Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Raja-raja 9 >> 

1Bareng Suléman wis ngrampungaké enggoné yasa Pedalemané Allah lan kedhatoné sarta kabèh sing wis dirancang,

2Gusti Allah nuli ngetingal menèh marang Raja Suléman, kaya dhèk ana ing Gibéon biyèn.

3Pangandikané Pangéran marang Suléman, "Panyuwunmu wis Daksembadani, mulané Pedaleman sing kokyasa kuwi selawas-lawasé bakal dadi panggonan suci kanggo ngibadah marang Aku. Pedaleman kuwi selawasé bakal Dakenggoni lan Dakreksa.

4Yèn pangibadahmu klawan trus ing ati kaya bapakmu Dawud, lan kowé nglakoni prenatan-prenatan-Ku, sarta nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku,

5Aku bakal netepi janji-Ku marang bapakmu Dawud, yakuwi selawasé anak-turuné bakal ora pedhot-pedhot dadi raja ing Israèl.

6Nanging yèn kowé utawa anak-turunmu nyingkur marang Aku lan ora nglakoni dhawuh-dhawuh-Ku sarta prenatan-prenatan-Ku, apa menèh nyembah marang allah-allah liyané,

7Aku bakal mbuwang umat-Ku Israèl saka tanah sing wis Dakparingaké. Lan Pedaleman sing wis Daksucèkaké dadi papan pangibadah marang Aku, kuwi bakal Daktilar. Ana ing endi-endi wong Israèl bakal dirèmèhaké lan dipoyoki déning bangsa-bangsa.

8Dalem pangibadah iki bakal dijugrugaké nganti saben wong kang liwat ing kono bakal gumun lan kagèt, sarta padha takon-tinakonan ‘Yagéné Allah tumindak mengkono marang negara lan marang dalem pangibadah iki?’

9Pitakon mau bakal diwangsuli, ‘Merga umaté wis padha nyingkur marang Pangéran, Allahé, sing wis ngirid para leluhuré metu saka tanah Mesir, lan padha nyembah marang allah-allah liyané. Kuwi sebabé Allah maringi paukuman marang umaté.’"

10Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah lan kedhatoné lawasé rong puluh taun.

11Sakèhé kayu cemara Libanon lan kayu cemara lumrah sarta sakèhé emas sing dibutuhaké kanggo bangunan mau, kuwi sumbangané Raja Hiram marang Suléman. Bareng Suléman enggoné yasa mau kabèh wis rampung, Raja Hiram disaosi kutha rong puluh ing wilayah Galiléa.

12Raja Hiram mirsani kutha-kutha mau, nanging penggalihé ora rena nampani saosan mau.

13Pangandikané marang Suléman, "Sedhèrèk kula ingkang kinasih; kokkados mekaten rupinipun kitha-kitha ingkang panjenengan paringaken dhateng kula?" Kuwi sebabé daérah kono disebut "Kabul".

14Emas kirimané Raja Hiram marang Suléman mau boboté 4.000 kilogram luwih.

15Suléman enggoné yasa Pedalemané Allah, kedhaton, bètèng kutha lan enggoné ngurug kutha sing sisih Lor nganggo lemah, kuwi kabèh nganggo tenagané rakyat sing diwajibaké. Semono uga enggoné ngedegaké kutha Hazor, Megido lan Gèzèr.

16Kutha Gèzèr kuwi kutha sing dhèk biyèn tau diserang lan ditelukaké déning raja Mesir; penduduké banjur dipatèni lan kuthané diobong. Nalika Suléman krama karo putri Mesir, kutha mau diparingaké minangka hadiah marang garwané.

17(Sawisé mengkono kutha mau banjur dibangun déning Suléman.) Kutha-kutha liyané iya didegaké déning Suléman nganggo tenaga rakyat sing diwajibaké nyambut-gawé, kayata: Bèt-Horon-Ngisor, sing dibangun menèh,

18Baalat, Tamar, ing ara-ara Yéhuda,

19kutha-kutha sing kanggo nandho pangan, kutha-kutha sing dienggo gawé kandhang lan krétané jaranan; semono uga bangunan-bangunané Sang Raja sing ana ing Yérusalèm, Libanon sarta ing negara liya-liyané, sing wis dirancang déning Sang Prabu.

20(9:20-21) Rakyat sing diwajibaké nyambut-gawé déning Suléman kuwi anak-turuné wong-wong sing ora dipatèni déning wong Israèl nalika mlebu ngenggoni tanah kono, yakuwi bangsa-bangsa Amori, Hèt, Fèris, Hèwi lan bangsa Yébus, sing anak-turuné tekan saiki isih padha dadi batur-tukon.

21(9:20)

22Wong Israèl dhéwé ora didadèkaké batur-tukon déning Suléman, nanging padha didadèkaké tentara, pegawé, pemimpin, perwira pasukan kréta perang lan prejurit jaranan.

23Pegawé sing dipasrahi ngawasi wong-wong sing nglakoni kerja-bakti ing bangunan-bangunané Raja Suléman kabèh cacahé 550.

24Suléman dhawuh ngurug tanah sawétané kutha, yakuwi sawisé garwané saka Mesir ngalih saka kuthané Dawud menyang kedhaton sing diyasa déning Suléman kanggo garwané mau.

25Setaun ping telu Suléman saos kurban obongan lan kurban kaslametan ing mesbèh sing diyasa kagem Allah; kejaba kuwi Suléman iya saos kurban dupa kagem Allah. Mengkono Suléman enggoné ngrampungaké yasa Pedalemané Allah.

26Suléman iya yasa kapal-kapal ing Ézion-Gèbèr, sacedhaké Éliot ing pesisiré Teluk Akaba, wilayah Édom.

27Raja Hiram ngutus ahli-ahli pelayarané sing wis pengalaman nglakokaké kapal-kapal mau bebarengan karo para pegawéné Raja Suléman.

28Enggoné lelayaran tekan Ofir lan saka kana nggawa emas 14.000 kilogram kanggo Suléman.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Raja-raja 9 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel