Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 4 >> 

1Anak-turuné Yéhuda kayata: Pèrès, Hézron, Karmi, Hur lan Syobal.

2Syobal nurunaké Réaya; Réaya nurunaké Yahat. Yahat duwé anak lanang loro: Ahumai lan Lahad; dadi para leluhuré wong sing padha manggon ing kutha Zora.

3(4:3-4) Anaké lanang Kalèb karo bojoné sing jeneng Éfrat sing mbarep jenengé Hur. Anak-turuné Hur kuwi sing ngedegaké kutha Bètléhèm. Hur uga nurunaké Étam, Pnuèl lan Èzèr. Étam duwé anak lanang telu, yakuwi: Yésreèl, Isma lan Idbas lan anak wadon siji, jenengé Hazelèlponi. Pnuèl kuwi sing ngedegaké Gedor lan Èzèr uga ngedegaké kutha Husa.

4(4:3)

5Asyur sing ngedegaké kutha Tekoa kuwi bojoné loro: Héla lan Naarah.

6Naarah nglairaké anak lanang papat: Ahuzam, Hèfèr, Témeni lan Akhastari.

7Héla nglairaké anak lanang telu, yakuwi: Zèrèt, Yezohar lan Ètnan.

8Kos duwé anak lanang loro: Anub lan Hazoba. Kos dadi leluhuré trah Aharhèl, anaké Harum.

9Ana wong lanang jenengé Yabès, sing luwih diurmati ketimbang karo sedulur-seduluré. Enggoné dijenengaké mengkono déning ibuné, merga nalika lairé, ibuné nandhang sangsara.

10Yabès mau ndedonga marang Allah, sesembahané wong Israèl, aturé, "Dhuh Allah, kawula mugi Paduka berkahi, lan wilayah kawula mugi Paduka jembaraken, supados kawula mboten nandhang sangsara." Gusti Allah miyarsakaké pandongané.

11Kelub, seduluré Suha, duwé anak lanang, jenengé Mehir. Mehir nurunaké Èston,

12lan Èston duwé anak lanang telu, yakuwi: Bètrafa, Paséah lan Téhina. Téhina kuwi sing ngedegaké kutha Nahas. Anak-turuné wong-wong mau manggon ing kutha Rékha.

13Kénas duwé anak lanang loro: Otnièl lan Seraya. Otnièl uga duwé anak lanang loro, Hatat lan Meonotai.

14Meonotai nurunaké Ofra. Seraya nurunaké Yoab, sing ngedegaké kutha Lebak Kriya. Para tukang ahli padha manggon ing kutha kono.

15Kalèb bin Yéfuné duwé anak lanang telu: Iru, Éla lan Naam. Anaké Éla jenengé Kénas.

16Yehaléleèl duwé anak lanang papat: Zif, Zifa, Tireya lan Asareèl.

17(4:17-18) Ézra duwé anak lanang papat: Yètèr, Mèrèd, Èfèr lan Yalon. Mèrèd kawin karo Bica, anaké raja Mesir. Duwé anak wadon jenengé Miryam, lan anak lanang loro, jenengé Samai lan Yisba. Yisba kuwi sing ngedegaké kutha Èstemoa. Mèrèd uga kawin karo wong wadon saka Yéhuda; duwé anak lanang telu: Yèrèd, sing ngedegaké kutha Gedor; Hèbèr, sing ngedegaké kutha Sokho, lan Yekutièl, sing ngedegaké kutha Zanoah.

18(4:17)

19Hodia kawin karo seduluré wadon Naham. Anak-anaké padha dadi leluhuré gotrah Garmi lan kaum Maaka. Kaum Garmi padha manggon ing kutha Kéhila, lan kaum Maaka ing kutha Èstemoa.

20Simon duwé anak lanang papat: Amnon, Rina, Bènhanan lan Tilon. Yisèi duwé anak lanang loro: Zohèt lan Bèn-Zohèt.

21(4:21-22) Anaké Yéhuda ana sing jeneng Séla. Anak-turuné Séla yakuwi: Èr, sing ngedegaké kutha Léka, Lada, sing ngedegaké kutha Marésya. Para tukang tenun kain léna ing kutha Bèt-Asibéa, Yokim lan wong-wong sing padha manggon ing kutha Kozéba, Yoas lan Saraf, sing kawin karo wong-wong wadon saka Moab, lan manggon ing Bètléhèm. Daftar iki diturun saka daftar kuna.

22(4:21)

23Wong-wong mau padha gawé kendhi lan jembangan kanggo raja-raja lan manggoné ana ing kutha Nétaim lan Gedéra.

24Siméon duwé anak lanang lima: Nemuèl, Yamin, Yarib, Zérah lan Saul.

25Saul nurunaké Salum; Salum nurunaké Mibsam, lan Mibsam nurunaké Misma.

26Misma nurunaké Siméon, Siméon nurunaké Hamuèl, Hamuèl nurunaké Zakur, lan Zakur nurunaké Simèi.

27Simèi duwé anak rolikur, lanang nembelas lan wadon nenem. Nanging sedulur-seduluré Simèi anaké mung sethithik. Anak-turuné Siméon akèhé ora kaya anak-turuné Yéhuda.

28Nalika Dawud dadi raja, anak-turuné Siméon manggon ing kutha-kutha kasebut ing ngisor iki: Bèrsyéba, Molada, Hazar-Sual,

29Bilha, Èzèm, Tolad,

30Bétuèl, Horma, Ziklag,

31Bèt-Hamarkabot, Hazar-Susim, Bèt-Biri lan Saaraim.

32Salong ana sing manggon ing kutha-kutha liya, kayata: Étam, Ain, Rimon, Tokhèn lan Asan,

33lan ing kampung-kampung sakiwa-tengené kutha-kutha mau nganti tekan kutha Baal, daérah sing keprenah Kidul-kulon. Kaya mengkono cathetan bab anak-turuné Siméon, sarasilah lan papan padunungané.

34(4:34-38) Jeneng-jenengé penggedhéné gotrah-gotrah anak-turuné Siméon yakuwi: Mésobab, Yamlèk, Yosa bin Amazia, Yoèl, Yéhu bin Yosibia (Yosibya kuwi anaké Seraya, putuné Asièl) Èlyoénai, Yaakoba, Yesohaya, Asaya, Adièl, Yesimièl, Benaya, Ziza bin Sifèi (garis sarasilahé Sifèi munggah yakuwi: Alon, Yédaya, Simri, Semaya). Sarèhné kulawarga-kulawarga mau saya suwé saya akèh,

35(4:34)

36(4:34)

37(4:34)

38(4:34)

39(4:39-40) mulané banjur padha sumebar mengulon nganti tekan kutha Gedor. Wong asli sing manggon ing kono mau wong-wong Kham, sing uripé ayem lan tentrem. Para kulawargané klompok Siméon mau nemu panggonan sing subur lan jembar banget ing sawétané Gedor. Mulané banjur padha angon raja-kayané ana ing kono.

40(4:39)

41Nalika jamané Hizkia dadi raja ing Yéhuda anak-turuné Siméon kuwi tau nyerang kutha Gedor. Kémah-kémah lan omah-omah dirusak lan wong-wong sing manggon ing kono ditundhungi. Anak-turuné Siméon mau banjur padha manggon ing kono, merga pangonané amba kanggo raja-kayané.

42Anak-anaké Yisèi yakuwi Palaca, Néaria, Réfaya lan Uzièl ngirid anak-turuné Siméon liyané ngalih menyang Édom sisih Wétan.

43Wong Amalèk sing isih kari padha dipatèni; banjur padha manggon ana ing kana nganti sepréné.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel