Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 3 >> 

1(3:1-3) Para putrané Raja Dawud sing lair ing Hébron yakuwi: Amnon-jenengé ibuné Ahinoam, wong Yésreèl, ;Dhanièl-jenengé ibuné Abigail, wong Karmèl,;Absalom-jenengé ibuné Maaka, anaké Talmai, raja Gésur, ;Adoniram-jenengé ibuné Hagit, ;Séfaca-jenengé ibuné Abital, ;Yitréam-jenengé ibuné Égla.

2(3:1)

3(3:1)

4Putra-putrané Dawud nem mau kabèh lair ing Hébron, nalika Dawud dadi raja ing kono pitu setengah taun. Raja Dawud dadi raja Yérusalèm telung puluh telu taun.

5Saka garwa sing asmané Bètsyéba binti Amièl, Dawud olèh putra papat, sing lair ing Yérusalèm, yakuwi: Siméa, Sobab, Natan lan Suléman.

6Kejaba kuwi Dawud isih kagungan putra liyané sanga, yakuwi: Yibhar, Èlisua, Èlifèlèt,

7Nogah, Nèfèg, Yafia,

8Élisama, Èlyada lan Èlifèlèt.

9Isih ana menèh putra-putra saka para selir. Dawud uga kagungan putra putri, jenengé Tamar.

10(3:10-14) Sarasilahé raja-raja Israèl saka Raja Suléman tekan Raja Yosia kuwi mengkéné: Suléman, Réhabéam, Abia, Asa, Yosafat, Yoram, Ahazia, Yoas, Amazia, Uzia, Yotam, Akhas, Manasyè, Amon, lan Yosia.

11(3:10)

12(3:10)

13(3:10)

14(3:10)

15Yosia duwé anak lanang papat, yakuwi: Yohanan, Yoyakim, Zedekia lan Yoahas.

16Yoyakim duwé anak lanang loro, jenengé Yoyakhin lan Zedekia.

17Anak-turuné Raja Yoyakhin, sing ditawan déning wong Babil yakuwi: anak lanang pitu: Séaltièl,

18Malkhiram, Pédaya, Syènazar, Yekamya, Hosama lan Nedabya.

19Pédaya duwé anak lanang loro: Zérubabel lan Simèi. Zérubabel duwé anak lanang loro, jenengé Mesulam lan Hananya, lan anak wadon siji jenengé Sélomit.

20Isih ana anaké lanang lima menèh, yakuwi Hasuba, Ohèl, Bèrékia, Hasaja lan Yusab-Hèsèd.

21Hananya duwé anak lanang loro: Pélaca lan Yésaya. Yésaya nurunaké Réfaya, Réfaya nurunaké Arnan, Arnan nurunaké Obaja, Obaja nurunaké Sekhanya.

22Sekhanya duwé anak lanang jenengé Semaya, lan Semaya duwé anak lanang lima, yakuwi: Hatus, Yigal, Bariah. Néaria lan Safat.

23Néaria duwé anak lanang telu, yakuwi: Èlyoénai, Hizkia, lan Azrikam.

24Èlyoénai duwé anak lanang pitu, yakuwi: Hodawia, Èlyasib, Pelaya, Akub, Yohanan, Délaya lan Anani.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel