Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA]     [PL]  [PB] 
 <<  Yosua 7 >> 

Dosa lan paukumane Akhan

1Nanging wong Israel padha nerak kasetyane, yaiku njupuk barang-barang sengkeran mau, amarga Akhan bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah, saka taler Yehuda, njupuk barang kang kasengker iku. Mulane Pangeran Yehuwah banjur duka marang wong Israel.

2Kacarita Sang Senapati Yusak utusan wong saka ing Yerikho menyang ing Ai, kang kaprenah ana ing sacedhake Bet-Awen, ing sawetane Betel, wong-wong mau padha diweling mangkene: “Padha mangkata mrana, negara iku teliken.”

3Wong mau banjur padha mangkat, nelik kutha Ai. Sawuse nelik nuli padha bali sowan ing ngarsane Sang Yusak, lan matur: “Ingkang nglurugi boten prelu tiyang sabangsa sadaya, namunga watawis tiyang kalih ewu utawi tigang ewu kemawon, ingkang mangkat mbedhah kutha Ai punika; sampun ngantos damel rekaosipun tiyang sabangsa sadaya, sami kalampahaken mrika, awit ing ngriku tiyangipun namung sakedhik.”

4Mulane kang nglurug mung watara wong telung ewu; nanging iku padha keplayu ana ing ngarepe wong ing Ai.

5Amarga wong Ai padha oleh pepati panunggalane wong iku mau watara telung puluh nenem; wong Israel dioyak wiwit saka ing ngarepe gapuraning kutha nganti tutug ing Syebarim, anggone padha nggecak ana ing ereng-ereng. Atine para umat dadi pepes.

6Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.

7Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!

8Dhuh Gusti, kawula badhe matur punapa, sasampunipun tiyang Israel keplajeng mengkeraken mengsahipun?

9Manawi bab punika kapireng tiyang Kanaan saha sakathahipun tiyang nagari punika, boten sande kawula sami badhe dipun kepang sarta nama kawula badhe kasirnakaken saking bumi. Punapa ingkang badhe Paduka tindakaken damel mulihaken asma Paduka ingkang agung punika?”

10Tumuli Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira ngadega, yagene sira kok ungkeb-ungkeb mangkono?

11Wong Israel wus padha gawe dosa, wus padha nerak prasetyaningSun kang wus Sundhawuhake marang dheweke kabeh, iya iku padha njupuk barang kang sinengker, padha nyolong, banjur didhelikake diworake karo barang darbeke.

12Mulane wong Israel ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhe, padha ngungkurake mungsuhe, amarga wus padha katetepake bakal katumpes, Ingsun ora bakal nunggil karo sira maneh, manawa sira padha ora nyirnakake barang sengkeran iku saka ing tengahira.

13Wis sira ngadega, bangsa iku sucekna lan dhawuhana mangkene: Padha sesucia tumeka ing dina sesuk, amarga pangandikane Pangeran Yehuwah Allahe Israel mangkene: Ing tengahira ana barang sengkeran, he Israel, sira bakal ora bisa tahan ana ing ngarepe mungsuhira sadurunge sira padha nyingkirake barang sengkeran iku saka ing tengahira.

14Sesuk esuk padha majua miturut talerira dhewe-dhewe, anadene taler kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut gotrahe dhewe-dhewe, sarta gotrah kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut kulawargane dhewe-dhewe. Sabanjure kulawarga kang katuding dening Sang Yehuwah iku wonge padha majua ijen-ijen.

15Lan sing sapa bakal katuding, yen kanggonan barang sengkeran mau, iku kaobonga ing geni, awake dhewe dalah sabarang darbeke kabeh, amarga nerak prasetyane Sang Yehuwah lan nglakoni pangewan-ewan ana ing antarane wong Israel.”

16Senapati Yusak tumuli wungu wayah bangun esuk, banjur nimbali wong Israel padha kadhawuhan maju miturut talere, dene kang dituding iku taler Yehuda.

17Bareng gotrah-gotrahe Yehuda padha ditimbali maju, gotrahe Zerah kang tinemu. Gotrahe Zerah mau bareng ditimbali maju miturut kulawarga, kulawargane Zabdi kang tinemu.

18Kulawargane iku bareng ditimbali maju wonge lanang ijen-ijen nuli kang tinemu Akhan, bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah panunggalane taler Yehuda.

19Pangandikane Senapati Yusak marang Akhan: “Anakku ngger, saosa urmat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngakua ana ing ngarsane; mara matura marang aku apa kang koklakoni, aja selak ana ing ngarepku!”

20Akhan banjur mangsuli marang Senapati Yusak ature: “Saestu, kula damel dosa dhumateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, sabab makaten ingkang kula lampahi:

21ing antawasipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”

22Senapati Yusak banjur utusan uwong menyang ing kembah iku lan nyata barang-barange didhelikake ana ing kemahe Akhan, selakane ana ing ngisor dhewe.

23Kabeh iku tumuli dijupuki saka ing kemahe, digawa menyang ing ngarsane Sang Yusak lan menyang ing ngareping sakehe wong Israel, banjur disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

24Senapati Yusak lan wong Israel kabeh tumuli padha nyekel Akhan bin Zerah sarta selakane, jubahe kang endah lan mase salonjor mau, dalah anake lanang lan wadon, sapine, kuldine lan wedhuse, apadene kemahe lan saduwek-duweke kabeh, banjur digawa menyang ing lebak Akhor.

25Pangandikane Sang Senapati Yusak: “Kayadene anggonmu nekakake bilai marang aku kabeh, mangkono uga Sang Yehuwah ing dina iki uga ndhatengake bilai marang kowe.” Akhan tumuli kabenturan watu dening wong Israel kabeh, banjur diobong ing geni lan dikrutugi watu.

26Sawuse iku ing dhuwure diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe kang isih nganti saprene. Mulading bebendune Sang Yehuwah banjur sirep. Mulane panggonan kono katelah lebak Akhor nganti tumeka ing dina iki.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  Yosua 7 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel