Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Korintus 5 >> 

1Satemené aku wis krungu yèn ing antaramu ana sing laku jina nganggo cara sing ngungkuli carané wong kapir (wong sing ora wanuh karo Gusti Allah), yakuwi laku jina karo ibuné kuwalon dhéwé!

2Éwasemono, kowékok padha gumunggung temen! Mesthiné kowé kudu padha sedhih, lan wong sing nglakoni jina kaya mengkono mau kuduné diwetokaké saka pasamuwan.

3Tumraping aku, senajan manut tata lair dunungku adoh karo kowé, nanging manut tata rohani, aku bebarengan karo kowé; kaya-kaya aku dhéwé ana ing tengahmu, "Mulané atas asmané Gusti kita Yésus Kristus, aku nibakaké paukuman marang wong sing nglakoni penggawé sing murang-tata mau!"

4Yèn kowé padha ngumpul masamuwan, lan aku dhéwé uga ana ing tengahmu sajroning roh, srana pangwasané Gusti Yésus,

5wong kuwi padha pasrahna marang Iblis, supaya badané dirusak, nanging nyawané kapitulungan slamet mbésuk ing Dina Pengadilané Gusti.

6Ora samesthiné kowé gumunggung! Kowé rak padha ngerti unèn-unèn sing mengkéné: "Ragi sethithik ngragèni sakèhing jladrèn kabèh."

7Ragi sing lawas, yakuwi dosa, buwangen, supaya kowé padha dadia jladrèn sing anyar, sing murni, sing tanpa ragi. Lan satemené aku ngerti, yèn kowé pancèn mengkono. Sang Kristus, Cempéning Paskah wis kasembelèh.

8Ayo kita padha pésta, ora mangan roti sing nganggo ragi lawas, yakuwi dosa lan laku jina, nanging mangana roti sing tanpa ragi, yakuwi kasampurnan lan kayektèn.

9Ing layangku sing dhisik aku wis weling, supaya kowé aja sesrawungan karo wong sing padha laku jina.

10Sing dakkarepaké dudu wong kapir sing padha laku jina lan sing karem bandha, bégal, utawa wong sing padha nyembah brahala; sebab yèn kowé kudu ngedohaké awakmu saka wong-wong sing kaya mengkono mau, kowé rak kepeksa kudu metu saka jagad iki.

11Ora mengkono; sing dakkarepaké yakuwi supaya kowé aja srawungan karo wong sing ngakuné Kristen, nanging satemené seneng laku jina, karem bandha, nyembah brahala, utawa seneng nyenyamah, seneng mendem, seneng nindakaké colong jupuk. Aja nganti kowé lungguh bebarengan mangan karo wong sing kaya mengkono mau.

12(5:12-13) Tumrap wong-wong ing sanjabané pasamuwan, aku ora wenang ngadili. Sing arep ngadili wong-wong kuwi Gusti Allah piyambak. Nanging apa ora wis samesthiné yèn kowé ngadili para warganing pasamuwanmu dhéwé? Kaya surasané Kitab Suci: "Wong sing padha nindakaké piala, tundhungen saka ing tengah-tengahmu."

13(5:12)


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Korintus 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel