Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Samuel 16 >> 

1Sawisé sawetara suwéné Gusti Allah ngandika marang Samuèl, "Nganti pira lawasé enggonmu susah merga saka Saul? Dhèwèké rak wis Daksingkur enggoné dadi raja Israèl? Saiki, njupuka lenga zaitun lan lungaa menyang Bètléhèm, ing panggonané Isai, sebab anaké salah siji wis Dakpilih dadi raja."

2Nanging Samuèl matur, "Kadospundi enggèn kula badhé nglampahi, menawi prekawis menika kepireng déning Saul; kawula mesthi dipun pejahi." Gusti Allah ngandika, "Nggawaa sapi sing isih enom siji, sarta kabarna karo wong-wong, yèn enggonmu teka ing kana prelu saos kurban marang Gusti Allah.

3Isai banjur undangen ing upacara kurban mau. Mengko Dakparingi weruh apa sing kudu koktindakaké. Wong sing Daktuduhaké kowé kuwi, kudu kokjebadi dadi raja."

4Samuèl nglakoni apa sing dingandikakaké Gusti Allah. Bareng wis tekan ing Bètléhèm, para pemimpining kutha padha kagèt, methukaké karo matur, "Ngaturaken sugeng rawuh!"

5Wangsulané Samuèl, "Iya. Tekaku prelu saos kurban marang Allah. Mulané padha sesucia lan mèlua nindakaké upacara saos kurban marang Gusti Allah." Isai lan anak-anaké iya didhawuhi sesuci sarta padha diundang.

6Bareng wis padha kumpul, Samuèl mandeng Éliab, anaké Isai, pangunandikané, "Mesthi iki pilihané Gusti Allah."

7Nanging Gusti Allah ngandika marang Samuèl, "Aja nyawang dhuwur lan bagusing rupané. Dudu dhèwèké sing Dakkersakaké. Aku ora mawas cara manungsa. Yèn manungsa mung mawas lairé, nanging Aku mawas batiné."

8Isai banjur ngundang Abinadab, anaké, dikon sowan Samuèl. Nanging Samuèl kandha, "Iki iya dudu pilihané Gusti Allah."

9Syama banjur dikon maju déning Isai, nanging Samuèl kandha, "Iki iya dudu pilihané Gusti Allah."

10Mulané Isai banjur akon anaké lanang pitu genti-gentèn sowan Samuèl, nanging Samuèl kandha karo wong-wong mau, "Wong-wong iki iya dudu pilihané Gusti Allah."

11Samuèl banjur takon marang Isai, "Apa iki wis kabèh?" Aturé Isai, "Taksih setunggal ingkang ragil, nanging saweg angèn ménda." Samuèl kandha, "Coba paranana, sebab kita ora bakal saos kurban sadurungé dhèwèké teka."

12Isai banjur kongkonan marani anaké. Jebul dhèwèké kuwi pemuda sing nggantheng lan waras; mripaté katon éndah. Gusti Allah banjur ngandika marang Samuèl, "Iya iki, jebadana!"

13Samuèl énggal-énggal njupuk lenga zaitun lan njebadi Dawud ana ing sangareping kakang-kakangné. Sanalika iku uga Dawud dikwasani Rohé Allah; iya wiwit ing dina kuwi lan saterusé tansah dikanthi déning Rohé Allah. Samuèl banjur mulih menyang Rama.

14Sawisé kuwi Saul ditinggal déning Rohé Allah, sarta dikwasani déning roh ala sing diutus déning Gusti Allah.

15Mulané para abdiné Saul matur marang Saul, "Kula sami sumerep bilih roh reged ingkang dipun utus Gusti Allah ngwaosi panjenengan.

16Menawi panjenengan ngersakaken, kula sami badhé pados tiyang ingkang pinter main clempung. Menawi panjenengan kaleres dipun siksa déning roh wau, tiyang menika saged main clempungipun, saha panjenengan badhé kraos senggang."

17Saul banjur préntah marang wong-wong, "Golèkana wong sing pinter main clempung, jaken mréné."

18Bareng krungu mengkono ana abdiné sing matur, "Isai saking kitha Bètléhèm gadhah anak jaler ingkang pinter main musik. Piyambak ipun dados prejurit ingkang kendel saha saé. Langkung-langkung piyambakipun pinter gineman, lan tinunggil ing Allah."

19Saul banjur kirim utusan nemoni Isai, diweling mengkéné, "Anakmu si Dawud, sing angon wedhusmu, konen sowan aku."

20Isai banjur njupuk kuldiné, terus dimomoti cempé siji, roti lan kanthong kulit kebak anggur. Kabèh mau dipasrahaké Dawud supaya dipisungsungaké marang Saul.

21Dawud banjur sowan Saul sarta didadèkaké abdiné. Dhèwèké dikasihi banget déning Saul lan didadèkaké tukang nggawa gamané.

22Saul banjur ngirim kongkonan nemoni Isai sarta diweling, "Aku tresna marang Dawud, mula lilanana tetep ana ing kéné, ngladèni aku."

23Wiwit kuwi, saben-saben Saul ditekani roh reged, Dawud banjur njupuk clempungé lan clempungan. Saul krasa tentrem lan waras menèh, sebab ditinggal roh reged mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Samuel 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel