Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yesaya 66 >> 

Kaslametan sawise paukuman

1Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Langit iku dhamparingSun lan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun; sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun, sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun?

2Apa dudu astaningSun kang karya iku kabeh, satemah kabeh iki banjur ana?, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. Nanging kang Sunpirsani iku wong-wong iki: wong kang katindhes lan kang lemes semangate lan kang gumeter awit saka pangandikaningSun.

3Wong nyembeleh sapi lanang, nanging uga mateni manungsa, wong ngurbanake wedhus, nanaging iya nugel gulune asu, wong caos kurban dhaharan, nanging iya nyaosake getih babi, wong nyaosake menyan, nanging uga memuja marang brahala. Mulane: Kayadene anggone padha luwih seneng marang dalane dhewe, lan nyawane seneng marang dewaning kaninsthan,

4mangkono uga Ingsun iya luwih remen tumindak sawenang-wenang marang para wong iku tuwin nekakake marang wong-wong mau apa kang ndadekake wedine; amarga manawa Ingsun nimbali, ora ana kang ngaturake wangsulan, manawa Ingsun ngandika, ora padha ngrungokake, nanging padha nglakoni kang ala ana ing paningalingSun sarta luwih seneng marang apa kang ora dadi karsaningSun.

5Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.

6Rungokna, ana swara rame saka ing kutha, rungokna, tekane saka ing Padaleman Suci! Rungokna, Pangeran Yehuwah ndhawahake piwales marang para satrune!

7Sadurunge nglarani wus nglairake anak, sadurunge krasa, wus nglairake anak lanang.

8Sapa kang wus tau krungu bab kang kaya mangkono iku, sapa kang wus tau sumuurp kang mangkono iku? Apa bisa sawijining nagara dilairake ing sajroning sadina, tuwin sawijining bangsa dilairake sapisan? Nanging lagi bae nglarani, Sion wus nglairake anak-anake.

9Ingsun kang mbikak guwa-garbaning wong, apa ora banjur damel supaya nglairake bayi?, mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Utawa apa iya Ingsun kang damel supaya nglairake bayi, banjur nutupi guwa-garbane maneh?, mangkono pangandikane Gusti Allahira.

10Padha bungah-bungaha bebarengan karo Yerusalem, lan surak-suraka marga saka Yerusalem, he sakehe wong kang padha tresna karo kutha iki! Padha giyak-giyaka bebarengan sakatogira, he sakehe wong kang padha prihatin marga saka kutha iku!,

11supaya kowe padha nusu nganti wareg marang susu kang nyegerake kowe kabeh, supaya kowe padha nusu lan ngrasakake nikmate susune kang kebak.

12Awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun ngilekake menyang ing kutha iku karahayon kayadene kali, tuwin kasugihane para bangsa kayadene kali kang luber; sira bakal padha nusu, bakal digendhong, bakal diuthun-uthun ana ing pangkon.

13Kayadene wong kang dilipur dening biyunge, iya kaya mangkono anggoningSun iki bakal nglipur sira kabeh; sira bakal padha dilipur ana ing Yerusalem.

14Manawa sira padha nyumurupi kang mangkono iku, atinira bakal bungah, sarta sira bakal padha kaya suket enom kang seger thukule; astaning Yehuwah banjur bakal kelair marang para abdine, sarta bebendune marang para satrune.

15Sabab lah Sang Yehuwah bakal rawuh kalawan geni, tuwin kreta-kretane bakal kaya lesus, prelu ndhawahake bebendune kang mulad-mulad lan dedukane kang murub mangalad-alad.

16Awit Pangeran Yehuwah bakal ngukum kabeh kang urip kalawan geni lan kalawan pedhange, lan wong-wong kang padha pinatenan dening Sang Yehuwah iku bakal akeh cacahe.

17Wong-wong kang padha sesuci lan reresik awak marga arep lumebu ing patamanan-patamananing dewa, kalawan ngetutake wong kang ana ing satengahe, kang mangan daging babi lan kewan-kewan kang najis lan tikus, iku bakal padha sirna kabeh babar pisan, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

18Ingsun nguningani sakehing panggawene lan rancangane lan Ingsun rawuh prelu nglempakake sakehing bangsa saka sakehing basa, tuwin iku bakal padha sowan lan ndeleng kamulyaningSun.

19Ingsun bakal maringi tengeran ana ing satengahe lan panunggalane iku bakal ana kang Sunutus, yaiku para wong kang bisa oncat, marani bangsa-bangsa, yaiku menyang ing Tarsis, Pul lan Lud, menyang ing Mesekh lan ing Rosy, menyang ing Tubal lan Yawan, lan menyang ing pulo-pulo kang adoh kang durung tau krugu kabar bab Ingsun sarta durung tau ndeleng kamulyaningSun, supaya padha martakake kamulyaningSun ana ing satengahe para bangsa.

20Iku bakal padha ngirid sakehing sadulurira saka ing antarane bangsa kabeh kacaosake minangka kurban marang Sang Yehuwah kalawan katunggangake ing jaran, kreta lan tandhu, bihal sarta unta wadon kang rikat lakune, kagawa munggah menyang ing gunungingSun kang suci, menyang Yerusalem, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, padha kaya wong Israel kang nggawa kurban ana ing wadhah kang suci menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

21Panunggalane iku ana kang bakal Sunpundhut Sundadekake imam lan wong Lewi, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.

22Sabab padha kaya langit kang anyar lan bumi kang anyar kang bakal Suntitahake iku, tetep dumunung ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, mangkono uga turunira lan jenengira bakal lestari.

23Sasi gumanti sasi, lan Sabat gumanti Sabat, umat manungsa kabeh bakal padha sowan sujud nyembah ana ing ngarsaningSun, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

24Iku bakal padha metu lan padha ndeleng jisime wong-wong kang wus padha mbalela marang Ingsun. Set-sete ora bakal padha mati, lan genine ora bakal sirep, kabeh iku bakal dadi wewujudan kang nggegilani tumrap kabeh kang urip.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yesaya 66 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel