Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 1 >> 

1Layang saka Paulus, Silas lan Timotius. Tumekaa marang para wargané pasamuwan ing kutha Tésalonika, iya para umaté Gusti Allah Rama kita lan Gusti Yésus Kristus. Gusti Allah maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé kabèh.

2Aku tansah padha saos sukur marang Gusti Allah merga kowé kabèh, sarta kowé tansah padha dakélingi ana ing pandongaku.

3Awit samasa aku padha ndedonga marang Gusti Allah, Rama kita, aku tansah padha kèlingan marang enggonmu ngecakaké precayamu sedina-dina, penyambut-gawému sing ora ngétung kesel merga katresnanmu, lan sentosaning pengarep-arepmu marang Gusti Yésus Kristus.

4Para sedulur, aku padha ngerti, yèn Gusti Allah nresnani kowé lan milih kowé dadi kagungané.

5Awit biyèn enggonku padha ngabaraké Injil marang kowé, ora mung nganggo tembung waé, nanging uga nganggo pangwasa lan Sang Roh Suci. Apa menèh nganggo ngantepi bebeneran sing dakwartakaké. Kowé dhéwé padha weruh bab uripku nalika aku padha ana ing antaramu; kabèh mau murih becikmu.

6Kowé wis padha nulad marang aku lan nulad Gusti Yésus Kristus. Senajan kowé padha nemahi sangsara gedhé, éwasemono kowé padha nampani pawartané Injil mau kanthi kabungahan, sing pinangkané saka Sang Roh Suci.

7Srana mengkono kowé padha dadi conto tumraping para wong precaya sing ana ing tanah Makédonia lan tanah Akhaya kabèh.

8Awit pawarta bab Gusti kuwi sumebaré nganti tekan tanah Makédonia lan Akhaya iya merga saka kowé kabèh. Malah ora mung tekan semono, sebab kabar bab pengandelmu marang Gusti Allah kuwi wis sumebar tekan ngendi-endi. Mulané aku kabèh wis ora prelu kandha apa-apa menèh.

9Wong-wong kuwi kabèh padha nyritakaké bab enggonmu padha ninggal sakèhing brahala, banjur ndhèrèk Gusti, sarta ngabekti marang Gusti Allah kang gesang lan nyata.

10Wong-wong mau uga padha ngandhakaké bab enggonmu ngarep-arep marang rawuhé Kang Putra saka swarga, yaiku Gusti Yésus, sing wis diwungokaké saka ing séda, lan sing ngluwari kita saka bebenduné Gusti Allah, sing bakal kelakon.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tesalonika 1 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel