Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Tesalonika 3 >> 

1Wusana aku padha ora betah ngampet kangenku. Mulané luwih becik aku kèri dhèwèkan ana ing kutha Aténa,

2sarta kongkonan Timotius, sedulur kita lan kanca nyambut-gawé kagem Gusti Allah, sing bebarengan karo aku ngabaraké Injilé Sang Kristus. Timotius dakkongkon mbiyantu kowé lan nyantosakaké atimu lan precayamu,

3supaya ana ing antaramu aja ana wong sing murtad merga ora tahan ing panguya-uya. Kowé dhéwé ngerti yèn panguya-uya sing mengkono kuwi wis dadi kersané Gusti Allah tumrap kita.

4Nalika isih ana ing tengahmu aku wis kandha, yèn kita bakal ngalami panguya-uya; lan kaya sing kokngertèni dhéwé, iya kuwi sing saiki kelakon temenan.

5Mulané sarèhné wis ora sabar, aku kepeksa kongkonan Timotius, supaya aku sumurup kepriyé kaananmu. Kuwatirku, mbok-mbok kowé kagodha déning Iblis, nganti pegawéanku ana ing tengahmu muspra.

6Saiki Timotius wis bali tekan enggonku menèh, saka enggoné niliki kowé lan nggawa kabar sing becik bab precayamu lan katresnanmu. Timotius crita marang aku, yèn penganggepmu marang aku kabèh becik, lan uga enggonmu padha kepéngin ketemu karo aku, kaya déné enggonku kepéngin ketemu karo kowé.

7Mulané, para sedulur, sajroné nandhang kasusahan lan kasangsaran akèh, aku padha kalipur déning kabar sing dakrungu bab kaananmu. Precayamu nggedhèkaké atiku.

8Bareng krungu yèn kowé padha tetep ngantepi Gusti, semangatku pulih.

9Saiki kita padha bisa bungah-bungah sarta saos sukur marang Gusti Allah merga sakèhing kabungahan kang wis padha koktampani ana ing ngarsané Allah.

10Rina wengi adreng panyuwunku marang Gusti Allah, supaya diparengaké ketemu karo kowé, bisaa muwuhi apa sing isih dadi kekuranganing precayamu.

11Muga-muga Gusti Allah, Sang Rama piyambak, lan Gusti Yésus, kersa paring srana bisané aku niliki kowé!

12Lan muga-muga saka kersané Gusti kowé padha tresna-tinresnan, semono uga marang wong kabèh, nganti katresnanmu mau lubèr kaya katresnanku marang kowé!

13Srana mengkono Gusti bakal nyentosakaké atimu, lan kowé bakal dadi sampurna lan suci ana ing ngarsané Gusti Allah Sang Rama, yakuwi samasa Gusti Yésus rawuh bareng karo wong kabèh sing padha dadi kagungané.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Tesalonika 3 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel