Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tawarikh 5 >> 

1Anak-turuné Rubèn, pembarepé Yakub, yakuwi: (Sarèhné Rubèn kuwi wis gawé wirangé seliré bapakné, mulané wewenangé pembarep diwènèhaké marang Yusuf.

2Éwasemono saka antarané anaké Yakub kabèh, sing monjo dhéwé taler Yéhuda, lan para raja sing ngerèh bangsa Israèl, lairé saka taler mau.)

3Rubèn, anaké Yakub sing mbarep kuwi duwé anak lanang papat: Hénokh, Palu, Hézron lan Karmi.

4(5:4-6) Urut-urutané anak-turuné Yoèl kuwi mengkéné: Semaya, Gog, Simèi, Mikha, Réaya, Baal, Beérah. Beérah kuwi penggedhéné taler Rubèn, sing dicekel déning Tiglat-Pilèsèr, raja Asyur, lan dibuwang menyang tanah manca.

5(5:4)

6(5:4)

7Penggedhé-penggedhéné taler Rubèn sing kasebut ing sarasilahé yakuwi: Yeièl, Zakharia,

8lan Béla bin Azas, putuné Séma, turuné Yoèl. Turuné Yoèl mau manggon ing Aroèr lan saka wilayah kono mengalor tekan Nébo lan Baalmeon.

9Wong-wong mau raja-kayané ing tanah Giléad akèh banget, mulané padha manggon ing wilayah sisih Wétan, ing ara-ara samun nganti tekan Bengawan Éfrat.

10Nalika jamané Raja Saul, taler Rubèn nglurugi perang tanah Hagri, sawétané Giléad. Wong-wong sing manggon ing kono dipatèni lan tanahé dienggoni.

11Saloré wilayahé taler Rubèn, kuwi panggonané taler Gad, yakuwi tanah Basan mengétan nganti tekan Salkha.

12Sing dadi leluhuré wong-wong gedhé ing kono, Yoèl. Leluhuré sing nomer loro Safam. Déné leluhur-leluhuré gotrah-gotrah liyané sing ana ing Basan kono yakuwi: Yaélani lan Safat.

13Anak-turuné Gad liyané kapérang dadi gotrah pitu, yakuwi: Mikhaèl, Mesulam, Syéba, Yorai, Yakan, Zin lan Ébèr.

14Kuwi kabèh anak-turuné Abihail bin Huri. Sarasilahé wong-wong mau yèn diurutaké saka ngisor mengkéné: Abihail, Huri, Yaroah, Giléad, Mikhaèl, Yesisai, Yahdo, Bus.

15Penggedhéné gotrah-gotrah mau kabèh jenengé Ahi bin Abdièl, putuné Guni.

16Wong-wong mau manggoné ana ing wilayah Basan lan Giléad, yakuwi kutha-kutha ing wilayah kono lan ing tanah-tanah sing akèh suketé ing daérah Saron.

17Sarasilah iki katulis nalika jamané Yotam dadi raja ing Yéhuda lan Yérobéam dadi raja ing Israèl.

18Prejurité taler Rubèn, Gad lan Manasyè sisih Wétan kali sing trampil migunakaké tamèng, pedhang lan panah cacahé 44.760.

19Wis tau perang karo bangsa Yétur, Nafisy lan Nodab, sing klebu bangsa Hagri.

20Wong-wong bangsa Hagri kabèh ditelukaké, merga prejurit-prejurit mau padha precaya marang Allah lan nyuwun pitulungané. Mulané Allah miyarsakaké panyuwuné sarta padha diparingi kemenangan.

21(5:21-22) Sarèhné peprangan mau kedadéané saka kersané Pangéran, mulané akèh mungsuh sing padha dipatèni. Wong sing ditawan cacahé 100.000, lan kéwan sing direbut: unta 50.000, wedhus 250.000 lan kuldi 2.000. Taler-taler teteluné padha manggon ing kono nganti bangsa Israèl ditawan lan digawa menyang pembuwangan.

22(5:21)

23Taler Manasyè sawétan kali kuwi manggoné ing wilayah Basan mengalor tekan Baalhèrmon, Senir lan Gunung Hèrmon. Cacahé saya suwé saya akèh.

24Para penggedhéné kaum Manasyè sisih Wétan yakuwi: Hèfèr, Yisèi, Élièl, Azrièl, Yérémia, Hodawia lan Yahdièl. Kuwi kabèh prejurit-prejurit sing peng-pengan.

25Wong Israèl padha ora setya marang Allah, sesembahané para leluhuré; malah banjur padha nyembah marang brahala-brahalané bangsa-bangsa sing wis ditundhung déning Allah saka tanah Kenaan kono.

26Mulané Gusti Allah banjur ngosikaké atiné Pul, raja Asyur, mangkat nglurugi perang tanah mau. Pul kuwi iya kasebut Tiglat-Pilèsèr. Taler Rubèn, taler Gad lan Manasyè sisih Wétan kabèh ditawan lan dibuwang menyang Halah, Habor, Hara lan ing panggonan sacedhaké Gozan. Wong-wong mau padha manggon ing kana tekan sepréné.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tawarikh 5 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel