Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 13 >> 

Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat

1Anadene sadurunge riyaya Paskah, Gusti Yesu wus mirsa, manawa wus tekan ing titi-mangsane anggone bakal tindak saka ing donya iki sowan marang ing ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka ing wekasane.

2Nalika Gusti Yesus karo para sakabate padha bujana, Iblis wus ngosikake pangrantam ana ing sajroning atine Yudas Iskariot, anake Simon, arep mitenah Gusti Yesus.

3Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.

4Gusti Yesus banjur jumeneng sarta lukar pangageman lan mundhut lawon banjur diubetake ing sarirane,

5tumuli ngesok banyu ing pawisuhan, sarta wiwit ngwijiki sikile para sakabate lan kausapan kalawan lawon kang kaubetake ing sarirane mau.

6Sarawuhe ing panggonane Simon Petrus, Petrus tumuli munjuk: “Gusti Paduka badhe ngwijiki suku kawula?”

7Paring wangsulane Gusti Yesus: “Apa kang Daktindakake, saiki kowe durung nyandhak tegese, nanging besuk kowe bakal mangreti.”

8Unjuke Petrus: “Paduka sampun ngantos ngwijiki suku kawula ing salami-laminipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Manawa Aku ora ngwisuhi kowe, kowe ora nduweni panduman ana ing Aku.”

9Unjuke Simon Petrus: “Gusti, sampun ngamungaken suku kawula kemawon, nanging dalah tangan saha sirah pisan.”

10Pangandikane Gusti Yesus: “Wong kang wus adus, ora susah adus maneh, cukup mung wisuh sikil bae, awit badane sakojur wus resik. Mangkono uga kowe iku wus resik, mung bae ora kabeh.”

11Awit Gusti Yesus mirsa sapa kang bakal ngulungake sarirane. Marga saka iku Panjenengane ngandika: “Kowe iku ora kabeh resik.”

12Sawuse Gusti Yesus ngwijiki sikile para sakabat mau, banjur ngrasuk pangagemane maneh lan wangsul lenggah sarta ngandika: “Apa kowe padha ngreti tegese panggaweKu marang kowe iku mau?

13Kowe padha nyebut Aku Guru lan Gusti, lan panyebutmu iku wus bener, awit Aku iki pancen Guru lan Gusti.

14Dadi manawa Aku iki kang dadi Gusti lan Gurumu wus ngwisuhi sikilmu, dadi kowe iya padha kuwajiban wisuh-winisuhan sikil.

15Awit Aku wus menehi tuladha marang kowe, supaya kowe kabeh uga nindakake kaya kang wus Daktindakake marang kowe.

16Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sawijining abdi iku ora ngungkuli bendarane, utawa sawijining utusan iya ora ngungkuli kang ngutus.

17Manawa kowe padha sumurup prakara iki kabeh, rahayu kowe, manawa kowe kabeh padha nglakoni.

18PituturKu iki ora tumrap kowe kabeh: Aku weruh, sapa kang wus Dakpiji. Nanging kudu kayektenan tulisan kang mangkene surasane: Tiyang ingkang tumut nendha roti Kawula, punika sampun ngagagaken sukunipun dhateng Kawula.

19Samengko kowe padha Daktuturi sadurunge bab iku kalakon, supaya manawa bab iku kalakon, kowe padha pracaya, yen iya Aku iki Panjenengane.

20Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sing sapa nampani wong kang Dakutus, iku nampani Aku, lan sapa kang nampani Aku, iku nampani Panjenengane kang ngutus Aku.”

Gusti Yesus paring pitedah sapa kang bakal ngulungake Panjenengane

21Sawuse Gusti Yesus ngandika mangkono, Panjenengane banget trenyuh ing galih, sarta banjur paring paseksen mangkene: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Wong siji panunggalanmu bakal ngulungake Aku.”

22Para sakabat tumuli padha pandeng-pandengan, kanthi melang-melang, sapa kang dipangandikake iku.

23Sawijining sakabate, iya iku sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus, lungguh sendhen sandhing Panjenengane, ing sisih tengene,

24iku disasmitani dening Simon Petrus sarta dicalathoni: “Nyuwuna pirsa sapa kang dipangandikakake iku.”

25Sakabat kang lungguh cedhak Gusti Yesus mau tumuli noleh sarta matur marang Gusti Yesus: “Gusti, sinten tiyangipun?”

26Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wonge iya iku kang bakal Dakwenehi roti sawuse Dakcelupake.” Sawuse ngandika mangkono, banjur mundhut roti sarta kacelupake tumuli kaparingake marang Yudas anake Simon Iskariot.

27Lan sawuse nampani roti iku, Yudas tumuli kapanjingan Iblis. Gusti Yesus tumuli ngandika marang dheweke: “Apa kang dadi sedyamu iku enggal tindakna!”

28Ananging ora ana wong siji-sijia ing antarane para sakabat kang padha kembulan iku kang mangreti, apa karsane Gusti Yesus ngandika mangkono marang Yudas iku.

29Sarehne Yudas kang nyekel kas, ana kang duwe pangira manawa Gusti Yesus ngutus Yudas tuku apa-apa kang prelu kanggo riyaya iku, utawa didhawuhi dedana marang wong miskin.

30Yudas nampani roti iku banjur enggal-enggal lunga. Nalika iku wayahe wis wengi.

Pepakon anyar

31Sawuse Yudas lunga, Gusti Yesus banjur ngandika: “Samengko Putraning Manungsa kaluhurake sarta Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane.

32Manawa Gusti Allah kaluhurake ana ing sarirane, Gusti Allah iya bakal ngluhurake Panjenengane ana ing sarirane piyambak, malah Panjenengane bakal tumuli kaluhurake.

33He, anak-anakuKu, anggonKu tunggal karo kowe mung kari sadhela. Kowe bakal padha nggoleki Aku, kayadene anggonKu wus tutur marang wong Yahudi: Ing ngendi paranKu, kowe ora bakal padha bisa mrana, saiki Aku iya pitutur mangkono marang kowe.

34Kowe padha Dakwenehi pepakon anyar, iya iku supaya kowe padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonKu wus tresna marang kowe, kowe iya padha tresna-tinresnanana uga.

35Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yen kowe padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowe padha tresna-tinresnan.”

Gusti Yesus paring pepenget marang Petrus

36Simon Petrus tumuli munjuk: “Gusti, Paduka tindak dhateng pundi?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Menyang ngendi paranKu kowe ora bisa melu Aku saiki, nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku.”

37Unjuke Petrus: “Gusti, punapaa kawula boten saged ndherek Paduka samangke? Kawula badhe ngetohaken nyawa kawula kagem Paduka.”

38Paring wangsulane Gusti Yesus: “Nyawamu bakal koketohake kanggo Aku? Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge jago kluruk, kowe wus nyelaki Aku ambal ping telu.”


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Yohanes 13):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yohanes 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel