Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 8 >> 

1Ing wektu iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- balunge para raja ing Yehuda, para panggedhene, para imam lan para nabi, apadene balunge para wong ing saisining Yerusalem bakal padha diwetokake saka ing kuburane,

2dieler ana ing sangisoring srengenge, rembulan lan sagolonganing langit, kang biyene ditresnani, dikawulani, dianut, diupadi lan disujudi. Kabeh iku ora bakal dikumpulake lan dikubur, iku bakal kagawe rabuk ing pategalan.

3Nanging sakehe kekarene wong kang ala iku bakal luwih seneng mati katimbang urip ana ing sadhengah panggonan, kang Sunagem mbuyarake wong-wong iku, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi.

Dosa lan paukumane

4Sira mratelakna marang para wong iku: “Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Wong kang tiba iku apa ora tangi maneh? Wong kang nyingkur iku apa ora bali maneh?

5Yagene bangsa iki mungkur, mungkur terus? Padha nekad laku cidra, lumuh mratobat.

6Ingsun wus nggatosake lan midhangetake, kandhane ora jujur! Ora ana kang nggetuni pialane karo ngucap: Apa ta kang wus daklakoni iki! kalawan mbedhal lumayu padha nggeblas manut parane dhewe-dhewe kaya jaran kang nrejang ing peperangan.

7Dalah manuk cangak ing awang-awang, ngreti mangsane, manuk drekuku, sriti lan bango padha kelingan mangsane bali, nanging umatingSun ora sumurup angger-anggere Sang Yehuwah.

8Kapriye dene sira wani ngucap: Aku iki wicaksana lan nduweni Torete Sang Yehuwah? Lah, pene juru tulis kang cidra, wus ngowahi dadi goroh.

9Para wong wicaksana bakal padha kawirangan, kaget lan keblusuk. Lah wis padha nampik pangandikane Sang Yehuwah, apa isih padha kadunungan kawicaksanan?

10Mulane rabine bakal padha Sunpasrahake marang wong liya, lan pategalan-pategalane marang para penjajah. Lah, wiwit kang cilik nganti kang gedhe, kabeh padha ngupaya kauntungan, dadia nabi, dadia imam, kabeh padha laku cidra.

11Wong iku padha nambani tatune putrining umatingSun, kang dianggep mayar bae, celathune: Tentrem rahayu! Tentrem rahayu! Nanging ora ana tentrem rahayu.

12Pancene kudu rumangsa wirang, amarga padha nglakoni kanisthan, nanging padha ora rumangsa wirang babar pisan lan ora ngrumangsani cacade. Mulane bakal padha tiba ana ing satengahe wong kang padha ambruk, bakal padha kejengklok, samangsa padha tampa paukuman, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

13Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ingsun arsa mundhut pametune, nanging wite anggur ora ana wohe, wite anjir ora ana wohe, lan godhonge wus padha alum, mulane Ingsun bakal netepake, para wong kang bakal padha ngidak-idak wong-wong iku.”

14Yagene kita kok mung padha lungguhan bae? Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosa lan lebur ana ing kono! Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita, maringi omben-omben racun marang kita, sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane.

15Kita ngarep-arep kantentreman, nanging ora ketekan sawiji-wijia kang becik, ngarep-arep waras, nanging kang ana mung pagiris.

16“Bekere jaraning mungsuh keprungu saka ing Dhan, saindenging nagara padha gumeter dening bengingehing jarane lanang. Tekane ngentekake nagara saisine, kutha dalah wong saisine padha dipangan.

17Lah delengen, Ingsun ngeculake ula bedhudhak ana ing satengahira kang ora bisa dijapani, lan bakal nyakot sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah.” --

Panangis tumrap Yehuda lan Yerusalem

18Ora bisa mari kasusahan kang tumempuh marang aku, atiku lara banget.

19Rungokna, panguwuhe putrining bangsaku njaluk tulung saka ing nagara adoh: “Sang Yehuwah apa ora ana ing Sion? Apa ing kono ora ana Rajane?” Yagene padha nuwuhake gerahing panggalihingSun kalawan reca-recane lan dewa-dewa saka tanah liya kang ora ana gunane?

20Mangsane panen wus kliwat, mangsa katiga wus kepungkur, ewadene kita meksa durung diluwari!

21Atiku rempu, amarga tatune putrining bangsaku, aku nandhang susah, aku ketaman ing pagiris.

22Apa ing Gilead ora ana boreh? Apa ing kana ora ana dhukun? Geneya tatune putrining bangsaku durung mari?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel