Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Yohanes 2 >> 

1Anak-anakku! Enggonku kirim layang marang kowé iki, supaya kowé aja padha gawé dosa. Éwadéné menawa ana sing gawé dosa, kita padha duwé Pantara ana ing ngarsané Sang Rama, yakuwi Gusti Yésus Kristus kang adil, Panjenengané sing mbéla prekara kita ana ing ngarsané Sang Rama.

2Gusti Yésus Kristus piyambak dadi sranané kita padha olèh pangapuraning dosa, lan ora ngemungaké dosa kita waé, nanging dosané manungsa kabèh.

3Titikané yèn kita padha wanuh marang Gusti Allah yakuwi menawa kita padha nglakoni pepakon sing didhawuhaké.

4Sing sapa muni: "Aku wanuh karo Gusti Allah," mangka ora netepi dhawuhé, kuwi wong goroh lan ora bener.

5Nanging sing sapa netepi dhawuh pangandikané, ateges nresnani Gusti Allah kanthi sampurna. Yakuwi tandhané yèn kita padha tetunggilan karo Gusti Allah.

6Sing sapa ngaku uripé nunggil karo Gusti Allah, uripé iya kudu kaya Sang Kristus.

7Para sedulur kang daktresnani! Sing daktulis iki dudu pepakon anyar. Iki pepakon lawas, sing wis diparingaké marang kowé wiwit-wiwitan mula; yakuwi pawarta sing wis kokrungu saka Gusti Allah.

8Éwasemono pepakon sing daktulis iki uga pepakon anyar. Pepakon iki wis kebabar ana ing Gusti Yésus Kristus lan ana ing kowé, merga pepeteng lagi sirna lan pepadhang sing sejati wis sumunar.

9Sing sapa kandha manggon ana ing pepadhang, nanging sengit marang seduluré, kuwi manggon ana ing pepeteng tekan sepréné.

10Sing sapa tresna marang seduluré, lestari ana ing pepadhang, temah uripé ora dadi sandhungan tumrap wong liya.

11Nanging sing sapa sengit karo seduluré, wong mau manggon ana ing pepeteng lan lakuné ana ing pepeteng. Wong kuwi ora ngerti menyang endi parané, awit pepeteng mau marakaké mripaté ora weruh dalan.

12Hé Anak-anakku! Enggonku nulis layang iki awit dosa-dosamu wis diapura merga saka Sang Kristus.

13Hé, para Bapak, enggonku nulis layang iki marang kowé awit kowé wis padha wanuh marang Sang Sabda, sing wiwit-wiwitan mula wis ana. Hé para Nonoman, enggonku nulis layang iki marang kowé merga kowé rosa. Sabdaning Allah dumunung ana ing kowé, lan kowé wis padha ngalahaké Iblis.

14Hé Bocah-bocah, enggonku nulis layang marang kowé, merga kowé wis padha wanuh karo Sang Rama. Hé para Bapak, enggonku nulis layang marang kowé, merga kowé wis padha wanuh karo pangandikané Gusti Allah sing wiwit biyèn mula wis ana. Hé para wong Enom, enggonku nulis layang marang kowé, merga kowé padha prakosa, sarta pangandikané Gusti Allah dumunung ana ing kowé, lan kowé wis padha ngalahaké Iblis.

15Kowé aja tresna karo donya lan karo samubarang sing ana ing kono. Awit yèn tresna karo donya, kowé ora tresna karo Sang Rama.

16Sebab samubarang sing ana ing donya iki, sing dipéngini wong dosa, yakuwi pepénginaning daging lan pepénginaning mripat. Apa sing diegung-egungaké kuwi pinangkané ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.

17Mangka donya dalah saisiné kabèh sing disenengi déning manungsa iki nedhengé ngalami karusakan, nanging sapa sing nglakoni kersané Gusti Allah bakal urip ing selawas-lawasé.

18Hé anak-anakku, pungkasaning jaman iki wis cepak. Lan nocogi karo apa sing wis kokrungu, yèn Anti-Kristus bakal teka, lan saiki wis akèh Anti-Kristus sing padha jumedhul. Kuwi pretandhané yèn pungkasané jaman wis cepak temenan.

19Para Anti-Kristus mau padha ana ing satengah kita, nanging satemené pancèn dudu panunggalan kita, sebab saupama wong-wong kuwi panunggalan kita temenan, mesthi padha tetep enggoné nunggal karo kita. Nanging wong-wong kuwi padha ninggal kita, supaya tetéla yèn satemené siji waé ora ana sing dadi panunggalan kita.

20Balik kowé kabèh wis katedhakan Roh Suci, peparingé Sang Kristus. Kuwi sebabé kowé kabèh padha ngerti karo kersané Gusti Allah.

21Enggonku nulis layang iki marang kowé ora merga kowé ora nglakoni kersané Gusti Allah, nanging malah merga kowé padha nglakoni kersané Gusti Allah, lan uga merga kowé ngerti yèn samubarang kang goroh kuwi asalé ora saka Gusti Allah.

22Yèn mengkono sing tukang goroh, yakuwi wong sing kandha yèn Gusti Yésus kuwi dudu Sang Kristus sing dijanjèkaké déning Gusti Allah. Wong kuwi sing diarani Anti-Kristus, sing ora ngakoni marang Sang Rama lan Sang Putra.

23Wong sing nyélaki marang Sang Putra ateges ora ngakoni marang Sang Rama, lan sing sapa ngakoni marang Sang Putra, iya ngakoni marang Sang Rama.

24Mulané pawarta sing wis kokrungu wiwit-wiwitan mula kuwi ugemana temenan. Yèn pawarta mau kokugemi, kowé bakal lestari urip tetunggilan karo Sang Putra lan Sang Rama.

25Lan urip langgeng sing dijanjèkaké déning Sang Kristus piyambak bakal kaparingaké marang kita.

26Sing daktulis iki bab wong-wong sing lagi ngudi nasaraké kowé.

27Nanging tumraping kowé, Sang Kristus wis ngesokaké Rohé marang kowé kabèh. Lan samangsa Rohé Kristus ana ing kowé, kowé ora prelu diwulang déning sapa waé. Awit Roh mau mulang marang kowé bab samubarang kabèh. Lan piwulangé kuwi nyata, ora goroh, mulané padha èstokna, lan padha lestaria tetunggilan karo Sang Kristus.

28Hé anak-anakku! Padha tetepa ana ing Sang Kristus, supaya samangsa Dina Panjenengané rawuh, kita wani sowan marang ngarsané klawan tatag lan ora susah isin.

29Kowé padha ngerti yèn Sang Kristus kuwi sugengé mbangun-turut marang kersané Gusti Allah, mulané iya padha sumurupa yèn saben wong sing nglakoni kersané Gusti Allah kuwi kasebut putrané Allah.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Yohanes 2 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel