Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 26 >> 

Kidung pangalembana marga saka pangluwaran lan pangdilan kang kaparingake dening Gusti Allah

1Ing wektu iku kekidungan iki bakal karepekake ana ing tanah Yehuda: “Kita kadunungan kutha kang santosa, kanggo nylametake kita Pangeran Yehuwah wus masang tembok lan beteng.

2Gapurane padha wengakna, supaya lumebua bangsa kang bener lan kang tetep setya!

3Ingkang manahipun santosa Paduka paringi tentrem rahayu, amargi pitados dhumateng Paduka.

4Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase, awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng.

5Amarga Panjenengane kang wus ngesorake kang padha manggon ing papan kang dhuwur; kutha-beteng wus kaendhekake, diendhekake nganti tekan ing lemah banjur kaglimpangake ing lebu.

6Wasana bakal kaidak-idak ing sikile para wong sangsara lan tlapakaning sikile para wong kang ringkih.”

7Marginipun tiyang leres punika lurus, amargi Paduka ingkang miwiti nglencengaken marginipun.

8Dhuh Yehuwah, kawula ugi sami ngantos-antos titimangsa anggen Paduka nindakaken pangadilan; kareman kawula sadaya punika nyebut asma Paduka saha ngenget-enget Paduka.

9Kalayan gumolonging nyawa anggen kawula kangen dhumateng Paduka ing wanci dalu, ugi kalayan gumolonging manah anggen kawula ngupadosi Paduka ing wanci enjing; awit manawi Paduka rawuh ngadili bumi, ingkang manggen ing jagad sami badhe sinau kaleresan.

10Saupami tiyang duraka kaparingan sih-palimirma, boten badhe sinau punapa ingkang leres; piyambakipun badhe nindakaken kaculikan wonten ing nagari ingkang migunakaken angger-angger, saha boten badhe ningali kamulyanipun Sang Yehuwah.

11Dhuh Yehuwah, asta Paduka kaayataken, nanging sami boten sumerep. Kajengipun sami nyumerepi butajengan Paduka margi saking umat Paduka tuwin kajengipun sami nandhang wirang! Kajengipun sami kamangsa ngantos telas dening latu ingkang nyirnakaken mengsah Paduka!

12Dhuh Yehuwah, kawula sami Paduka cawisi tentrem rahayu, amargi samubarang ingkang kawula lampahi, sadaya sami Paduka tindakaken kangge kawula sadaya.

13Dhuh Yehuwah, Allah kawula sadaya, bendara-bendara sanesipun nate ngwaosi kawula sadaya, nanging namung asma Paduka kemawon ingkang sami kawula suwuraken.

14Tiyang-tiyang wau sampun sami pejah, boten sami badhe gesang malih, sampun sami dados arwah, boten badhe tangi malih; saestunipun sampun sami Paduka ukum saha Paduka sirnakaken, punapadene sadaya pangenget-enget dhateng tiyang-tiyang wau sampun Paduka icali.

15Dhuh Yehuwah, bangsa punika sampun Paduka damel saya wewah-wewah, umating kamulyan Paduka sampun Paduka damel saya kathah; nagaranipun sampun Paduka wiyaraken sanget.

16Dhuh Yehuwah, ing salebeting karubedan sami madosi Paduka; nalika bebendu Paduka tumempuh dhateng tiyang-tiyang wau, lajeng sami sesambat ing salebeting pandonga.

17Kadosdene tiyang estri ingkang ngandheg ingkang sampun dumugi ing elekipun, lajeng ngolang-ngaling sakit, ngadhuh-adhuh margi nyakiti, inggih makaten punika kawontenan kawula sadaya ing suwaunipun wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah:

18Kawula sami ngandheg, lajeng ngolang-aling sakit, nanging kados-kados kawula sami nglairaken angin, kawula sami boten saged ngawontenaken kawilujengan wonten ing bumi, saha ingkang manggen ing jagad boten lair.

19Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih, mayitipun sami badhe tangi malih. He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka! Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.

20He bangsaku, lumebua ing kamarmu, sawuse lumebu lawange kancingen ndhelika sadhela tumeka sapungkure bebendu.

21Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemane arep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane, sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono, ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 26 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel