Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 12 >> 

1Nalika Dawud lolos saka kedhatoné Raja Saul banjur ngungsi menyang Ziklag. Akèh prejurit sing setya lan wis akèh pengalamané padha nekani Dawud.

2Wong-wong mau iya saka taleré Bènyamin, kaya Saul. Padha pinter manah lan mbandhil, nganggo tangan kiwa bisa, nganggo tangan tengen iya bisa.

3(12:3-7) Pemimpiné jenengé Ahiézer lan Yoas anak-anaké Semaa saka Gibéa. Perwira-perwira mau jenengé: Yezièl lan Pèlèt anak-anaké Azmawèt Beraka lan Yéhu wong Anatot Yismaya saka Gibéon, perwira misuwur, salah sijiné pemimpiné klompok perwira "Tridasawira" Yérémia, Yahazièl, Yohanan lan Yozabad wong Gedéra Èluzai, Yérimot, Bealya, Semarya lan Séfaca wong Harufi Èlkana, Yisia, Azareèl, Yoèzèr lan Yasobam saka trah Korah Yoèla lan Zebaya anak-anaké Yéroham wong Gedor.

4(12:3)

5(12:3)

6(12:3)

7(12:3)

8Nalika Dawud ndhelik ing ara-ara samun, akèh perwira misuwur lan pengalaman saka taler Gad sing mèlu Dawud. Perwira-perwira mau pinter banget migunakaké tamèng lan tumbak; kendelé kaya singa lan gesité kaya menjangan.

9(12:9-13) Jeneng-jenengé kasebut ing ngisor iki miturut undha-usuké pangkaté: Èzèr, Obaja, Éliab, Mismana, Yérémia, Atai, Élièl, Yohanan, Èlizabad, Yérémia, Makbanai.

10(12:9)

11(12:9)

12(12:9)

13(12:9)

14Perwira-perwira saka Gad mau sebagéan ana sing dadi komandhané pasukan sèwu, lan sebagéan dadi komandhan pasukan satus.

15Tau kelakon perwira-perwira mau nyabrang Kali Yardèn, nalika kaliné mbeneri banjir gedhé. Kabèh penduduk sing manggon ing sawétan lan sakuloné kali mau padha ditundhung saka kono.

16Ing sawijining dina ana rombongan wong-wong saka taler Bènyamin lan taler Yéhuda marani papan pandhelikané Dawud.

17Wong-wong mau ditemoni déning Dawud, karo muni mengkéné, "Yèn tekamu dadi mitra, merga arep nulung aku, padha manggona ing kéné. Kowé bakal daktampani klawan bungah. Nanging yèn tekamu nedya masrahaké aku marang mungsuh, senajan aku ora gawé ala marang kowé, Allah sing disembah para leluhur kita pirsa, lan Panjenengané bakal ngukum kowé."

18Ana wong siji ing antarané wong-wong mau, yakuwi Amasai sing mbésuké dadi komandhané pasukan "Tridasawira," kapenuhan ing Rohé Allah, banjur matur, "Dawud, putranipun Isai! Kula sami wonten ing wingking panjenengan! Mugi panjenengan lan sedaya tiyang ingkang mbiyantu panjenengan kaparingan kaunggulan. Allah wonten ing pihak panjenengan!" Wong-wong mau banjur ditampani déning Dawud lan diangkat dadi perwira-perwira angkatan perangé.

19Saka klompok Manasyè ana prejurit-prejurit sing padha pindhah mèlu Dawud, nalika Dawud bebarengan karo wong Filistin nglawan Raja Saul. Satemené Dawud ora mbiyantu wong-wong Filistin. Dawud dikon mulih menyang Ziklag déning wong-wong Filistin, merga wong Filistin kuwatir yèn Dawud mbalik mèlu Raja Saul.

20Jeneng-jenengé perwira saka taler Manasyè sing mbalik mèlu Dawud nalika Dawud bali menyang Ziklag, yakuwi: Adnah, Yézabad, Yediaèl, Mikhaèl, Yozabad, Élihu lan Ziletai. Wong-wong mau padha diangkat dadi komandhan, saben perwira dadi komandhan sing mbawahaké prejurit sèwu.

21Perwira-perwira mau wong-wong sing gagah-prakosa lan mbiyantu Dawud srana enggoné padha dadi komandhan pasukan. Mbésuké wong-wong mau padha dadi perwira-perwira ing angkatan perangé bangsa Israèl.

22Mèh saben dina ana wong sing teka mèlu Dawud, nganti ora wetara suwé tentarané Dawud cacahé akèh banget.

23(12:23-37) Nalika isih manggon ing Hébron akèh prejurit gemblèngan sing mbalik mèlu Dawud. Enggoné padha mbalik mau maksudé mbiyantu supaya Dawud dadi raja, nggentèni Raja Saul, kaya sing dijanjèkaké déning Gusti Allah. Cacahé prejurit mau yakuwi: Yéhuda: wong 6.800, pepak sepraboté tamèng lan tumbak; Siméon: wong 7.100, prejurit sing gemblèngan; Lèwi: wong 4.600; Yoyada sabalané, anak-turuné Harun: wong 3.700; Zadok, nonoman pejuang sing kendel lan sanak-seduluré, wong 22 sing misuwur; Bènyamin (talerè Raja Saul): wong 3.000. Umumé wong-wong taler Bènyamin padha setya marang Raja Saul; Éfraim: wong 20.800, wong sing kajèn ing antarané gotrahé dhéwé-dhéwé; Manasyè sisih Kulon: wong 18.000, sing diutus déning taleré supaya mèlu lan ngangkat Dawud dadi raja; Isakar: wong 200 pemimpin sabalané kabèh. Pemimpin-pemimpin iki wong-wong sing wicaksana, ngerti akon marang rakyat Israèl nglakoni apa sing prelu, ing wektu sing cocog. Zébulon: wong 50.000, sing trampil migunakaké gegaman apa waé, lan selawasé siaga ing perang; kuwi wong-wong sing setya lan kena diendelaké; Naftali: wong 1.000, golongan pemimpin karo prejurit 37.000, pepak sapraboté perang, tamèng lan tumbak; Dhan: wong 28.000 sing wis digemblèng; Asyèr: wong 40.000 sing siaga ing perang; taler-taler sing manggon ing sawétané Kali Yardèn, yakuwi: Rubèn, Gad lan Manasyè sabrang Wétan: wong 120.000, sing trampil migunakaké gegaman apa waé.

24(12:23)

25(12:23)

26(12:23)

27(12:23)

28(12:23)

29(12:23)

30(12:23)

31(12:23)

32(12:23)

33(12:23)

34(12:23)

35(12:23)

36(12:23)

37(12:23)

38Wong mau padha lunga menyang Hébron, kabèh wis siaga ing perang lan tékadé arep ngangkat Dawud dadi raja sing mengku sanegara Israèl kabèh. Mengkono uga wong Israèl liyané iya padha setuju mengkono.

39Telung dina lawasé wong-wong mau padha nginep ing panggonané Dawud lan disuguh mangan lan ngombé déning wong Israèl.

40Taler-taler sing manggon ing sisih Lor, yakuwi Isakar, Zébulon lan Naftali, wong-wongé padha teka nggawa pangan, kayata: glepung, woh ara, kismis, anggur lan lenga zaitun. Pangan mau digawa nganggo kuldi, unta, bihal lan sapi. Iya padha nggawa sapi lan wedhus gèmbèl, arep padha disembelèh lan dipangan. Kuwi kabèh nélakaké yèn rakyat Israèl kabèh padha bungah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 12 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel