Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yohanes 21 >> 

Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate ana ing pinggir sagara Tiberias

1Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene:

2Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro.

3Simon Petrus tumuli kandha marang kanca-kancane mau: “Aku arep lunga golek iwak.” Wangsulane kancane: “Aku iya padha melu kowe.” Banjur padha mangkat nunggang prau, nanging sawengi iku padha ora oleh apa-apa.

4Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate padha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus.

5Gusti Yesus tumuli ngandika: “He, bocah-bocah, apa kowe padha duwe lawuh?” Wangsulane: “Boten.”

6Pangandikane Gusti Yesus: “Jalamu tibakna ing satengene prau, temah kowe bakal padha oleh.” Jalane tumuli ditibakake, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akehe iwake.

7Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara.

8Praune diajokake dening para sakabat liyane, jalaran ora adoh saka ing dharatan, mung watara rong atus asta, sarta jalane kang kebak iwak iku digered.

9Samentase ing dharatan, para sakabat padha weruh geni areng, lan iwak tumupang ing geni mau sarta roti.

10Gusti Yesus tumuli ngandika marang para sakabat: “Njupuka iwak sawatara, oleh-olehane anggonmu mentas njala iku!”

11Simon Petrus banjur munggah ing prau lan ngetas jalane menyang ing dharatan, jala iku kebak iwak gedhe-gedhe: nganti satus seket telu kehe. Nanging sanadyan nganti samono kehe, jalane ora bedhah.

12Pangandikane Gusti Yesus marang para sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: “Paduka punika sinten?” Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus.

13Gusti Yesus tumuli majeng, sarta mundhut roti mau, tumuli diparingake marang para sakabat, mangkono uga iwake.

14Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.

Angona wedhus-wedhusKu

15Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”

16Pangandikane Gusti Yesus maneh marang Petrus kang kapindhone: “Simon, anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!”

17Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!

18Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake.”

19Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”

Sakabat dikasihi dening Gusti Yesus

20Bareng Petrus noleh, weruh sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus ndherek, iya iku sakabat kang nalika bujana lungguh cedhak Gusti Yesus sarta munjuk: “Gusti, sinten tiyangipun ingkang badhe ngulungaken Paduka?”

21Nalika Petrus weruh sakabat iku mau, tumuli munjuk marang Gusti Yesus: “Gusti, dene punika badhenipun kadospundi?”

22Pangandikane Gusti Yesus: “Saupama Dakkarepake, supaya iku tetep urip nganti satekaKu, iku rak dudu prakaramu. Nanging kowe: Melua Aku!”

23Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”

Panutup

24Iya iku sakabat, kang nekseni lan wus nulisi bab iki kabeh lan aku kabeh padha sumurup, yen paseksene iku nyata.

25Isih akeh bab-bab liyane maneh kang katindakake dening Gusti Yesus, nanging saupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine, mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh buku kang kudu katulis iku.


  Share Facebook  |  Share Twitter

Download Audio MP3 (Yohanes 21):
Mobile (Low Quality) - CD (High Quality)

 <<  Yohanes 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel