Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 14 >> 

1Nalika Yoas, putrané Raja Yoahas, enggoné jumeneng raja ing Israèl nyandhak rong tauné, Amazia putrané Yoas, jumeneng raja ing Yéhuda.

2Nalika semana yuswané selawé taun, lan enggoné jumeneng raja ana ing Yérusalèm lawasé sangalikur taun. Ibuné asma Yoadan, saka Yérusalèm.

3Amazia tumindaké gawé renaning penggalihé Pangéran, nanging ora kaya Dawud leluhuré, merga ngèmperi ramané.

4Papan-papan panyembahé déwa-déwa ora digempur, mula rakyat nerusaké enggoné gawé kurban lan ngobong menyan ing kono.

5Bareng wis rumangsa kuwat, Raja Amazia banjur dhawuh matèni punggawa-punggawa sing biyèn nyédani ramané.

6Nanging anak-anaké ora dipatèni, merga mbangun-turut karo dhawuhé Pangéran, kasebut ing Kitabé Musa, sing surasané mengkéné: "Aja matrapi paukuman marang anak merga saka kaluputané wong tuwané. Saben wong dipatrapana paukuman merga saka piala sing dilakoni dhéwé."

7Raja Amazia tau perang nglawan Édom, matèni prejurit sepuluh èwu ing Lembah Asin, lan ngrebut kutha Séla. Kutha mau jenengé diganti Yokteèl, nganti tekan sepréné.

8Raja Amazia banjur ngutus abdi sowan Yoas, raja ing Israèl ditantang perang.

9Nanging Raja Yoas ngutus wong ngaturi wangsulan mengkéné, "Ing sawijining dina suket eri bandhil ing pegunungan Libanon muni karo wit cemara, ‘Hé, cemara, anakmu wadon wènèhna aku, dakolèhaké anakku.’ Nanging ora suwé banjur ana kéwan alasan liwat ing kono, ngidak-idak eri bandhil mau.

10Amazia, panjenengan wis ngalahaké wong Édom, mulané saiki umuk. Luwih becik nrima olèh kemenangan semono gedhéné lan aja metu-metu, anaa ing ndalem waé. Apa gunané golèk mungsuh lan nekakaké kasangsaran marang sliramu lan marang rakyatmu."

11Nanging Raja Amazia ora maèlu karo pangandikané Raja Yoas. Mulané Raja Yoas banjur metoni perang karo balané menyang Bèt-Sèmès, ing Yéhuda. Ana ing kana nuli tempuk perang karo Raja Amazia.

12Mulané Raja Amazia kalah, lan para prejurité padha mlayu, mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

13Raja Amazia dicekel déning Raja Yoas. Raja Yoas mlebu kutha Yérusalèm lan njugrugaké bètèngé kutha mau, dawané rong atus mèter, wiwit saka Gapura Éfraim tekan Gapura Pojok.

14Kabèh emas lan slaka sing ana, sakèhé bekakas ing Pedalemané Allah sarta barang-barang ing kedhaton sing pengaji, digawa menyang Samaria bebarengan karo wong tawanan sawetara.

15Lelakoné Raja Yoas, bab kekendelané sajroning peprangan nglawan Amazia, raja Yéhuda, kabèh wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

16Raja Yoas séda lan kasarèkaké ing pesaréané raja-raja ing Samaria. Yérobéam II, putrané, nggentosi jumeneng raja.

17Sapungkuré Yoas, raja ing Israèl, Amazia raja ing Yéhuda isih sugeng suwéné limalas taun.

18(14:18-21) Wasana ing Yérusalèm ana komplotan sing arep nyédani Raja Amazia. Mulané Raja Amazia banjur ngungsi menyang Lakhis, nanging dioyak déning mungsuhé lan dicekel ana ing kana, sarta disédani. Layoné digawa mulih menyang Yérusalèm, sarta disarèkaké ana ing pesaréané raja-raja, ing kuthané Dawud. Rakyat ing Yéhuda banjur ngangkat Uzia, putrané Amazia, jumeneng raja. Nalika semono Uzia yuswané nembelas taun. Lelakoné Raja Amazia liya-liyané wis katulis ing Kitab Sejarahé Raja-raja Yéhuda.

19(14:18)

20(14:18)

21(14:18)

22Sapungkuré Amazia kutha Éliot direbut menèh déning Uzia, lan dibangun.

23Nalika Amazia, putrané Yoas, enggoné jumeneng raja ing Yéhuda nyandhak limalas taun, Yérobéam II putrané Yoas, wiwit jumeneng raja ing Israèl; lan enggoné jumeneng raja suwéné patang puluh siji taun; dalemé ing Samaria.

24Yérobéam II gawé dosa ing ngarsané Allah, merga nglampahi pialané Raja Yérobéam I, sing njalari wong Israèl iya dadi dosa.

25Daérah Israèl kabèh direbut menèh déning Yérobéam II, wiwit saka dalan menyang Hamat sisih Lor, nganti tekan Segara Mati. Kuwi cocog karo janjiné Pangéran, Allahé Israèl, lantaran Nabi Yunus bin Amitai, wong Gat-Hèfèr.

26Pangéran pirsa kasangsarané umat Israèl, mangka ora ana wong siji waé sing bisa nulungi.

27Pangéran ora ngersakaké wong Israèl tumpes, mulané kersa paring pitulungan lantaran Raja Yérobéam

28Lelakoné Raja Yérobéam II, bab kekendelané ing peprangan lan bab enggoné ngrebat menèh kutha Damsyik lan Hamat kanggo bangsa Israèl, kabèh wis katulis ana ing Kitab Sejarahé Raja-raja Israèl.

29Yérobéam II séda lan disarèkaké ing pesaréané raja-raja. Zakharia, putrané, nggentosi jumeneng raja.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 14 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel