Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 42 >> 

Abdine Pangeran Yehuwah

1Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.

2Iku ora bakal alok-alok utawa nyerokake swarane lan ora bakal ngumbar swara ana ing dedalan.

3Rayung kang pepes tumelung ora bakal kakethok, tuwin uceng-uceng kang melik-melik ora bakal dipateni, nanging iku bakal ngundhangake kabeneran kalawan setya.

4Awake dhewe ora bakal lesah lan ora bakal pepes tumungkul, nganti wus rampung anggone njejegake kabeneran ana ing bumi; sakehing pulo-pulo ngarep-arep marang piwulange.

5mangkene pangandikane Gusti Allah, Sang Yehuwah, kang nitahake lan njereng langit, kang mbeber bumi dalah kabeh kang thukul ing kono, kang paring ambegan marang umat manungsa kang manggon ing kono sarta kang maringi nyawa marang kang padha urip ing kono:

6“Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan, wus ngasta tanganira; Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake sira dadi prajanjian tumrap umat manungsa, dadi pepadhang tumrap para bangsa,

7supaya ngelekke mripat kang wuta, ngwetokake wong ukuman saka ing tahanan sarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran.

8Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun; Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyane utawa kasuwuringSun marang reca.

9Pameca-pameca biyen saiki wus padha kelakon, bab-bab kang anyar bakal Sunsumurupake. Sadurunge bab-bab iku kelakon, Sunsumurupake marang sira.”

Kekidungan bab kaslametan

10padha ngunjukna kekidungan anyar marang Sang Yehuwah lan ngluhurna Panjenengane saka ing poncoting bumi! Sagara cikben gumuruh dalasan isine kabeh, tuwin pulo-pulo dalasan kang ngenggoni kabeh.

11Ara-ara samun kareben nywara seru dalasan kutha-kuthane lan desa-desa kang dienggoni Kedar! Kang ngenggoni gunung parang cikben padha surak-surak, kareben padha nguwuh-nguwuh saka ing pucaking gunung-gunung!

12Cikben padha nyaosi kaurmatan marang Pangeran Yehuwah, tuwin padha martakna bab anggone ngluhurake Panjenengane ana ing pulo-pulo.

13Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug, kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang; Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh, marang para mungsuhe, Panjenengane nedahake kaprawirane.

14Ingsun kendel wiwit ing biyen mula, Ingsun kendel lan ngampet, saiki Ingsun njerit kaya wong wadon kang nglarani, Ingsun menggah-menggah lan menggeh-menggeh.

15Ingsun bakal ndadosake gundhuling gunung-gunung lan tengger-tengger, sarta damel aluming sakehhe tetuwuhane; Ingsun bakal ndadosake kali-kali padha dadi lemah garing tuwin damel asat-nggerenging telaga-telaga.

16Ingsun bakal nuntun para wong wuta ana ing dalan kang durung tau padha diambah, tuwin iku padha Sunlakokake ing dalan-dalan kang durung disumurupi. Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang, sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata. Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau, lan kang mesthi bakal Suntindakake.

17Wong kang padha kumandel marang reca tatahan bakal padha mundur lan kawirangan, yaiku para wong kang celathu marang reca cithakan: “Paduka punika allah kawula!”

Bab gagal lan wutane Israel

18Padha rungokna, he para wong budheg padha mandenga lan ndelenga, he para wong wuta!

19Sapa kang wuta yen dudu panunggalane abdiningSun, tuwin kang budheg kaya utusaningSun? Sapa kang wuta kaya utusaningSun lan kang budheg kaya abdining Yehuwah?

20Sira ndeleng prakara akeh, nanging ora nggatekake, sira ngengklengake kuping, nanging ora krungu.

21Pangeran Yehuwah demi karsane nylametake kepareng maringake piwulange kang agung lan mulya;

22nanging iku bangsa kang dijarah lan dirampog, kabeh padha katangkep ana ing guwa-guwa lan didhelikake ana ing omah-omah pakunjaran; wus padha dadi jarahan lan ora ana kang ngluwari, dadi rampasan lan ora ana kang celathu: “Balekna!”

23Sapa panunggalanmu kang gelem nilingake kupinge marang prakara iki, kang gelem nggatekake lan ngrungokake kanggo ing sateruse?

24Sapa kang ngulungake Yakub supaya karampas, lan Israel marang kang padha ngrayah? Apa iku dudu Pangeran Yehuwah? Amarga kita wus dosa marang Panjenengane, lan lumuh lumaku ing dalan pitedahe, tuwin ora gelem ngrungokake marang piwulange.

25Mulane Panjenengane banjur ndawahi bentering bebendune lan peperangan kang ngedab-edabi kan nggesengake saka ing sakubenge, ewasamono iku ora dimangreteni, tuwin kang ngobong dheweke, nanging iku ora digatekake.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 42 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel