Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Timotius 4 >> 

1Sang Roh Suci wis ngandika klawan cetha, yèn ing tembé bakal ana wong sawetara sing padha murtad; wong-wong mau bakal padha kèlu karo roh-roh dora-cara lan nganut piwulangé sétan-sétan.

2Piwulang-piwulang mau asalé saka pambujuké wong-wong goroh, lan saka wong-wong sing swaraning batiné wis mati.

3Padha menging kita supaya aja jejodhoan, lan nyirik panganan iki utawa kuwi. Nanging Gusti Allah maringaké pangan rupa-rupa mau supaya dipangan déning wong-wong precaya sing wis wanuh marang kayektèn sing sejati, mulané padha saos sukur.

4Awit samubarang sing dititahaké déning Gusti Allah kuwi becik, ora ana siji waé sing karam. Mulané samubarang kudu ditampani kanthi saos sukur, marang Gusti Allah.

5Awit kabèh mau wis disucèkaké déning pangandikané Gusti Allah lan déning pandonga.

6Menawa prekara-prekara mau kokwulangaké marang para sedulur, kowé padha dadi abdiné Sang Kristus Yésus sing utama. Kaya déné urip kasukmanmu dhéwé iya kasantosakaké srana pangandikané Gusti Allah lan srana piwulang sejati sing wis kokanut tekan sepréné.

7Singkirana gugontuhon, awit kuwi ora patut digunem. Awakmu gulawenthahen supaya uripmu kaya sing dadi kersané Gusti Allah.

8Latihaning badan paédahé mung sawetara, nanging panggulawenthahé batin kuwi maédahi ing sadhéngah prekara, ndadèkaké beciking urip kita, saiki lan mbésuk ing akérat.

9Iki pepéling sing bener, lan wajib digatèkaké lan diugemi sing temenan.

10Iya merga saka kuwi kita padha mersudi lan nyambut-gawé pethel, sebab aku padha ngendelaké marang Gusti Allah kang sipat gesang, kang dadi Juru Slameté wong kabèh, luwih-luwih tumrapé wong sing precaya.

11Prekara-prekara mau konen mersudi sing temenan lan wulangna.

12Aja ana wong sing ngrèmèhaké kowé merga enggonmu isih enom, nanging kowé dadia tuladha tumrap para wong precaya, iya pitembunganmu, kelakuanmu, katresnanmu, precayamu lan resiking atimu.

13Wektumu enggonen macakaké Kitab Suci ana ing satengahing pasamuwan lan enggonen memulang tuwin memuruk, nganti satekaku.

14Udinen supaya peparing kasukman saka Gusti Allah marang kowé ora muspra, yakuwi sing kaparingaké marang kowé, lantaran pangandikané para nabi lan katetepaké srana tumpangan tangan déning para pinituwa.

15Prekara-prekara mau tindakna lan gatèkna sing temenan. Supaya kemajuanmu kasumurupan déning wong kabèh.

16Jaganen awakmu dhéwé, lan jaganen piwulangmu. Terusna enggonmu nindakaké kuwi mau kabèh, awit yèn kowé tumindak mengkono, kowé bakal nylametaké awakmu dhéwé lan wong-wong sing padha ngrungokaké marang piwulangmu.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Timotius 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel