Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 8 >> 

1Sawisé mengkono Raja Suléman banjur nimbali para pemimpiné taler-taleré bangsa Israèl sowan marang panjenengané ing Yérusalèm. Ing kono padha didhawuhi njupuk Pethining Prejanjian saka Silo supaya digawa menyang Pedalemané Allah.

2Nalika mbeneri dina Riaya Tarub Godhong ing sasi Etanim, yakuwi sasi kapitu, wong kabèh mau padha nglumpuk.

3Para imam banjur padha mikul Pethiné Prejanjian,

4digawa menyang Pedalemané Allah. Kémah Palenggahané Allah sapraboté kabèh iya dielih déning para wong Lèwi lan para imam menyang Pedalemané Allah.

5Raja Suléman lan rakyat Israèl kabèh padha nglumpuk ing ngarepé Pethi Prejanjian mau sarta saos kurban marang Allah rupa wedhus lan sapi akèh banget, nganti ora kena diétung.

6Sawisé mengkono para imam banjur nggawa Pethining Prejanjian mlebu ing Pedalemané Allah, didokok ing Papan Mahasuci, ing sangisoré reca kerub.

7Swiwiné kerub-kerub kuwi nutupi Pethi mau dalah pikulané sing dienggo ngusung.

8Kayuné pikulan sing kanggo ngusung mau samasa dideleng saka ngarepé Papan Mahasuci kari katon pucuké. Kayu pikulan mau tekan sepréné isih ana.

9Pethining Prejanjian mau wis ora ana isiné kejaba blébékan watu loro. Watu-watu mau dilebokaké ing kono déning Musa, yakuwi nalika Gusti Allah nganakaké prejanjian karo bangsa Israèl ing Gunung Sinai, sawisé bangsa Israèl metu saka tanah Mesir.

10Kacrita bareng para imam wis padha metu, Pedalemané Allah mau dumadakan kebak méga,

11sing mretandhani yèn kamulyané Allah tedhak ing kono, mula para imam ora bisa mlebu nindakaké tugasé ing Pedalemané Allah.

12Suléman banjur ndedonga mengkéné: "Dhuh Pangéran, inggih Paduka ingkang nitahaken surya ing akasa, éwasemanten milih dedalem ing petenging méga.

13Panggènan menika kawula yasa kagem Allah, dadosa dalem lan papan palenggahan Paduka."

14Raja Suléman banjur genti ngadhepaké rakyat kang padha ngadeg ing kono, nuli maringaké berkahé Allah kanggo wong-wong mau,

15(8:15-16) pangandikané, "Dhèk biyèn Gusti Allah janji marang Dawud, bapakku mengkéné, ‘Wiwit nalika Aku ngirid umat-Ku metu saka tanah Mesir, ora ana panggonan siji-sijia ing Israèl sing Dakpilih, supaya ing kono diyasana omah pangibadah kanggo nyembah marang Aku. Nanging kowé, Dawud, wis Dakpilih mréntah umat-Ku.’ Pinujia Pangéran, Allahé Israèl kang wis netepi janjiné!"

16(8:15)

17Sabanjuré Suléman ngandika, "Bapakku Dawud wis ngrancang arep yasa dalem pangibadah kagem Pangéran, Allahé Israèl.

18Nanging Pangéran ngandika marang Dawud, ‘Karepmu kuwi becik,

19mung dudu kowé, nanging anakmu sing bakal yasa Pedaleman-Ku.’"

20"Lah, saiki Pangéran wis netepi janjiné. Aku wis dadi raja ing Israèl nggentèni bapakku, lan aku wis yasa pedaleman kagem Pangéran, Allahé Israèl.

21Ing pedaleman iki aku wis nyawisaké papan kanggo Pethi Prejanjiané Allah. Kita padha ngerti yèn ing njero Pethi kuwi ana blébékan watu loro sing katulisan Prejanjiané Allah karo para leluhur kita nalika Panjenengané ngirid para leluhur mau metu saka tanah Mesir."

22Sawisé mengkono, Suléman nuli jumeneng ngadhepaké mesbèh karo ngangkat astané loro pisan, dideleng déning umat Israèl kabèh,

23sarta ndedonga mengkéné, "Dhuh Pangéran, Allahipun Israèl! Ing swarga lan ing bumi mboten wonten allah kados Paduka! Paduka netepi janji Paduka sarta ngetingalaken sih Paduka dhateng umat Paduka ingkang tansah setya saha mbangun-turut dhateng Paduka.

24Paduka sampun netepi janji Paduka dhateng bapak kawula Dawud. Ing dinten menika menapa ingkang Paduka ngandikakaken sampun Paduka leksanani.

25(8:25-26) Paduka sampun janji ugi dhateng bapak kawula, bilih samasa anak-turunipun saèstu mbangun-turut dhateng Paduka kados piyambakipun, temtu mboten pedhot-pedhot enggènipun dados raja ing Israèl. Samenika, dhuh Pangéran, Allahipun Israèl, panyuwun kawula mugi sedaya prekawis ingkang Paduka janjèkaken dhateng bapak kawula Dawud, abdi Paduka, inggih Paduka tetepi.

26(8:25)

27Nanging, dhuh Allah, menapa inggih saèstu Paduka badhé dedalem wonten ing bumi menika? Langit jembar mboten badhé nyekapi kagem Paduka, menapa malih griya pangibadah ingkang kawula yasa menika!

28Éwasemanten mugi kersa miyarsakaken pandonganipun abdi Paduka, dhuh Allah kawula, mugi karsa nyembadani panyuwun kawula ing dinten menika.

29(8:29-30) Mugi-mugi Paduka rinten lan dalu kersa ngreksa dalem pangibadah, ingkang sampun Paduka pilih badhé Paduka agem menika. Samasa kawula lan umat Paduka ndedonga sowan dhateng Paduka ing dalem menika mugi-mugi Paduka saking Pedaleman Paduka ing swarga miyarsakaken lan paring pangapunten.

30(8:29)

31Menawi wonten tiyang ingkang kadakwa damel kalepatan dhateng tiyang sanès lan kabekta ing Pedaleman Paduka ngriki sarta sumpah bilih piyambakipun mboten kalepatan,

32dhuh Allah, mugi Paduka kepareng miyarsakaken sarta mutusaken prekawisipun para abdi Paduka menika. Mugi ingkang lepat Paduka dhawahi paukuman timbang kaliyan kalepatanipun, sarta ingkang mboten lepat kaluwarana.

33Samasa umat Paduka Israèl kakawonaken déning mengsah-mengsahipun mergi saking dosa-dosanipun, lajeng sami nyuwun tulung dhateng Paduka sarta sowan ndedonga ing Pedaleman Paduka ngriki, kalayan ngasoraken manah sarta nyuwun pangapunten dhateng Paduka,

34mugi Paduka kersa miyarsakaken saking swarga. Mugi Paduka kersa paring pangapunten dhateng dosanipun umat Paduka wau, lan ngirid umat Paduka menika wangsul dhateng negari ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhuripun.

35Saupami kelampahan Paduka mboten maringi jawah mergi umat Paduka sami nglampahi dosa, mangka lajeng sami mratobat saking dosanipun sarta sowan ing Pedaleman Paduka ngriki, sarta sami ndedonga kalayan ngasoraken manahipun ing ngarsa Paduka,

36mugi Paduka saking swarga kersa miyarsakaken. Mugi Paduka kersa ngapunten dosa-dosanipun umat Paduka Israèl sarta rajanipun. Mugi kawula sami Paduka wulang nglampahi ingkang leres. Sesampunipun mekaten, dhuh Allah, mugi Paduka kersa ndhawahaken jawah ing tanah peparing Paduka menika, inggih tanah ingkang sampun Paduka paringaken dhateng umat Paduka dados gadhahanipun ing selami-laminipun.

37Saupami ing negari menika wonten paceklik utawi pageblug, utawi taneman-taneman karisak déning angin bentèr, ama utawi walang, utawi menawi umat Paduka dipun lurugi perang déning mengsah utawi déning sesakit,

38mugi Paduka miyarsakaken pandonganipun. Menawi saking antawisipun umat Paduka Israèl wonten ingkang manahipun sedhih lajeng ndedonga dhateng Paduka sarta ngangkat tanganipun madhep dhateng Pedaleman Paduka menika,

39mugi Paduka wonten ing swarga kersa miyarsakaken sarta paring pangapunten tuwin pitulungan. Namung Paduka piyambak ingkang pirsa isining manahipun manungsa. Pramila kersaa nandukaken dhateng saben tiyang miturut ing lampahipun,

40supados umat Paduka ajrih sarta mbangun-turut dhateng Paduka selaminipun manggèn wonten ing negari ingkang Paduka paringaken dhateng para leluhuripun.

41(8:41-42) Saupami wonten tiyang ngamanca ingkang manggèn ing negari sanès mireng bab kamulyan Paduka sarta mujijat-mujijat ingkang Paduka tindakaken kanggé umat Paduka, lajeng sami dhateng ing negari ngriki saos pangabekti dhateng Paduka sarta ndedonga ing Pedaleman Paduka menika,

42(8:41)

43mugi saking Dalem Paduka ing swarga Paduka kersa miyarsakaken pandonganipun sarta nyembadani panyuwunipun. Supados kados umat Paduka Israèl, sedaya bangsa ing bumi sami tepanga sarta mbangun-turuta dhateng Paduka. Kaliyan malih sami mangertosa, bilih dalem ingkang kawula yasa menika papan pangibadah kagem Paduka.

44Saupami Paduka ndhawuhi umat Paduka nglurug perang nglawan mengsah, lajeng sami ndedonga, wontena pundi kémawon papanipun, kanthi madhep dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih menika, saha dhateng dalem ingkang sampun kawula yasa kagem Paduka menika,

45mugi Paduka saking swarga kersa miyarsakaken pandonganipun, sarta maringi kemenangan dhateng umat Paduka.

46Saupami umat Paduka sami damel dosa, èstunipun mboten wonten tiyang setunggal kémawon ingkang tanpa dosa, lajeng mergi saking menapa, Paduka négakaken umat menika ngantos kelampahan dipun kawonaken déning mengsah, lajeng sami dipun tawan dhateng negari ingkang tebih utawi celak.

47(8:47-48) Saupami ing negari wau umat menika sadhar lan mratobat saèstu saking dosa-dosanipun, lajeng kalayan ngakeni dosa tuwin piawonipun, sami ndedonga dhateng Paduka kanthi madhep dhateng negari peparing Paduka dhateng leluhur kawula, ngéblat dhateng kitha sarta pedaleman ingkang sampun kawula yasa kagem Paduka,

48(8:47)

49mugi saking Pedaleman Paduka ing swarga Paduka kersa miyarsakaken pandonganipun umat Paduka wau sarta paring sih-piwelas.

50Mugi Paduka ngapunten sedaya dosa lan panerakipun, mugi kersa ngerèh manahing mengsah-mengsahipun supados nandukaken kasaénan dhateng umat Paduka.

51Tiyang-tiyang menika umat Paduka piyambak, ingkang sampun Paduka irid medal saking tanah Mesir, ingkang presasat nraka menika.

52Dhuh Allah, mugi Paduka tansah kersa menggalih dhateng umat Paduka Israèl sarta rajanipun. Sarta mugi kersa miyarsakaken panyuwunipun saben-saben umat Paduka sesambat nyuwun tulung dhateng Paduka.

53Tiyang-tiyang menika sampun Paduka pilih saking antawisipun sedaya bangsa, Paduka dadosaken umat kagungan Paduka piyambak, kados ingkang Paduka ngandikakaken piyambak lantaran abdi Paduka Musa, nalika Paduka nuntun para leluhur kawula saking tanah Mesir."

54Mengkono pandongané Raja Suléman sajroné sujud ing ngarepé mesbèh karo ngegaraké astané munggah. Sawisé mengkono banjur jumeneng lan

55kanthi swara sora nyuwunaké berkahé Allah kanggo wong sing padha nglumpuk ana ing kono, pangandikané,

56"Pinujia Allah kang wis paring katentreman marang umat kagungané kaya sing wis dijanjèkaké lantaran Musa, abdiné. Janjiné kuwi becik kabèh sarta wis ditetepi.

57Muga-muga Gusti Allah nunggil karo kita kaya enggoné nunggil karo para leluhur kita. Muga-muga Allah ora négakaké marang kita,

58lan ndadèkaké kita wong sing setya marang Panjenengané, sarta tansah urip manut ing kersané, apa déné nglakoni sakèhé prenatan lan dhawuh-dhawuhé sing wis diparingaké marang para leluhur kita.

59Muga-muga Pangéran Allah kita tansah ènget marang sing dakaturaké ing pandonga lan panyuwunku iki. Muga-muga Panjenengané tansah mberkahi umat Israèl lan rajané sarta maringi apa sing padha dibutuhaké ing sadina-dinané.

60Srana mengkono saben bangsa ing bumi bakal weruh yèn mung Pangéran sing jumeneng Allah, lan ora ana liyané.

61Mulané kowé sing dadi umat kagungané, sing padha setya marang Pangéran, Allah kita padha nindakna prenatan-prenatan sarta nglakonana dhawuh-dhawuhé, kaya sing padha koklakoni ing dina iki."

62Sawisé mengkono Raja Suléman lan rakyat kabèh sing padha nglumpuk ana ing kono padha nyaosaké kurban marang Pangéran.

63Raja Suléman nyaosaké kurban keslametan rupa sapi 22.000 lan wedhus 120.000. Srana mengkono raja lan umat Israèl kabèh nyaosaké papan pangibadah mau marang Allah.

64Ing dina kuwi uga Raja Suléman nganakaké upacara nucèkaké plataran sing ana ing ngarepé Pedalemané Allah. Ing plataran mau Suléman nyaosaké kurban obongan, kurban dhaharan, lan gajihé kéwan kanggo kurban kaslametan. Kurban-kurban disaosaké ana ing kono merga mesbèh prunggu keciliken yèn kanggo kurban-kurban mau kabèh.

65Ana ing Pedalemané Allah kono Raja Suléman lan rakyat kabèh padha nganakaké pésta Riaya Tarub Godhong nganti pitung dina lawasé. Wong sing nglumpuk ing kono akèh banget; saka wilayah sisih Lor Dalan Hamat lan sisih Kidul, yakuwi tapel watesé tanah Mesir.

66Bareng nyandhak dina kaping woluné Raja Suléman nglilani wong-wong padha mulih. Sawisé padha nyaosi sugeng marang Sang Prabu wong-wong mau nuli padha mulih klawan bungahing ati, merga sakèhing berkah sing wis diparingaké déning Allah marang Dawud, abdiné lan marang Israèl, umat kagungané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 8 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel