Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 5 >> 

Tetakan lan riyaya Paskah ing Gilgal

1Bareng sakehe para ratune bangsa Amori kang ana ing sakulone bengawan Yarden lan sakehe ratune bangsa kang ana ing pinggir sagara, padha mireng pawartane Sang Yehuwah anggone ngasatake banyune bengawan Yarden ana ing ngarepe wong Israel, nganti sarampunge anggone nyabrang, panggalihe temah padha lemes lan ilang semangate ana ing ngarepe wong Israel.

2Nalika samana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak mangkene: “Sira gawea lading watu, wong Israel padha tetakana maneh ping pindhone.”

3Senapati Yusak tumuli damel lading watu sarta netaki wong Israel ana ing gunung Kulit Khatan.

4Mungguh jalarane anggone wong Israel padha ditetaki Sang Yusak iku mangkene: Sakehe wong lanang kang padha budhal saka ing tanah Mesir yaiku para kang lanang, para prajurit iku wus padha mati ana ing dedalan ing ara-ara samun, sabudhale saka ing tanah Mesir.

5Dhasar sakehing wong kang metu saka ing tanah Mesir, iku wus padha katetakan nanging wiwit budhale saka ing tanah Mesir mau sakehe wong kang lair ana ing dalan ing ara-ara samun iku padha durung ditetaki.

6Ujer nganti patang puluh taun lawase wong Israel anggone padha lumaku ngliwati ara-ara samun, nganti wong sabangsa kabeh iku padha mati, yaiku golongan prajurit kang padha metu saka ing tanah Mesir, kang padha ora ngestokake marang pangandikane Sang Yehuwah, temahan padha kadhawahan supaos dening Sang Yehuwah; yaiku yen mesthi bakal ora kalilan ndeleng tanah kang wus kaprasetyakake dening Pangeran Yehuwah marang para leluhure klawan supaos, yen bakal diparingake marang kita, tanah kang luber powan lan madu;

7nanging anak-anake iku kang didadekake gegentine, yaiku kang padha ditetaki Sang Yusak, ujer isih padha ikutan, amarga ana ing dalan durung ditetaki.

8Bareng wong sabangsa kabeh wus padha katetakan, nuli padha lereb ana ing panggonane dhewe-dhewe ana ing pakemahan nganti sawarase.

9Sang Yehuwah banjur ngandika marang Senapati Yusak: “Ing dina iki kanisthaning Mesir wus Sunbirat saka sira.” Mulane panggonan kono iku katelah aran Gilgal nganti saiki.

10Sajrone wong Israel padha lereb ana ing Gilgal kono, padha ngriyayakake Paskah ing tanggal ping patbelas ing sasi kang lumaku iku, ing wayah sore ana ing tanah ngare ing Yerikho.

11Ing dina sabubare Paskahan, dadi ing dina iku uga banjur padha mangan roti tanpa ragi lan gandum garangan saka pametune tanah kono.

12Ing dina candhake, bareng wus padha mangan saka pametune tanah kono iku, glepung man banjur ora tiba maneh. Wong Israel dadine wus padha ora kaparingan man maneh, nanging ing taun iku padha mangan pametune tanah Kanaan.

Senapatining wadya-balane Sang Yehuwah

13Nalika Sang Senapati Yusak ana ing sacedhake nagara Yerikho, bareng pinuju mirsan-mirsani, katon ana priya jumeneng ing ngarsane, ngasta pedhang ligan, tumuli dipurugi Sang Yusak kalawan pitaken: “Panjenengan punika kanca punapan mengsah?”

14Wangsulane: “Dudu, Ingsun iki Senapatining wadya-balane Pangeran Yehuwah, lagi rawuh saiki.” Sang Yusak tumuli sujud, wedanane konjem ing bumi, nyembah sarta munjuk: “Gusti kawula karsa ngandika punapa dhumateng ingkang abdi punika?”

15Senapatining wadya-balane Sang Yehuwah banjur ngandika marang Sang Yusak: “Trumpahira copoten saka ing sikilira, amarga panggonan kang sira enciki iku suci.” Senapati Yusak tumuli iya nglampahi mangkono.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel