Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 50 >> 

Tumrap Babil

1Pangandikane Sang Yehuwah lumantar Nabi Yeremia tumrap Babil lan tanahe para wong Kasdim:

2“Undhangna ana ing antarane para bangsa lan wartakna, ngadegna tunggul lan wartakna, aja disidhem, kandhakna: Babil wus bedhah, Bathara Bel nandhang wirang, Bathara Merodakh wus nandhang giris. Brahalane padha wirang, para dewane kang nistha padha katempuh ing pagiris.

3Ana sawijining bangsa kang nempuh Babil saka ing lor, njalari tanahe dadi garing, ora ana kang ngenggoni maneh, manungsa apadene kewan kabeh padha keplayu larud.

4Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Ing wektu lan ing mangsa iku wong Israel bakal teka bebarengan karo wong Yehuda; wong iku bakal padha lumaku karo nangis ngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe;

5wong iku padha takon dalan menyang Sion, parane mrana: Payo kita padha nunggal karo Sang Yehuwah, nunggal ing prajanjian kang langgeng, kang ora bisa dilalekake.

6Maune umatingSun kaya wedhus-wedhus kang ketriwal, padha kesasar ditogake bae dening para pangone!, diuja saba ana ing gunung-gunung, padha lumaku saka ing gunung menyang ing tengger, temah lali marang plegungane.

7Padha dimangsa dening wong kang padha mrangguli nganti entek; lan para satrune padha ngucap: Aku padha ora luput! Amarga iku wus padha nglakoni dosa marang Sang Yehuwah papaning kabeneran, Sang Yehuwah, kang dadi pangarep-arepe para leluhure!

8Padha lumayu saka ing laladan Babil, saka ing nagarane wong Kasdim! Metua! Dadia kaya wedhus-wedhus lanang, kang manggedheni pepanthane!

9Amarga lah, Ingsun ngebahake lan nangekake bangsa golongan gedhe saka ing tanah lor, supaya nglawan Babil. Wong-wong iku padha masang gelar kanggo nglawan mungsuhe, saka ing kono anggone mbedhah kutha. Panah-panahe kaya pahlawan kang begja, kang ora tau bali nglenthung.

10Nagarane bangsa Kasdim bakal dadi jarahan, sakehe wong kang njarah-rayah bakal padha lega atine. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

11He wong kang padha ngrayah bandhaningSun, sanadyan sira padha seneng-seneng lan suka-parisuka, tuwin mencolot-mencolot kaya pedhet ana ing pangonan, sarta mbeker-mbeker kaya jaran lanang,

12ewadene biyungira nandhang wirang banget lan wong wadon kang nglairake sira klicutan! Lah, dheweke dadi kang buncit dhewe, ing antarane para bangsa, dadi pasamunan, dadi alas, lan pasuketan garing!

13Marga saka bebendune Sang Yehuwah, nagara iku ora bakal didunungi manungsa maneh, dadi tanah garing babar pisan. Saben wong ngliwati Babil bakal kaget semu gumun, tuwin ngeses marga wewelak kang disandhang.

14He para bala kang asikep gandhewa masanga gelar kanggo nempuh Babil saka keblat papat. Lepasna panahira aja nganggo ngeman panah, amarga iku nglakoni dosa marang Sang Yehuwah.

15Padha nempuha kambi surak-surak saka ing keblat papat! Wonge wis asrah bongkokan, saka-sakane wis rubuh, pager-pagere wis ambruk! Lah iku piwalese Sang Yehuwah. Tibakna piwalesira. Tandukna kayadene kang ditandukake!

16Sirnakna juru nyebar saka ing Babil, sarta wong ngerit ing mangsa panen! Kanggo nyingkiri pedhang kang nggegirisi iku, saben wong bakal ngulihi bangsane, lan lumayu menyang nagarane.

17Israel iku kaya wedhus kang dibuyarake, dioyak-oyak dening singa akeh. Wiwitane dimangsa dening ratu ing Asyur, wekasane saiki balunge diklethak-klethak dening Nebukadnezar, ratu ing Babil.

18Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun ngukum ratu ing Babil lan nagarane kayadene anggoningSun ngukum ratu ing Asyur.

19Nanging Ingsun bakal ngulihake Israel menyang ing pangonane, supaya nyengguta suket ana ing gunung Karmel lan ing Basan tuwin ana ing pagunungan Efraim lan Gilead.

20Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

21Padha ngluruga menyang Merataim, majua nempuha wong ing Pekod! Patenana lan tumpesen bangsa iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --. Poma tindakna trep kaya kang Sundhawuhake!

22Gumuruh swaraning perang ing nagara kono, kang nuwuhake karusakan akeh!

23Gada kang kanggo saindenging bumi kok banjur remuk bubuk, ajur mumur mangkono! Babil kok banjur dadi sangsara nggegirisi mangkono ana ing antarane para bangsa!

24He Babil, Ingsun masang kalajiret kanggo sira, temah sira kejiret, ora sira nyana. Sira konangan lan pancen kecekel amarga sira wis nantang Sang Yehuwah.

25Sang Yehuwah wis mbikak gedhong parawatane lan ngedalake dedameling bebendune, amarga ana pakaryan kagem Gusti Allah. Gustining sarwa dumadi, ana ing nagarane wong Kasdim.

26Payo padha nekani saka ing keblat papat, lumbung-lumbunge wengakna, isine tumpuken, undhung-undhungen lan rusaken lan aja nganti ana kekarene sethithik-thithika!

27Sakehing sapine patenana, cikben mati kabeh disembeleh! Cilaka wong-wong iku, amarga wus tumeka ing mangsane, yaiku wektu anggone padha tampa paukuman.

28Padha rungokna! Para wong kang keplayu lan kang bisa oncat saka ing nagara Babil, padha teka lan ngabari ana ing Sion, bab piwalese Sang Yehuwah, Gusti Allah kita; piwales marga saka padalemane kang suci.

29Klumpukna sakehing bala kang asikep gandhewa, sakehing bala-panahan, supaya nglawan Babil! Ngadegna kemah-kemah pangepungan, supaya aja ana kang bisa oncat! Walesen satimbang karo panggawene, trapna marang wong-wong iku kang plek karo kang dilakoni dhewe. Amarga tumindak murang tata ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.

30Mulane para nom-nomane padha ambruk ana ing alun-alune lan sakehing prajurite padha bakal tinumpes ana ing kono, ing dina iku. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

31He sira kang murang tata, lah Ingsun bakal nglawan sira, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa dumadi -- amarga wus tumeka ing wektunira Ingsun ngukum sira.

32Si murang tata bakal kesandhung lan tiba sarta ora ana kang nangekake maneh. Ingsun bakal nyumed geni ana ing kutha-kuthane kang bakal ngobong apa bae kang ana ing sakubenge.

33Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Wong Israel lan Yehuda padha bareng tinindhes. Sakehing wong kang nawan wong-wong iku, tetep anggone nahan, ora gelem ngluwari tawanane.

34Nanging Juru-Panebuse iku santosa, asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi. Mesthine Panjenengane mbelani prakarane umate, supaya padha oleh katentreman ana ing bumi, nanging ndhatengake pagiris marang para wong kang manggon ing Babil.

35Pedhang bakal nempuh bangsa Kasdim, namani wong ing Babil, ngenani para panggedhe lan para wong wicaksana, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

36Pedhang nempuh marang juru mbebatang, temah konangan yen bodho! Pedhang ngenani para prawirane, temah padha giris.

37Pedhang ngenani jaran lan karetane perang, nempuh sakehing bala warna-warna kang ana ing tengahe, temah padha dadi kaya wong wadon! Pedhang ngenani raja-branane, temah dijarah ing wong!

38Pedhang ngenani sakehing banyune, temah dadi asat! Amarga nagara iku kebak reca, wong-wong mau padha edan marga saka brahalane!

39Mulane sato kewan pasamuwan lan asu ajag bakal padha manggon ana ing kono, lan uga manuk unta bakal nusuh ana ing kono. Nagara iku ora bakal dienggoni maneh ing wong sabanjure lan ora bakal didunungi maneh dening turun-turune.

40Padha kayadene nalika Gusti Allah molak-malik tanah Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing sacedhake, mangkono uga ora bakal ana wong kang manggon ana ing kono maneh lan ora ana manungsa siji-sijia kang dedunung ana ing kono maneh. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

41Lah, ana sawijining bangsa kang teka saka ing lor, bangsa kang gedhe, lan akeh para ratu kang mangsah perang saka poncoting bumi.

42Padha asikep gegaman panah lan tumbak; padha ambeksiya, ora kadunungan sih-piwelas. Swarane gumuruh kaya banyuning sagara, padha nunggang jaran, asikep gegaman kaya arep nglurug perang, nempuh marang sira, he, putri ing Babil!

43Ratu ing Babil wus krungu warta bab iku, temah tangane krasa lemes tanpa daya, krasa sesek, ngrasakake lara kayadene wong wadon kang lagi nglarani.

44Lah, kaya singa kang jumedhul metu saka gegrumbulaning alas ing bengawan Yarden, kang nekani ara-ara pangonan pepanthaning wedhus, iya mangkono anggoningSun ndadekake wong-wong padha lumayu dadakan saka ing nagara kono, lan Ingsun nuli netepake wong liyane kang Sunpiji. Amarga sapa kang kaya Ingsun? Sapa kang wani ndakwa marang Ingsun? Apa ana pangon kang tahan ana ing ngarsaningSun?

45Mulane padha rungokna putusan kang wus Suntetepake tumrap Babil lan rancangan-rancangan kang wus kadamel tumrap nagarane wong Kasdim: Yaiku kang ringkih dhewe ing antarane pepanthaning wedhus bakal diseret. Apadene ara-ara pangonane dhewe krasa kaget semu gumun ing ngatase para wong iku.

46Bumi bakal horeg marga krungu pawarta: Babil wus bedhah, tangise bakal keprungu ana ing antarane para bangsa!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 50 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel