Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 64 >> 

1Mugi Paduka karsaa nyuwek langit lan karsaa tumedhak, satemah redi-redi sami gonjing wonten ing ngarsa Paduka

2-- kadosdene latu ingkang mbesmi kajeng rencekan tuwin kadosdene latu ingkang ngumobaken toya -- supados asma Paduka kasumerepana dening para mengsah Paduka, satemah bangsa-bangsa sami gumeter wonten ing ngarsa Paduka,

3amargi Paduka nindakaken bab ingkang nggegirisi ingkang boten sami kawula ajeng-ajeng, ingkang ing wiwit jaman kina dereng nate kapireng ing tiyang!

4Boten wonten kuping ingkang mireng, saha boten wonten mripat ingkang sumerep Allah ingkang nindakaken punapa-punapa kangge tiyang ingkang ngantos-antos dhateng piyambakipun namung Paduka ingkang tumindak makaten.

5Paduka methukaken para tiyang ingkang sami nglampahi punapa ingkang leres saha sami enget dhateng margi ingkang Paduka tedahaken! Paduka saestu duka punika, jalaran kawula sami nglampahi dosa; wiwit rumiyin kawula sami mbalela dhumateng Paduka.

6Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najis saha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged; kawula sadaya sami dados alum kados ron tuwin sami sirna margi saking piawon kawula kados ron ingkang kasirnakaken ing angin.

7Boten wonten ingkang nyebut asma Paduka utawi ingkang lajeng gumregah nggondheli Paduka; amargi Paduka ngaling-alingi wadana Paduka dhateng kawula sadaya, saha ngulungaken kawula dhateng pangwaosing dosa kawula.

8Nanging sapunika, dhuh Yehuwah, Paduka punika Rama kawula sadaya! Kawula sadaya punika lempung dene Paduka ingkang mangun kawula, sarta kawula sadaya punika yasaning asta Paduka.

9Dhuh Yehuwah, mugi sampun ngantos sanget-sanget anggen Paduka duka saha mugi sampun ngantos kalajengaken anggen Paduka ngenget-enget dhumateng dosa! Mugi Paduka karsaa nguningani, bilih kawula sadaya punika umat Paduka.

10Kitha-kitha Paduka ingkang suci sampun sami dados ara-ara samun, Sion sampun dados pasamunan, Yerusalem sepi mamring.

11Papan pepundhen kawula ingkang suci saha agung, ingkang kangge memuji dhumateng Paduka dening leluhur kawula sadaya, sampun dados memangsaning latu, gadhahan kawula ingkang endah piyambak sampun dados gempuran.

12Manawi nguningani punika sadaya, dhuh Yehuwah, punapa inggih Paduka badhe ngampet sarira, punapa Paduka namung badhe kendel kemawon saha damel sangsara kawula sadaya ingkang langkung dening sanget?


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 64 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel