumrap kutha iku: Payo padha disirnakake bangsa iku! He Madmen, uga sira bakal dibungkem, sira bakal kaoyak-oyak dening pedhang.

3Rungokna! Pasambat saka ing Horonaim: Karusakan! Gempuran gedhe!

4Moab wus digempur nganti lebur, pasambating wong keprungu nganti tekan Zoar.

5Lah, wong padha munggah ing unggah-unggahan Luhit karo nangis. Lah, ing dalan udhun-udhunan menyang Horonaim, keprungu pasambat marga tinempuh ing sangsara.

6Lumayua, ungsekna nyawanira; dadia kaya kuldi alas ing pasamunan!

7Lah, sarehne sira ngendelake betengira, lan kasugihanira, sira uga bakal karebut. Kamos bakal menyang ing pambuwangan, bareng karo para imam lan panggedhene.

8Juru pangrusak bakal nekani saben kutha, ora ana kutha kang bisa oncat! Lebak bakal rinusak, tanah ngare sirna babar pisan, kaya kang dadi pangandikane Sang Yehuwah.

9Moab wenehana swiwi, supaya bisa lunga mabur; kutha-kuthane bakal dadi sepi mamring, ora ana wong kang manggon ing kono maneh.

10Kenaa ing ipat-ipat wong kang nindakake ayahane Sang Yehuwah kanthi sembrana, lan kenaa ing ipat-ipat wong kang menggak pedhange anggone ngwutahake getih!

11Moab uripe tentrem wiwit nom-nomane, uripe ayem kaya anggur meneb ana ing endheg-endhege, ora diiling saka ing wadhah kang siji marang ing sijine, ora tau klebu ing pambuwangan, mulane rasane ora malih lan gandane ora owah.

12Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- Ingsun bakal ngutus para tukang kang bakal ngiling nyuntaki wadhah-wadhahe lan ngremuk guci-gucine.

13Dene Moab bakal kawirangan marga saka Bathara Kamos, padha kayadene turune Israel anggone kawirangan marga saka Betel, kang dadi andel-andele.

14Kapriye dene sira wani ngucap: Aku kabeh iki pahlawan, wong kang gagah prakosa tumrap ing perang!

15Juru pangrusak wus nempuh nagara Moab dalah kutha-kuthane, para nom-noman pilihan wus padha kasembelehan, -- mangkono pangandikane Sang Prabu kang asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. --

16Bilaine Moab wus meh teka, kasangsarane enggal bakal nekani.

17He wong kang ana ing saubenge, padha nangisana, he wong kang padha weruh jenenge! Kandhakna: Lah tetengering pangwasane, tekening kamulyan wus putung!

18He putri ing Dibon kang wis suwe manggon ana ing kono, lengsera saka ing kaluhuranira lan lungguha ing tlethongan! Amarga juru pangrusak Moab wus mangsah nempuh sira, sarta nyirnakake panggonan-panggonanira kang ana balowartine.

19He para wong ing Aroër, ngadhanga ing pinggir dalan lan ngungaka! Takona marang kang padha keplayu lan bisa oncat, takona, apa kang wus kelakon!

20Moab wus kawirangan, amarga giris. Nangisa lan sesambata, wartakna ana ing kali Arnon: Sanyata, nagara Moab wus rusak!

21Tanah lempar kang dhuwur wus padha katibanan paukuman, uga kutha-kuthane: Holon, Yahas, Mefaat,

22Dibon, Nebo, Bet-Diblataim,

23Kiryataim, Bet-Gamul, Bet-Meon, Keriot, Bozra

24lan sakehing kutha-kutha ing tanah Moab kang adoh lan kang cedhak.

25Sungu kekuwataning Moab wus putung, sarta bau panguwasane wus pepes! Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

26Dheweke endemana, amarga ngegungake awake dhewe ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Moab bakal glimpangan ana ing utah-utahane, lan dheweke dhewe uga bakal dadi pepoyokaning wong.

27Apa maune dudu Israel kang dadi poyokan? Apa dheweke ana ing satengahe para maling, nganti dene sira gedheg-gedheg, saben sira ngrembug dheweke?

28He wong ing tanah Moab, tinggalen kutha-kuthanira lan manggona ana ing gunung parang! Dadia kaya manuk dara kang nusuh ana ing cangkeming guwa.

29Aku wus padha krungu bab gumunggunge Moab, -- banget anggone kumlungkung, -- bab kumingsune, gumunggunge lan kumlungkunge, sarta gumedhene atine!

30Ingsun wus nguningani kumenthuse, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- ora bener tembunge, ora patut solah-tingkahe.

31Mulane aku arep nangisi Moab, arep sesambat marga saka Moab kabeh lan ngadhuh-adhuh marga saka wong Kir-Heres!

32Aku bakal nangisi kowe, ngluwihi anggonku nangisi Yaezer he wis anggur Sibma! Elung-elungmu mrambat tekan ing sagara, nggedhabyah tekan ing Yaezer. Si pengrusak wus ambruk nibani panenanmu mangsa katiga lan oleh-olehaning anggurmu.

33Sukarena lan giyak-giyak wus sirna, saka kebon woh-wohan lan saka ing tanah Moab. Ingsun wus ngedohake anggur saka ing pamipitan, tukang ngiles wus ora ana kang ngiles, suraking kabungahan wus ora keprungu maneh.

34Hesybon lan Eleale gembar-gembor, wong padha ngumbar swarane nganti tekan Yahas, saka Zoar tekan Horonaim lan Eglat-Selisia, amarga banyune kali Nimrim uga wus asat.

35Pangandikane Sang Yehuwah: Ingsun bakal mbubarake wong Moab anggone aweh kurban obaran ing tengger pangurbanan, lan kekutug marang allahe.

36Marga saka iku kayadene Ingsun trenyuh miyarsa swaraning suling, mangkono uga galihingSun trenyuh nguningani kaanane Moab lan kaanane para wong Kir-Heres; sakehing bandhane kang ditumpuk-tumpuk rak wis ilang kabeh?

37Lah, saben sirah diplonthos lan sadhengah jenggot dicukur, kabeh tangan ana belekane lan padha nganggo sandhangan prihatin ana ing lambunge.

38Ing payon-payonaning omah ing Moab lan ing alun-alune mung ana kasusahan thok; -- lah, Ingsun wus ngepruk Moab kaya wadhah beling, temah ora ana wong kang seneng marang iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

39Iba kagete Moab! Iba wirange Moab, nganti ngumpetake raine! Moab wus dadi pepoyokan lan pagiris tumrap wong ing saubenge kabeh.

40Amarga -- mangkene pangandikane Sang Yehuwah: -- Lah, tekane nglayang kaya manuk garudha, lan ngegarake swiwine ing sadhuwure tanah Moab.

41Kutha-kutha padha dibedhah, beteng-beteng pananggulangan digempur, atine para prawiraning Moab ing kala semana kaya atine wong wadon kang lagi nglarani.

42Moab bakal mari anggone dadi bangsa, amarga ngegungake dhiri ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

43He wong isine nagara Moab, pagiris, luwangan lan kalajiret dadi pandumanira; -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

44Kang keplayu marga saka pagiris bakal kecegur ing luwangan, kang krekelan saka ing luwangan kena ing jiret. Lah, Ingsun ndhatengake iki kabeh marang Moab, ing taun tibaning paukumane, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

45Ana ing pangaubane Hesybon, para wong kang keplayu padha mandheg, entek kakuwatane, nanging banjur ana geni kang metu saka ing Hesybon, urubing geni saka ing kratone Sihon, kang mangsa pilingane wong Moab lan pathake para wong kang gawe ribut.

46Cilaka sira, he Moab!, sira bakal tumpes, he bangsa kang nyembah marang Bathara Kamos. Amarga anak-anakira lanang wus padha cinulik dadi bandhangan lan anak-anakira wadon dadi tawanan.

47Nanging besuk Ingsun bakal mulihake kaanane Moab. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” Tekan samene pangandikane bab paukuman tumrap Moab.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 48 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel