Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  1 Yohanes 4 >> 

1Para sedulur sing daktresnani! Aja padha ngandel karo angger wong sing ngaku kadunungan Rohé Allah, nanging padha titènana dhisik apa roh sing ana ing wong kuwi asalé saka Allah apa ora. Merga akèh nabi-nabi sing jumedhul lan ndlajahi jagad kabèh.

2Carané nitik apa roh mau Rohé Allah apa dudu, kuwi mengkéné: Sadhéngah wong sing ngakoni menawa Yésus Kristus wis rawuh ing donya awujud manungsa, wong kuwi kadunungan Rohé Allah.

3Nanging sing sapa ora ngakoni Gusti Yésus sing mengkono mau, wong kuwi ora kadunungan Rohé Allah. Wong mau kadunungan rohé Anti-Kristus. Bab roh kuwi kowé wis padha krungu wartané yèn bakal teka, lan saiki wis teka ana ing jagad.

4Nanging hé anak-anakku, kowé padha para putrané Gusti Allah. Kowé wis padha ngalahaké para nabi palsu, awit Roh sing dumunung ana ing kowé ngungkuli roh sing dumunung ana ing wong-wong sing asalé saka ing jagad iki.

5Nabi-nabi palsu asalé saka ing jagad iki lan sing dirembug prekara-prekara kadonyan; déné wong-wong padha ngrungokaké tembungé, merga wong-wong mau asalé uga saka jagad iki.

6Nanging kita iki para putrané Allah; wong sing wanuh marang Gusti Allah ngrungokaké tembung kita. Wong sing asalé ora saka ing Allah, ora ngrungokaké gunem kita. Iya mengkono kuwi titikané Rohé Allah lan roh sing palsu.

7Para sedulur sing daktresnani! Ayo kita padha tresna-tinresnan, merga katresnan kuwi asalé saka Gusti Allah. Sok wonga sing nindakaké katresnan kuwi putrané Allah lan wanuh marang Gusti Allah.

8Balik wong sing ora nindakaké katresnan kuwi ora wanuh karo Gusti Allah, sebab Gusti Allah kuwi asipat tresna.

9Gusti Allah nglairaké katresnané marang kita srana ngutus Kang Putra ontang-anting marang jagad, supaya kita padha bisa nampa urip langgeng merga déning Panjenengané.

10Katresnan kuwi mengkéné: Ora merga kita sing nresnani Gusti Allah, nanging merga Panjenengané wis nresnani kita sarta ngutus Kang Putra dadi mergané kita padha olèh pangapuraning dosa-dosa kita.

11Hé para sedulur sing daktresnani! Sarèhné nganti semono enggoné Gusti Allah nresnani marang kita, dadi kita iya padha kuwajiban tresna-tinresnan.

12Ora tau ana wong sing bisa ndeleng marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah nunggil karo kita lan katresnané dadi sampurna ana ing kita, menawa kita padha tresna-tinresnan.

13Merga Gusti Allah wis maringaké Rohé marang kita, dadi kita ngerti yèn Gusti Allah nunggil karo kita.

14Aku dhéwé wis ndeleng Putrané Allah lan saiki aku nyritakaké marang wong-wong liya, yèn Sang Rama wis ngutus Kang Putra dadi Juru Slameté jagad.

15Sing sapa ngakoni yèn Yésus Kristus kuwi Putrané Allah, Gusti Allah nunggil karo wong mau, lan wong mau nunggil karo Gusti Allah.

16Kita dhéwé padha ngerti lan precaya yèn Gusti Allah nresnani kita. Gusti Allah kuwi asipat tresna. Wong sing nindakaké katresnan, uripé tetunggilan karo Gusti Allah, lan Gusti Allah nunggil karo wong mau.

17Yèn katresnané Gusti Allah wis kita rasakaké klawan sampurna, kita bakal ora wedi marek ana ing ngarsané ing Dina Pengadilan. Lan kita ora wedi, awit urip kita padha kaya Sang Kristus, senajan kita isih urip ana ing jagad.

18Wong sing tresna karo Gusti Allah kuwi ora wedi, merga katresnan sing sampurna mau ngilangaké rasa wedi. Wong sing wedi kuwi durung ngrasakaké katresnané Gusti Allah klawan sampurna, dadi isih kaancam ing paukuman.

19Kita tresna marang Gusti Allah, merga Gusti Allah wis nresnani kita luwih dhisik.

20Menawa ana wong muni: "Aku tresna marang Allah," mangka sengit karo seduluré, kuwi goroh. Awit wong sing ora tresna karo seduluré sing kasat mripat, kepriyé enggoné bisa tresna karo Gusti Allah sing ora katon?

21Mulané dhawuhé Sang Kristus marang kita mengkéné: Sapa sing tresna marang Gusti Allah kuwi iya kudu tresna marang seduluré.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  1 Yohanes 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel