Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 24 >> 

1(24:1-3) Harun duwé anak lanang papat: Nadab, Abihu, Èléazar lan Itamar. Nadab lan Abihu wis mati ndhisiki bapakné lan ora ninggal anak. Mulané sing dadi Imam Èléazar lan Itamar, sedulur-seduluré. Anak-anaké Harun dipérang-pérang déning Raja Dawud dadi sawetara golongan miturut pegawéané. Raja Dawud enggoné ngedum imam-imam ing golongan-golongan mau diréwangi déning Imam Zadok anaké Èléazar lan Akhimèlèkh anaké Itamar.

2(24:1)

3(24:1)

4Anak-turuné Itamar dipérang dadi wolung golongan, lan anak-turuné Èléazar dadi nembelas golongan, merga anak-turuné Èléazar akèh wongé lanang sing dadi lajeré kulawarga.

5Pangedumé pegawéan diundhi, merga ing antarané anak-turuné Èléazar lan Itamar mau ana sing dadi punggawa ing Pedalemané Allah, ana sing dadi pemimpin agama.

6Anak-turuné Èléazar lan anak-turuné Itamar padha gentènan nindakaké undhian ana ing ngarsané raja, para punggawa, Imam Zadok, sarta para lajeré kulawarga golongan imam, sarta para lajeré kulawarga golongan Lèwi. Sawisé mengkono jeneng-jenengé sing ketiban undhi dicathet déning sèkretaris, jenengé Semaya, anaké Natanaèl, wong Lèwi.

7(24:7-18) Patlikur golongan mau miturut undhi urut-urutané mengkéné: 1. Yoyarib; 2. Yédaya; 3. Harim; 4. Séorim; 5. Malkia; 6. Miyamin; 7. Hakos; 8. Abia; 9. Yésua; 10. Sekhanya; 11. Èlyasib; 12. Yakim; 13. Hupa; 14. Yesébeab; 15. Bilga; 16. Imèr; 17. Hézir; 18. Hapizès; 19. Pétahya; 20. Yehèzkièl; 21. Yakhin; 22. Gamul; 23. Délaya; 24. Maazia.

8(24:7)

9(24:7)

10(24:7)

11(24:7)

12(24:7)

13(24:7)

14(24:7)

15(24:7)

16(24:7)

17(24:7)

18(24:7)

19Jenengé wong-wong mau ditulis miturut gilirané nglakoni pegawéan ana ing Pedalemané Allah lan nindakaké kuwajibané ing upacara pangibadah sing wis ditetepaké déning Harun, leluhuré, kaya sing didhawuhaké déning Pangéran, Allahé Israèl.

20Kejaba kuwi isih ana anak-turuné Lèwi liyané, yakuwi: Yèhdéya, turuné Subaèl, turuné Amram;

21Yisia, turuné Réhabya;

22Yahat, turuné Sélomot, turuné Yizhar.

23Yéria, Amarya, Yahazièl lan Yékaméam anak-anaké Hébron urut tuwané.

24Samir, turuné Mikha, turuné Uzièl;

25Zakharia, turuné Yisia, turuné Uzièl, seduluré Mikha;

26Mahli, Musi lan Yaazia, turuné Mérari.

27Yaazia duwé anak lanang telu: Syoham, Zakur lan Hibri.

28(24:28-29) Mahli duwé anak lanang loro: Èléazar lan Kis. Èléazar ora duwé anak lanang, nanging Kis duwé anak lanang siji, jenengé Yérahmeèl.

29(24:28)

30Musi duwé anak lanang telu, yakuwi: Mahli, Èdèr lan Yérimot. Kuwi mau padha turuné Lèwi miturut kulawargané.

31Kanggo netepaké giliran pegawéan ing Pedalemané Allah saben lajeré kulawarga bebarengan karo adhiné lanang nibakaké undhi kaya sing ditindakaké déning para seduluré, yakuwi para imam turuné Harun. Enggoné nindakaké undhian mau diseksèni déning Raja Dawud, Imam Zadok, Akhimèlèkh lan para lajeré kulawarga saka golongané para imam lan para lajeré golongan-golongané wong Lèwi.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 24 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel