Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 13 >> 

1Raja Dawud rembugan karo para perwirané, komandhané pasukan-sèwu lan pasukan-satus.

2Banjur kandha karo umat Israèl mengkéné, "Yèn kowé padha setuju lan Pangéran Allah kita marengaké, beciké kita kirim utusan marani para imam lan wong-wong Lèwi ing désa-désané, dikon nglumpuk mréné.

3Kita prelu njupuk Pethi Prejanjiané Allah, sing selawasé Saul dadi raja ora kopèn."

4Rakyat bungah lan setuju krungu usulé Dawud sing mengkono mau.

5Dawud banjur nglumpukaké rakyat Israèl kabèh wiwit sing padha manggon ing sisih Kidul ing tapel watesé tanah Mesir, tekan sing manggon ing sisih Lor, sacedhaké dalan menyang Hamat. Wong kabèh mau diajak njupuk Pethining Prejanjian saka Kiryat-Yéarim digawa menyang Yérusalèm.

6Dawud banjur mèlu lunga menyang Baala, yakuwi Kiryat-Yéarim. Pethi kuwi uga disebut: "Dhamparé Allah sing ana ing sandhuwuré kerub".

7Satekané ing Baala Pethi Prejanjian banjur diwetokaké saka omahé Abinadab, sarta diunggahaké ing grobag sapi anyar. Sapiné dituntun déning Uza lan Ahio.

8Déné Raja Dawud lan bangsa Israèl kabèh padha mlaku ing ngarep karo jogèdan lan menyanyi kanthi semangat, dibarengi uniné clempung, gambus, terbang, kecèr lan slomprèt.

9Bareng padha tekan penggilingan gandum duwèké Kidon, sapi-sapi sing narik grobag mau kesandhung lan Uza tangané kemlawé arep nyangga Pethiné Prejanjian supaya aja tiba.

10(13:10-11) Nanging Pangéran duka lan Uza diukum merga nyekel Pethi mau. Sanalika iku uga Uza mati merga astané Allah. Mulané wiwit dina kuwi panggonan kono disebut: "Pèrès-Uza". Dawud nepsu merga Uza diukum semono aboté déning Allah.

11(13:10)

12Nanging Dawud uga wedi banget, mula banjur kandha, "Saiki kepriyé patrapé nggawa Pethi Prejanjian iki?"

13Pethi mau banjur ora sida digawa menyang Yérusalèm, lan ditinggal ing omahé wong sing jeneng Obèd-Édom, saka kutha Gad.

14Pethi kuwi ana ing kono nganti telung sasi. Déné Obèd-Édom sebrayaté lan barang-darbèké diberkahi déning Pangéran, merga enggoné kanggonan Pethi Prejanjian mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 13 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel