Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Petrus 2 >> 

1Mulané marènana saka sakèhing piala. Aja padha goroh menèh, aja lamis, aja mèri, lan aja seneng ngala-ala.

2Dikaya bayi sing lagi lair, sing tansah kepéngin marang susu rohani sing murni, supaya srana ngombé mau kowé dadi diwasa lan kaslametaké.

3Kaya sing tinulis ing Kitab Suci mengkéné: "Kowé wis ngrasakaké dhéwé kabecikané Gusti Allah."

4Padha mareka marang Gusti Yésus. Panjenengané kaupamakaké watu sing urip, sing ditampik déning manungsa, nanging dipilih déning Gusti Allah lan gedhé banget ajiné.

5Kowé dadia kaya watu kang urip, supaya kaagem mbangun pedaleman kasukman. Ana ing pedaleman kuwi kowé dadi imam-imam suci, sing leladi nyaosaké kurban-kurban rohani, sing merga déning Gusti Yésus Kristus katrimah ing Allah.

6Sebab ing Kitab Suci katulis mengkéné: "Sejatiné Aku wis masang watu ana ing Sion, watu tetales sing pengaji banget, déné sing sapa kumandel marang kuwi mau, bakal ora kewirangan."

7Enggoné kasebut aji mau tumraping kowé, sing padha precaya. Nanging tumrap sing padha ora precaya ing Kitab Suci katulis mengkéné: "Watu sing wis ditampik déning juru yasa omah, sing dadi watu tetales mau, uga dadi tanggoran lan sandhungan."

8Enggoné padha kesandhung kuwi merga ora precaya marang pangandikané Allah; kaya mengkono sing dadi kersané Gusti Allah tumrap wong-wong mau.

9Nanging kowé kuwi bangsa sing pinilih, imam-imamé Sang Prabu, bangsa sing suci, umat kagungané Allah piyambak. Supaya padha martakaké pakaryané Gusti Allah sing ngéram-éramaké. Gusti Allah wis nimbali kowé saka pepeteng marang pepadhangé kang éndah.

10Biyèn kowé dudu umaté Allah, nanging saiki dadi umat kagungané. Biyèn kowé ora ngerti marang sih-rahmaté Gusti Allah, nanging saiki kowé wis ngrasakaké sih-rahmaté.

11Para sedulurku sing daktresnani! Aku pitutur marang kowé, sing ana ing donya kéné dadi wong neneka lan wong manca! Aja padha nuruti pepénginaning badan, awit pepénginaning badan kuwi tansah nglawan marang nyawa.

12Dibecik uripmu ana ing satengahing bangsa-bangsa sing ora wanuh karo Gusti Allah, supaya samangsa wong-wong mau padha mitenah kowé, diarani durjana, padha nyumurupi penggawé-penggawému sing becik, temahan padha ngluhuraké Gusti Allah ing Dina rawuhé.

13Demi kersané Gusti, padha sumuyuda marang sedhéngah pepréntahané manungsa, dadia marang Kaisar, kang ngasta pangwasa sing dhuwur dhéwé,

14dadia marang para gubernur kang kautus ngukum para wong sing nglakoni piala, lan ngajèni wong-wong sing gawé becik.

15Sebab wis dadi kersané Allah, supaya kowé srana penggawé becikmu mau mbungkem cangkemé wong-wong sing nggladrah gunemé.

16Padha uripa kaya wong merdika, nanging aja migunakaké kamerdikanmu kanggo nutupi piala. Uripmu dikaya abdiné Allah.

17Padha ngajènana wong kabèh; padha nresnanana sedulur-sedulurmu tunggal precaya. Padha wedia marang Gusti Allah, lan ngurmatana Sang Kaisar.

18Kowé para batur, padha sumuyuda kanthi pakéring marang para bendaramu, ora mung karo bendaramu sing luhur bebudèné lan sumanak, nanging uga karo sing kereng.

19Gusti Allah bakal mberkahi kowé samangsa padha betah nandhang panganiaya sing ora adil, merga ngerti yèn kuwi kersané Allah.

20Sebab yèn kowé digebugi merga tumindakmu sing ala, kuwi rak wis samesthiné. Nanging menawa sing koklakoni mau bener, mangka kowé digebugi, kuwi kowé bakal nampa sih-kadarmané Allah.

21Sebab yakuwi kersané Allah enggoné nimbali kowé. Awit Sang Kristus piyambak wis nandhang sangsara krana kowé, maringi tuladha supaya kowé uga nglakoni kaya Panjenengané.

22Panjenengané ora gawé dosa. Ngandikané ora tau goroh.

23Nalika Panjenengané dipisuhi, ora males misuhi. Nalika dipilara, ora ngancam, nanging sumarah marang Gusti Allah, kang jumeneng Hakim kang adil.

24Sang Kristus piyambak wis ngrembat dosa-dosa kita srana sarirané kasalib, kuwi supaya kita padha luwar saka pangwasané dosa (tegesé: ora gawé dosa menèh srana badan kita), lan padha nindakna kersané Allah. Merga saka bilur-biluré Sang Kristus kowé wis padha diwarasaké.

25Dhèk biyèn kowé kaya wedhus-wedhus sing kesasar, nanging saiki kowé wis padha digawa mulih, supaya ngetutaké Sang Kristus, Pangon lan Pamomongé nyawamu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Petrus 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel