Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 7 >> 

Kotbahe Nabi Yeremia bab Padaleman Suci

1Pangandikane Sang Yehuwah marang nabi Yeremia mangkene:

2“Sira ngadega ana ing gapuraning Padalemane Sang Yehuwah, ana ing kono sira nguwuh-uwuha, mratelakna pangandika iki sarta kandha: Padha ngrungokna pangandikane Pangeran Yehuwah, he para wong Yehuda kabeh kang lumebu ngliwati sakehe gapura iki arep nyembah sujud marang Sang Yehuwah!

3Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: Sira mbecikna tindak-tanduk lan panggawenira, Ingsun banjur bakal karsaa dedalem ana ing kene nunggil karo sira.

4Aja pracaya marang tembung goroh, kang mangkene: Iki Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah,

5kejaba manawa sira padha temen-temen mbecikake tindak-tanduk lan panggawenira sarta temen-temen nindakake kaadilan ana ing satengahira dhewe-dhewe,

6ora nindhes wong ngamanca, bocah lola lan randha, ora ngwutahake getihe wong kang ora salah ana ing papan kene sarta ora ngetutwuri allah liyane kang marakake bilainira dhewe.

7Ingsun banjur bakal dedalem ana ing kene nunggil kalawan sira, ing tanah kang wus Sunparingake marang leluhurira, wiwit ing jaman kuna nganti ing salawas-lawase.

8Nanging lah sira mituhu marang tembung goroh, kang ora migunani.

9Lah kok sira isih nyenyolong, memateni, laku bandrek, lan nglairake sumpah palsu, kekutug nyembah marang Baal sarta ngetutwuri allah liyane kang ora sira sumurupi;

10mangka sira banjur seba marang ing ngarsaningSun, ing padaleman kang sinebut nganggo asmaningSun, kalawan ngucap: Kita padha slamet, supaya bisa nindakake panggawe kang nistha iki!

11Padaleman kang sinebut nganggo asmaningSun iki apa sira anggep pandhodhotaning begal? Lah Ingsun piyambak wus nguningani iku kabeh, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

12Nanging becike sira menyanga ing PadalemaningSun ing Silo dhisik, kang biyen dadi padununganing asmaningSun, padha satitekna apa kang wus Suntandukake awit saka durakane umatingSun Israel!

13Lah sarehne sira saiki wus nindakake sakehing panggawe iku uga, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- lah sira emoh ngrungokake, sanadyan wus Sunngandikani marambah-rambah, ewadene sira ora ngaturi wangsulan, sanadyan Ingsun wus nguwuh-uwuh marang sira,

14mulane padaleman, kang sinebut nganggo asmaningSun lan padha sira andelake iku, lan panggonan, kang Sunparingake marang sira lan leluhurira iku, bakal Sunpatrapi kaya kang wus Suntandukake marang Silo;

15Ingsun bakal mbucal sira saka ing ngarsaningSun, kaya sakehing para sadulurira yaiku kabeh turune bani Efraim kang wus Sunbucal.”

Nglawan pangabekti marang ratuning langit

16“Nanging sira aja ndongakake bangsa iki; sira aja ngunjukake pesambat lan panyuwun apadene sira aja ngungset marang Ingsun kanggo wong-wong iku, amarga Ingsun ora bakal miyarsakake sira.

17Sira apa ora ndeleng apa kang dadi panggawene ana ing kutha-kuthane Yehuda lan ing lurung-lurunge Yerusalem?

18Bocah-bocah padha ripik-ripik kayu, bapakne padha daden geni sarta kang wadon padha ngulet jladren kanggo olah panganan, sesajen bakal katur marang ratuning langit, lan wong padha ngecurake sajen omben-omben marang allah liyane, kanthi sedya gawe gerahing galihingSun.

19Apa panggalihingSun kang salugune digawe gerah, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- apa dudu atine dhewe kang digawe lara temah banjur padha wirang?

20Mulane mangkene pangandikane Gusti Allah: Lah bebenduningSun lan dedukaningSun bakal kaesokake ana ing papan kene, marang manungsa, kewan lan wit-witan ing ara-ara lan marang pametuning bumi: mulad-mulading bebendu mau bakal ora bakal sirep-sirep.”

Nglawan pangibadah kang tanpa kasetyan

21Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel: “Kurbanira obaran kanthekna kurbanira sembelehan lan panganen daginge!

22Sanyata, ing nalikane Ingsun ngirid leluhurira metu saka ing tanah Mesir, Ingsun ora ngandika lan ndhawuhake apa-apa bab kurban obaran lan kurban sembelehan.

23Mung prakara iki kang Sundhawuhake: Sira padha ngrungokna dhawuhingSun, temah Ingsun bakal dadi Allahira lan sira dadi umatingSun, apadene sira tansah lumakua ana ing dalan kang Suntedahake marang sira, supaya sira padha nemu begja.

24Ewadene ora padha ngrungokake lan nggatekake, malah padha nuruti kekarepane lan tekade kang ala, apadene padha mungkur lan ora madhep.

25Wiwit rikala leluhurira metu saka ing tanah Mesir tumeka saprene, saben dina ora kendhat-kendhat Ingsun ngutus para abdiningSun, para nabi, marani dheweke,

26nanging padha emoh ngrungokake dhawuhingSun sarta ora nggatekake, malah padha ngakokake githoke; tumindake ngluwihi ala banget katimbang para leluhure.

27Sanadyan sira mratelakake sakehing prakara iki marang wong-wong iku, ewadene padha ora ngrungokake lan sanadyan sira nguwuh-uwuh ewadene ora padha mangsuli.

28Mulane padha tuturana mangkene: Iki bangsa kang emoh ngrungokake swaraning Sang Yehuwah, Gusti Allahe lan emoh nampani pamerdi! Kaburusane wus sirna, wus oncat saka ing cangkeme.”

Panyembah marang brahala lan katemahane

29Rambuting sirahira cukuren lan buwangen! Nganakna patangisan ana ing gunung-gunung kang gundhul, awitdene Sang Yehuwah wus nampik lan mbucal bangsa kang ketaman ing bebendune!

30Jer wong Yehuda wus padha nglakoni apa kang ala ana ing ngarsaningSun, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- sarta wus padha mapanake dewa-dewane kang najisake padaleman, kang nganggo asmaningSun ndadekake najise.

31Wong iku wus padha ngadegake tengger pangurbanan kang aran Tofet ing Lebak Ben-Hinom kanggo ngobong anak-anake lanang lan wadon, prakara kang ora tau Sunprantahake lan ora tau tuwuh ana ing panggalihingSun.

32Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah: Mulane lah bakal teka wektune, panggonan iki wus ora aran “Tofet” lan “Lebak Ben-Hinom” maneh, nanging “Lebak Panyembelehan”; wong bakal padha ngubur mayit ana ing Tofet, amarga wus kentekan pakuburan,

33malah mayite bangsa iki bakal padha dadi pakane manuk ing awang-awang sarta sato kewan ing bumi, ora ana kang munasika.

34Ing kutha-kutha ing Yehuda lan ing lurung-lurung ing Yerusalem swaraning kabungahan lan sukarena, swaraning penganten lanang lan wadon bakal Sunlerenake, amarga kutha iku bakal dadi papan kang sepi suwung.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel