Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 16 >> 

1Pethi Prejanjian mau digawa mlebu ing kémah sing wis dicawisaké. Sawisé mengkono banjur padha nyaosaké kurban obongan lan kurban keslametan marang Allah.

2Sarampungé saos kurban Raja Dawud banjur mberkahi rakyat atas asmané Pangéran,

3nuli ngedum panganan marang wong-wong mau kabèh. Saben wong sing ana ing kono diparingi roti, daging panggang, kismis lan anggur.

4Ana wong Lèwi sawetara sing diangkat déning Raja Dawud didhawuhi mimpin upacara pangibadah marang Pangéran, Allahé Israèl, ana ing ngarepé Pethi Prejanjian, nganggo kekidungan lan puji-pujian.

5Sing dipilih dadi pemimpin mau Asaf; Zakharia diangkat dadi wakilé. Sing ngunèkaké clempung, Yeièl, Semiramot, Yehièl, Matica, Éliab, Benaya, Obèd-Édom lan Yeièl. Asaf ngunèkaké kentrung,

6lan imam loro, yakuwi Benaya lan Yahazièl dikon ngunèkaké slomprèt ing ngarepé Pethi Prejanjian mau.

7Mengkono kawitané Raja Dawud ngangkat Asaf lan kanca-kancané dadi penyanyi sing ngidungaké nyanyian marang Allah.

8Ngaturna panuwun marang Pangéran lan undhangna kamulyané, critakna kabecikané ing antarané para bangsa.

9Aturna nganggo nyanyian pangalembana marang Pangéran. Sakèhé pendamelé kang élok critakna!

10Kita rak para kagungané, mulané ayo padha bungah-bungah. Sakèhé wong sing nyembah Panjenengané padha bungah-bungaha.

11Padha mareka marang Pangéran nyuwun kekuwatan. Padha nyembaha tanpa kendhat.

12(16:12-13) Hé anak-turuné Yakub, para abdiné Allah! Hé anak-turuné Israèl, umat pilihané! Élinga marang kaélokan sing katindakaké déning Allah, dhawuh-dhawuhé padha lakonana.

13(16:12)

14Panjenengané kuwi Pangéran, Allah kita. Pangwasané ngliputi wrata sajagad.

15Janjiné aja pisan-pisan dilirwakaké, aja dilalèkaké ing selawas-lawasé.

16Janjiné didamel karo Abraham, lan diambali karo Iskak,

17banjur dikekahaké karo Yakub, dadi janji sing langgeng karo Israèl.

18"Kowé bakal Dakparingi tanah minangka warisan," mengkono dhawuhé Allah.

19Umaté Allah ana ing kana dadi wong manca, tur cacahé mung sethithik;

20padha nglembara ing tanah kana lan tanah kéné, saka bangsa siji menyang sijiné.

21Allah ora négakaké bangsané disiya-siya; merga saka umaté raja-raja diélikaké,

22"Umat pilihan-Ku aja kokganggu, aja nggepok nabi-nabi-Ku."

23Hé wong salumahé bumi, keslametan peparingé wartakna saben dina.

24Kaluhurané critakna marang para bangsa, kaélokané marang para umat sajagad.

25Kamulyané Pangéran pinuji-pujia, kasaosana kaurmatan ngungkuli para déwa.

26Déwa-déwané bangsa liya rak mung reca, nanging Allah kita iku kang nitahaké jagad raya.

27Kaluhuran lan kamulyan dadi agemané, pangwasa lan kamuktèn ana ing dalemé.

28Hé sakèhé umat, Pangéran pujinen! Pinujia kamulyan lan pangwasané.

29Pujinen Asmané kang mulya, saosana kurban ing Pedalemané. Atimu sucèkna kagem Panjenengané samangsa sujud nyembah ing ngarsané.

30Hé bumi saisiné kabèh, padha getera ing ngarsané Allah; jagad wis disentosakaké, temah ora owah gingsir.

31Hé langit lan bumi, padha surak-suraka klawan bungah! Padha wartakna marang bangsa-bangsa yèn Allah iku Raja!

32Hé segara, padha gemuruha lan kabèh sing urip ana ing njeromu. Hé ara-ara lan kabèh sing tuwuh ing kono, tansah padha bungah-bungaha.

33Wit-witan ing alas bakal padha surak-surak; ing ngarsané Pangéran bakal padha suka-suka, samangsa Pangéran rawuh ngadili jagad.

34Saosa sukur marang Pangéran! Awit sih-katresnané tanpa wangenan.

35Nyebuta, "Dhuh Allah, Panjenengan menika Juru Wilujeng kawula; kersaa ngentas kawula lan nglempakaken kawula malih. Kersaa ngluwari kawula, dhuh Allah, saking blenggunipun bangsa-bangsa ingkang sami njajah! Temah asma Paduka ingkang suci badhé kawula puji; namung dhateng Paduka piyambak kawula badhé saos panuwun."

36Pujinen Pangéran, Allahé Israèl! Samengko lan selawas-lawasé! Sawisé Asaf lan wong-wong Lèwi rampung enggoné nglagokaké nyanyian mau, umat Israèl kabèh banjur ngucap, "Amin," sarta padha ngluhuraké asmané Pangéran.

37Raja Dawud nuli ndhawuhi Asaf lan wong-wong Lèwi liyané supaya saterusé padha ngurusi prekara-prekara sing magepokan karo pangibadah ing kémah, panggonan sing kanggo nyimpen Pethi Prejanjiané Allah. Saben dina kudu padha nglakoni pegawéané ana ing kono,

38diréwangi déning Obèd-Édom bin Yedhutun, lan wong sewidak liyané nunggal gotrah. Obèd-Édom lan Hosa dadi pengawalé lawang-lawangé gapura.

39Nanging Imam Zadok lan imam-imam liyané didhawuhi ngurus pangibadah sing ana ing Gibéon.

40Saben ésuk lan soré wong-wong mau kudu padha nyaosaké kurban obongan ing mesbèh miturut prenatan-prenatan sing kaparingaké déning Pangéran marang umat Israèl.

41Imam Zadok lan imam-imam mau diréwangi déning Héman lan Yedhutun sarta wong-wong liyané sing dipilih kusus kanggo nglagokaké nyanyian: "Kidung konjuk marang Pangéran, merga sih-kadarmané langgeng ing selawasé."

42Héman lan Yedhutun uga kadhawuhan ngurus slomprèt, kentrung lan alat musik liya-liyané kanggo mbarengi kekidungan sing dilagokaké. Wong-wong liyané sing tunggal gotrah karo Yedhutun kadhawuhan jaga lawang-lawanging gapura.

43Wong kabèh nuli padha mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé. Mengkono uga Raja Dawud nuli kondur tilik brayaté.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 16 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel