Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 56 >> 

TUMURUNING KARAHAYON LAN SARAT-SARATE; Karahayon iku kanggo wong kabeh

1Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha netepana angger-angger lan njejegna kaadilan, awit sadhela engkas karahayon kang saka Ingsun wus bakal teka, sarta kaadilaningSun bakal kalairake.

2Rahayu wong kang nglakoni, lan anaking manungsa kang nggondheli iku, kang netepi dina Sabat lan ora dinajisake, sarta kang mekak awake aja nganti nindakake sadhengaha piala.

3Aja nganti wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah iku celathu: “Pangeran Yehuwah mesthi bakal misah aku saka umate,” sarta aja nganti wong kebiren muni: “Aku iki satemene wit kang garing.”

4Amarga mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Para wong kebiren kang padha netepi dina-dina SabatingSun lan kang padha milih apa kang Sunkarsakake sarta kang gondhelan marang prajanjianingSun,

5iku ana ing padalemaningSun lan ana ing wewengkoning tembok-tembokingSun bakal Sunparingkae tandha pengetan lan jeneng -- iku luwih becik katimbang karo anak lanang utawa wadon, -- sawijining jeneng kang langgeng kang ora bakal sirna bakal Sunparingake marang wong-wong iku.

6Anadene para wong bangsa liyan kang rumaket marang Pangeran Yehuwah prelu ngladosi Panjenengane, lan nresnani asmaning Sang Yehuwah sarta sumedya ngabdi marang Panjenengane, kabeh kang netepi dina Sabat lan ora najisake, tuwin kang gondhelan marang prajanjianingSun,

7iku bakal Sunbekta menyang ing gunungingSun kang suci lan bakal Sunparingi kabungahan ana ing dalem-pamujaningSun. Ingsun bakal karenan marang kurban-kurbane obaran lan sembelehan kang kacaosake ana ing misbyahingSun, awit padalemaningSun bakal sinebut dalem-pamujan tumrap sakabehe bangsa.

8Mangkene pangandikane Pangeran Allah kang nglempakake para wong Israel kang kabuwang: Ingsun bakal nglempakake wong maneh Sunwewahake marang para wong kang wus padha tetunggalan.”

Para pemimpin kang duraka

9He sakehe kewan ing ara-ara, he sakehe kewan ing alas, padha mrenea lan padha mangana!

10Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta, kabeh padha ora ngreti apa-apa; kabeh iku asu bisu, kang ora bisa njegug; padha keklemprakan kalawan ngalamun sarta mung padha seneng turu bae;

11asu-asu kang srakah, kang ora tau krasa wareg. Mangka iya wong-wong iku kang padha dadi pangon, kang padha ora bisa neniteni! Padha lumaku ing dalane dhewe-dhewe kabeh, siji-sijine padha mburu kauntungan, ora ana kang ora mangkono.

12“Mrenea,” mangkono celathune, “aku arep njupuk anggur, ayo padha ngombe arak kang akeh; sesuk bakal padha karo dina iki, malah luwih dening ngedab-edabi!”


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 56 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel