Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Korintus 4 >> 

1Aku ora padha cilik ati, sebab tansah dipitulungi déning Gusti Allah, sing maringi ayahanku iki marga saka sih-piwelasé.

2Mulané aku padha emoh nglakoni sakèhing penggawé sing slingkuh lan sing nistha. Aku padha ora ngapusi utawa malsu pangandikané Gusti Allah. Aku padha terang-terangan ngabaraké apa sing dadi kersané Gusti Allah. Mula ana ing ngarsané Gusti Allah aku masrahaké badanku supaya diadili manut pemawasé wong kabèh.

3Yèn Injil sing dakwartakaké iki ketutupan utawa kurang cetha, kuwi mung tumrap wong-wong sing padha nemu tiwas.

4Wong-wong mau padha ora precaya, merga pikirané digawé peteng déning Iblis, yakuwi penggedhéné kadursilan sing ngwasani jagad iki. Wong-wong mau padha dialang-alangi déning Iblis, supaya aja padha weruh pepadhang, sing sumunar saka Injil, sing medharaké kamulyané Sang Kristus; sebab Sang Kristus kuwi gambaré Gusti Allah sing sanyata.

5Aku padha ora martakaké bab awakku dhéwé. Sing padha dakwartakaké kuwi Gusti Yésus Kristus, sing jumeneng Gusti, lan aku iki padha dadi abdimu saka kersané Gusti Yésus.

6Awit Gusti Allah ngandika: "Saka ing pepeteng bakal ana pepadhang kang sumunar!," iya Gusti Allah sing nyunaraké pepadhang mau ana ing sajroning ati kita, madhangi pikiran kita dadi ngerti bab kamulyané Allah, sing sumunar saka wedanané Sang Kristus.

7Nanging aku sing padha nduwèni raja-brana karohanèn kuwi, kaya déné grabah sing digawé saka lempung; dadi tetéla yèn pangwasa sing ngédab-édabi mau asalé saka Gusti Allah, ora saka aku.

8Aku padha kerep disiksa, nanging ora remuk. Kerep mangu-mangu, nanging ora tau semplah.

9Mungsuhku akèh, nanging mitra-mitraku ora sethithik. Lan senajan ana kalané aku padha tatu nganti mbebayani, nanging aku ora nganti mati.

10Sédané Gusti Yésus kuwi tansah katon ana ing badan kamanungsanku, supaya wunguné Sang Kristus iya katona ana ing awakku.

11Selawasé urip, aku tansah padha diancam déning pati merga Gusti Yésus, supaya wunguné Gusti Yésus katona ana ing badan kamanungsanku.

12Kuwi ateges yèn dayané si pati tansah masésa ana ing badanku, nanging dayané si urip nyambut-gawé ana ing kowé.

13Ing Kitab Suci ana pangandika: "Aku precaya, mulané aku bisa kandha." Kanthi pengandel sing mengkono mau, aku iya bisa muni: "Aku bisa kandha, sebab aku wis precaya."

14Aku ngerti yèn Gusti Allah, sing wis mungokaké Gusti Yésus, uga bakal nangèkaké kita bebarengan karo Panjenengané, sarta ngirid kita kabèh sowan ana ing ngarsané.

15Kelakoné kuwi kabèh murih becikmu. Saya akèh wong sing padha nampani sih-rahmaté Allah, uga saya akèh puji sokur sing kasaosaké déning wong-wong mau kagem kaluhurané Allah.

16Kuwi sebabé aku padha ora tau semplah. Senajan badan wadhag kita saya rusak, nanging kasukman kita saben dina kaanyaraké.

17Kasangsaran sing padha daklakoni iki, ora sepiraa lan mung kanggo sawetara mangsa waé, kuwi bakal njalari aku padha olèh kamulyan gedhé banget sing langgeng ngungkuli kasangsaran sing daksandhang mau.

18Sebab sing dakgatèkaké dudu barang-barang sing katon, nanging prekara-prekara sing ora katon. Awit apa sing katon kuwi anané mung sawetara mangsa, nanging prekara-prekara sing ora katon, kuwi langgeng ing selawasé.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Korintus 4 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel