Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 21 >> 

1Iblis kepéngin gawé cilakané bangsa Israèl. Mulané Raja Dawud dibujuk supaya nganakaké cacah-jiwa.

2Raja Dawud banjur dhawuh marang Yoab lan para perwirané tentara mengkéné, "Padha midera satanah Israèl kabèh, wong kabèh itungen; aku kepéngin ngerti pira cacahé."

3Wangsulané Yoab, "Mugi Pangéran nikelaken rakyat Israèl ngantos kaping satusipun samenika. Panjenengan rak sampun pirsa, bilih rakyat sedaya sampun dados kawulanipun Sang Prabu? Dados menapa ginanipun ngawontenaken cacah-jiwa? Menawi menika ketitik lepat rak sabangsa sedaya badhé nyanggi paukumanipun."

4Nanging Raja Dawud meksa ndhawuhi Yoab nindakaké cacah-jiwa mau. Yoab banjur mangkat ndlajahi satanah Israèl kabèh, banjur bali menyang Yérusalèm,

5nglapuraké asilé cacah-jiwa mau. Cacahé wong lanang sing bisa dadi tentara ing daérah Israèl ana 1.100.000 lan ing daérah Yéhuda 470.000.

6Taler Lèwi lan Bènyamin ora klebu ing cacah mau. Yoab ora nyacahaké wong-wong Lèwi lan Bènyamin merga ora seneng nindakaké dhawuhé Sang Prabu.

7Gusti Allah ora rena ing penggalih karo anané cacah-jiwa mau. Mulané Israèl banjur diukum.

8Raja Dawud banjur ndedonga marang Allah, aturé, "Kawula sampun damel dosa! Mugi kersa paring pangapunten, mergi ingkang kawula lampahi menika pendamel ingkang bodho sanget."

9Pangéran ngandika marang Nabi Gad, penaséhat pribadiné Raja Dawud,

10dhawuhé, "Dawud paranana lan kandhaa yèn ana telung prekara sing kena dipilih salah siji. Aku bakal nindakaké apa sing dipilih mau."

11Nabi Gad banjur budhal sowan Sang Prabu Dawud lan ngaturaké dhawuhé Allah, aturé, "Panjenengan kedah milih salah setunggal saking tigang prekawis menika:

12Tigang taun awis tedha; dipun kuya-kuya déning mengsah tigang wulan, menapa tigang dinten laminipun dipun gebag déning Pangéran srana pageblug, sebab Malaékating Pangéran badhé ndhatengaken pepejah wradin satanah Israèl sedaya. Kula aturi milih samenika ugi supados kula saged matur dhateng Pangéran."

13Wangsulané Raja Dawud, "Aku judheg! Nanging aku emoh diukum déning manungsa. Luwih becik kita tampa paukumané Allah waé, merga Allah mono gedhé katresnané."

14Pangéran banjur nekakaké pageblug wujud lelara marang wong Israèl, nganti cacahé wong sing mati ana pitung puluh èwu.

15Gusti Allah banjur ngutus Malaékat nggempur kutha Yérusalèm. Nanging bareng Malaékat mau wis mèh tekan panggonan penggilingan gandum duwèké Arauna, wong Yébus, Pangéran nuli keduwung. Lan ngandika marang Malaékat sing kautus mau, "Wis, cukup seméné waé! Mandhega!"

16Raja Dawud weruh Malaékat mau nglayang ing antarané langit lan bumi, ngasta pedhang, siaga nggempur kutha Yérusalèm. Raja Dawud lan para pemimpiné rakyat nganggo sandhangan bagor mretandhani enggoné getun lan nlangsani dosané, banjur padha sujud sumungkem ing bumi.

17Pandongané Raja Dawud, "Dhuh Allah, kawula ingkang damel dosa. Kawula ingkang akèn ngawontenaken cacah-jiwa. Nanging menggahing bangsa menika, menapa lepatipun? Mugi ngukum kawula lan brayat kawula, nanging umat menika mugi katebihna saking paukuman!"

18Sawisé mengkono Nabi Gad banjur diutus déning Malaékating Pangéran kandha supaya Raja Dawud yasa mesbèh kagem Pangéran ing penggilingan gandumé Arauna.

19Raja Dawud nuli budhal kaya sing didhawuhaké déning Allah lantaran Nabi Gad.

20Ana ing penggilingan gandum mau, Arauna lan anaké lanang papat lagi padha nyambut-gawé. Bareng weruh Malaékaté Pangéran, bocah papat mau banjur padha mlayu umpetan.

21Bareng Arauna weruh Raja Dawud rawuh banjur dibagèkaké karo sujud sumungkem ing bumi.

22Pangandikané Raja Dawud, "Aku kepéngin gawé mesbèh ing kéné kagem Gusti Allah, supaya pageblug iki sirep. Matura pira regané lemah iki, bakal dakbayar."

23Aturé Arauna, "Dhuh Sang Prabu, Panjenengan agem kémawon, lan sumangga nindakna menapa ingkang panjenengan kersakaken. Mangga menika lembu-lembu kagem kurban obongan. Papan-papan penggilingan menika prayogi panjenengan agem mbesmi kurban. Mangga kula aturi mundhut gandum kagem saosan. Menika sedaya kula saosaken mboten mawi mbayar."

24Nanging Raja Dawud mangsuli, "Aja! Arep daktuku lan dakbayar apa mesthiné. Aku moh nyaosaké apa-apa marang Allah saka barang-darbèkmu utawa saos kurban obongan nganggo barang wéwéhan."

25Raja Dawud banjur nuku lemah mau saka Arauna rega 600 dhuwit emas.

26Ing panggonan kono Raja Dawud ngedegaké mesbèh kagem Pangéran, sarta saos kurban obongan lan kurban keslametan. Dawud banjur ndedonga lan Pangéran paring wangsulan marang pandongané mau srana nekakaké geni saka langit, nyamber kurban sing ana ing mesbèh mau nganti kobong kabèh.

27Pangéran banjur ndhawuhi Malaékaté nglebokaké pedhangé ing rangkané menèh, supaya pageblugé sirep.

28Kaya mengkono Pangéran enggoné paring wangsulan marang pandongané Raja Dawud, nalika Raja Dawud nyaosaké kurban ing mesbèh sing ana ing penggilingané Arauna.

29Nalika semono Kémah Palenggahané Allah sing digawé déning Musa ing ara-ara samun lan mesbèh kanggo kurban obongan, isih ana ing papan pangibadah ing Gibéon.

30Nanging Raja Dawud ora wani mrana ndedonga marang Allah, merga wedi karo Malaékaté Pangéran sing ngasta pedhang mau.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 21 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel