Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 10 >> 

1Samuèl banjur njupuk kendhi isi lenga zaitun, disuntak ing sirahé Saul. Saul banjur diambung karo kandha, "Gusti Allah wis njebadi kowé supaya ngratoni umat Israèl. Kowé bakal ngayomi wong-wong kuwi saka mungsuh-mungsuhé. Iki tandhané yèn Gusti Allah wis milih kowé dadi ratuning para umaté.

2Salungamu saka kéné, kowé bakal ketemu wong lanang loro ing sacedhaké kuburané Rahèl ing Zèlzah ing wilayah Bènyamin. Wong-wong kuwi bakal ngandhani kowé, ‘Kuldi-kuldi ingkang sampéyan padosi menika sampun kepanggih. Samenika bapak sampéyan manahipun sampun bingah, nanging gentos prihatos pados rékadaya sagedipun manggihaken sampéyan.’"

3Samuèl kandha menèh, "Saka ing kono kowé bakal mlaku terus tekan wit panggonan ngibadah ing Tabor. Ing kana ana wong lanang telu arep nemoni kowé. Wong-wong mau arep menyang Bètèl prelu nyaosaké kurban kagem Gusti Allah. Sing siji nggiring cempé telu, sijiné nggawa roti telu, lan sijiné menèh nggawa kanthong lulang isi anggur.

4Wong-wong mau bakal nyalami kowé lan kowé bakal diwènèhi roti lan kudu kokpangan.

5Sawisé kuwi kowé kudu lunga menyang punthuking Allah ing Gibéa, panggonané kémahé wong Filistin. Ing gapuraning kutha, kowé bakal pethukan karo rombongan nabi sing mudhun saka mesbèh ing ndhuwur punthuk. Wong-wong mau padha jejogèdan lan bengok-bengok, terbangan, nylempung lan nyuling.

6Ing wektu kuwi uga kowé bakal ditedhaki Rohé Allah lan kowé bakal mèlu jejogèdan bareng karo pambengoké wong-wong mau, lan atimu dianyaraké.

7Kepriyé kelakoné prekara mau, apa sing kokanggep becik, lakonana, sebab Gusti Allah nunggal karo kowé.

8Sabanjuré kowé kudu lunga menyang Gilgal sarta ngentènana ing kana pitung dina. Mengko aku bakal teka nyaosaké kurban obongan lan kurban suci, sarta ngandhani kowé apa sing kudu koklakoni."

9Lagi waé Saul mungkur saka panggonané Samuèl, Saul nampa bebudèn anyar saka Gusti Allah. Apa sing dikandhakaké déning Samuèl marang Saul, kelakon ing dina iku uga.

10Bareng Saul lan abdiné tekan Gibéa, padha ditemoni déning rombongan nabi. Dhèk semana Saul ditedhaki Rohé Allah, mèlu jejogèdan lan suraké para nabi mau.

11Wong-wong sing wis padha tepung, bareng weruh pratingkahé Saul, banjur padha takon-tinakonan, "Anaké Kis kuwi kena apa? Apa Saul iya dadi nabi?"

12Banjur ana sing takon, "Lha karo nabi-nabi liyané kepriyé? Sapa ta bapakné?" Iya kuwi asal-usulé ana tetembungan, "Apa Saul iya dadi nabi?"

13Sawisé Saul rampung enggoné jejogèdan lan bengok-bengok, nuli lunga menyang mesbèh ing punthuk.

14Pamané weruh Saul karo baturé, banjur takon, "Kowé saka ngendi?" Wangsulané Saul, "Madosi kuldi! Sareng kula mboten saged manggihaken lajeng sowan Samuèl."

15"Apa sing dikandhakaké karo kowé?" pitakoné pamané.

16Saul mangsuli, "Samuèl ngandika, bilih kéwan-kéwan wau sampun kepanggih." Nanging Saul ora crita marang pamané, yèn dhèwèké wis dijebadi déning Samuèl dadi raja.

17Samuèl banjur ngundangi wong-wong Israèl supaya kumpul ing Mizpa,

18lan kandha karo wong-wong mau, "Yaiki sing dingandikakaké déning Gusti Allahé Israèl, ‘Aku wis ngentasaké kowé kabèh metu saka tanah Mesir lan nguwalaké saka pangwasané wong Mesir sarta bangsa-bangsa liyané sing nindhes kowé kabèh.

19Aku wis mbébasaké kowé kabèh saka sakabèhing kasangsaran lan kaprihatinan. Nanging saiki kowé padha ngemohi Aku, Gusti Allahmu, sebab kowé nyuwun supaya Aku njumenengaké raja kanggo kowé kabèh. Yèn mengkono, padha kumpula ing ngarsa-Ku, Gusti Allahmu, manut wewengkon lan talermu.’"

20Samuèl banjur mréntahaké sakabèhing taler maju, lan klompok Bènyamin sing katuding.

21Bareng brayaté taler Bènyamin padha dikon maju, brayat Matri sing katuding. Wekasané para wong lanang ing brayat Matri mau, lan Saul anaké Kis sing katuding. Wong-wong banjur padha nggolèki Saul, nanging dhèwèké ora ana.

22Mula wong-wong banjur padha matur marang Gusti Allah, "Nuwun Gusti, menapa tiyang menika sampun wonten ing ngriki?" Pangandikané Gusti Allah, "Saul ndhelik ana ing mburiné barang-barang."

23Wong-wong mau banjur padha énggal-énggal marani Saul, banjur digawa menyang tengahing wong akèh. Bareng Saul ngadeg ing antarané wong-wong mau, dhèwèké sing dhuwur dhéwé; wong liyané mung sapundhaké.

24Samuèl banjur kandha karo wong-wong, "Tontonen wong sing dipilih déning Gusti Allah, ing antarané kita ora ana sing nandhingi." Wong-wong kabèh padha surak-surak, "Sugeng Sang Raja!"

25Samuèl banjur nerangaké marang bangsa mau bab wewenang lan kuwajibaning raja, banjur ditulis ing buku sing disimpen ing papan suci. Sawisé kuwi Samuèl préntah supaya wong-wong padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

26Saul uga mulih menyang omahé ing Gibéa, diapit déning wong-wong sing gagah prakosa lan sing wis diosikaké atiné déning Gusti Allah, mbarengi Saul.

27Nanging ana sawetara wong ala sing kandha, "Apa iya wong iki bakal ana gunané kanggo kita?" Wong-wong padha ngrèmèhaké Saul lan ora saos pisungsung marang dhèwèké. Nanging Saul éthok-éthok ora weruh.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 10 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel