Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 28 >> 

1Raja Dawud dhawuh supaya para pemimpin kabèh padha nglumpuk ing Yérusalèm. Dadi para lajeré taler, para punggawa urusan pepréntahan, para lajeré trah, para pengawas bandha lan raja-kayané raja, sarta para putra, para kepala urusan kedhaton, para perwira lan wong gedhé, kabèh padha nglumpuk ing Yérusalèm.

2Raja Dawud jumeneng ing ngarepé wong-wong mau karo ngandika mengkéné, "Sedulur-sedulurku tunggal bangsa, rungokna! Wis suwé enggonku kepéngin yasa dalem sing tetep kanggo Pethining Prejanjian, ancik-anciking padané Pangéran Allah kita. Aku wis cecawis arep yasa papan pangibadah kagem Allah.

3Nanging Pangéran ora marengaké, merga aku iki prejurit sing wis matèni wong akèh.

4Pangéran, Allah sing disembah déning Israèl, wis milih aku lan anak-turunku dadi ratu ing Israèl ing selawas-lawasé. Panjenengané wis milih klompok Yéhuda; saka klompok mau kulawargané bapakku, lan saka kulawargané bapakku milih aku dadi raja ing Israèl.

5Aku diparingi anak akèh lan saka antarané anak-anakku mau Panjenengané milih Suléman dadi raja ing Israèl.

6Pangéran ngandika mengkéné marang aku, ‘Suléman anakmu bakal yasa dalem kanggo Aku, merga wis Dakpilih dadi putra-Ku lan Aku bakal dadi Ramané.

7Yèn dhèwèké lestari lan temen-temen enggoné nglakoni sakèhé pepakon-Ku lan dhawuh-dhawuh-Ku kaya sing ditindakaké saiki iki, Aku bakal netepaké kratoné ing selawas-lawasé.’"

8Pangandikané Raja Dawud menèh, "Dadi saiki, para rakyatku, penjalukku marang kowé, ana ing ngarsané Allah lan ing ngarepé umat Israèl kabèh sing nglumpuk ing kéné, janjia lan padha nglakonana sakèhé dhawuhé Pangéran Allah kita. Srana mengkono kowé bakal lestari duwé tanah iki lan marisaké marang anak-putumu turun-temurun ing selawas-lawasé."

9Marang Suléman Raja Dawud ngandika mengkéné, "Hé anakku, ngakonana yèn Allah sing disembah déning bapakmu kuwi iya Allahmu. Ngabdia marang Panjenengané klawan ati kang tulus lan éklas. Panjenengané pirsa sakèhé pikiran lan pepénginan kita. Yèn Panjenengané kokgolèki, kowé bakal ketemu karo Panjenengané, nanging yèn kowé ngungkuraké Panjenengané, kowé iya bakal ditilar ing selawas-lawasé.

10Ngertia yèn kowé wis dipilih déning Pangéran supaya mbangun dalem kagem Panjenengané piyambak. Wis, kuwi lakonana klawan ngetog sakèhé kekuwatanmu."

11Sawisé mengkono Raja Dawud banjur masrahaké marang Suléman sakèhé rancangan kanggo mbangun Pedalemané Allah, iya kamar-kamar sarta gedhong lan Papan Mahasuci, papan pangapurané dosa.

12Raja Dawud uga masrahaké rancangan sing wis digawé yakuwi latar lan gedhong-gedhong sakiwa-tengené, semono uga gudhang-gudhang sing kanggo nyimpen barang-barang saosan sing disaosaké marang Allah.

13Iya dipasrahaké rancangan bab pembagéné para imam lan wong Lèwi, bab tugas-tugas sing kudu dilakoni, ringkesé pegawéan sing kudu dilakoni ana ing Pedalemané Allah lan pangrumaté sakèhé bekakas sing dienggo ing sajroning pangibadah.

14Raja Dawud uga paring pitedah bab carané nggarap emas lan slaka kanggo bekakas-bekakas,

15kanggo saben lampu lan sikilé,

16kanggo méja-méja saka slaka lan méja-méja emas panggonané roti saosan kagem Gusti Allah.

17Raja Dawud iya paring pitedah bab sepira emas murni sing prelu kanggo gawé garpu, mangkok lan guci; sepira slaka lan emas sing dibutuhaké kanggo gawé piring-piring,

18gawé mesbèh pangobongan menyan lan kanggo gambaran krétané kerub sing ngegaraké swiwi ing sandhuwuré Pethining Prejanjian.

19Pangandikané Raja Dawud, "Kabèh mau wis katulis ana ing rancangan iki miturut pitedahé Pangéran piyambak marang aku, sing kudu diturut."

20Raja Dawud banjur ngandika marang Suléman, putrané, "Sing kendel lan tatag atimu. Pegawéan kuwi tandangana lan aja wedi karo sapa waé. Pangéran, Allah sing dakbektèni bakal mitulungi kowé. Panjenengané ora bakal nilar kowé, malah bakal ana ing sisihmu nganti enggonmu ngadani pegawéan mau kabèh rampung.

21Pangedumé pegawéan ing Pedalemané Allah wis ditata déning para imam lan wong-wong Lèwi. Para karyawan sing ahli ing pegawéané dhéwé-dhéwé bakal mbiyantu marang kowé klawan senenging ati. Lan sakèhé pemimpin sarta rakyat kabèh nurut marang préntahmu."


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 28 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel