Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yeremia 9 >> 

1Saupama sirahku kebak banyu, lan mripatku dadi sumbering luh, mesthi rina-wengi anggonku nangisi patine para bocahe wadon bangsaku.

2Saupama aku duwe pamondhokan ana ing ara-ara samun, kanggo wong kang lagi lelana, aku mesthi bakal lunga sumingkir ninggal bangsaku! Awit iku kabeh wong kang laku jina, golonganing wong kang ora setya.

3Iku padha menthang ilate kaya gandhewa piala lan dudu kabeneran, kang misesani nagara. Sanyata, kebacut-bacut anggone padha nglakoni piala, nanging padha ora wanuh marang Sang Yehuwah.

4Becike saben wong ngawekanana kancane, lan aja ngandel marang sadhengaha sadulur, amarga kabeh sadulur dadi juru apus lan saben kanca mlaku mrana-mrene gawene mitenah.

5Kang siji ngapusi sijine, lan ora ana wong siji-sijia kang tembunge bener, padha ngulinakake ilate ngucap goroh, padha nindakake kaluputan lan emoh mratobat.

6Panganiaya matumpa-tumpa, para cidra tumpuk-undhung! Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah.

7Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi: “Lah Ingsun karsa nglebur lan neter bangsa iki, jer apa maneh ta kang bisa Suntandukake tumrap anake wadon umatingSun?

8Ilate iku panah kang memateni, tembung kang kawetu saka ing cangkeme iku apus, pangucape marang kancane: tentrem, nanging ing sajroning batine isi pangincim-incim.

9Apa Ingsun ora bakal ndhawahake paukuman marang wong-wong iku, marga saka iki kabeh? Apa Ingsun ora bakal males ukum marang bangsa kang kaya mangkene iki?, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah. --

10Nangisa lan sesambata marga saka gunung-gunung, lan nangisa marga saka pasuketan ing ara-ara samun, awitdene wus suwung kabeh, nganti ora ana kang ngambah, lan ora keprungu maneh swaraning raja-kaya, dadia manuk ing awang-awang, dadia sato kewan wus padha lumayu kabeh, wis ora ana.

11Ingsun bakal damel Yerusalem dadi jugrugan papan pandhelikaning asu ajag. Ingsun bakal damel kutha-kutha Yehuda dadi sepi mamring, ora ana kang manggon maneh.”

Diancam klawan karusakan lan pambuwangan

12Endi wong kang wicaksana, kang nganti bisa ngreti bab iki, wong kang nampani pangandika saka lesaning Sang Yehuwah, supaya bisa mratelakake iku? Apa sababe tanah iki rusak, suwung kaya ara-ara samun, nganti ora ana wong kang ngambah?

13Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Sarehne wong iku wus padha nglirwakake Angger-anggeringSun, kang wus Sunparingake, sarta ora ngrungokake marang swaraningSun lan ora nurut marang iku,

14nanging padha nuruti apa sakareping atine, apadene manut marang para Baal kaya kang diwulangake para leluhure,

15mulane pangandikane Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel mangkene: Lah Ingsun bakal makani butrawali marang bangsa iki lan Sunombeni racun.

16Ingsun bakal nyebar wong iki ana ing tengahe para umat kang ora ditepungi dening wong-wong iku lan para leluhure lan Ingsun bakal nglepasake pedhang kang ngoyak wong-wong iku, nganti wus padha Sunsirnakake.”

17Padha gatekna! Ngundangana para juru tangis wadon, supaya padha mrene, lan kongkonana, supaya para wong wadon kang limpad, padha mrene!

18Kareben padha enggal teka lan padha nangisi kita, supaya mripat kita metokake luh, lan suluhan kita akembeng banyu!

19Amarga ing Sion keprungu tangis: Adhuh padha mati aku! Aku padha banget diwirangake! Amarga aku kudu padha ninggal nagara iki, dene omah-omahku padha dibrukake.

20He para wong wadon, rungokna pangandikane Sang Yehuwah, padha nilingna dhawuhing lesane; anak-anakmu wadon padha wulangen tangisan lan sadhengah wong wadon mulangna kidung pasambat marang kancane:

21“Adhuh, si pati wus nlusup ing cendhela-cendhela kita, kedhaton kita wus padha dileboni, bocah-bocah ing lurung-lurung padha disirnakake, samono uga para nom-noman kang ana ing alun-alun.

22Mayite wong-wong padha kleleran kaya rabuk ana ing pategalan, kaya bentelan gandum ing saburining wong kang padha ngeneni, lan ora ana kang nglumpukake.”

Wanuh marang Gusti Allah iku kabegjaning manungsa

23Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane;

24nanging sing sapa arep ngegungake, ngegungna kang mangkene: manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun, manawa Ingsun iki Sang Yehuwah, kang nedahake kadarman, kaadilan lan kabeneran ana ing bumi; sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

25Dhawuh pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lah bakal tumeka ing wektune anggoningSun maringi paukuman marang wong kang wus tetak, nanging isih ikutan:

26wong Mesir, wong Yehuda, wong Edom, bani Amon, wong Moab lan sakehing wong kang cukur rambute ing ngiringan mubeng lan wong kang manggon ing pasamunan, amarga sakehing bangsa ora padha tetak lan satedhak turune Israel iya ora tetakan atine.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yeremia 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel