Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Raja-raja 19 >> 

1Nalika Raja Hizkia mireng lapurané wong telu mau nyuwèk agemané, banjur ngagem ageman bagor, nélakaké enggoné sedhih, sarta tindak menyang Pedalemané Allah.

2Èlyakim, kepalané kraton, Sèbna sèkretaris negara lan para imam sing tuwa-tuwa diutus nemoni Nabi Yésaya bin Amos. Wong-wong mau uga padha nganggo klambi bagor.

3Welingé Raja Hizkia marang Yésaya surasané mengkéné, "Dinten menika dinten kasisahan; kita sami dipun ukum lan dipun sepèlèkaken. Kita kados tiyang èstri ingkang sampun badhé mbabar, nanging mboten saged nglairaken.

4Raja Asyur sampun ngutus perwira supados ngawon-awon Gusti Allah, ingkang sipat gesang. Mbokmenawi Pangéran, Allah panjenengan, midhanget panyenyamah menika, lan kersa males dhateng tiyang ingkang ngucapaken pengawon-awon menika. Kula aturi ndedonga dhateng Pangéran kanggé tiyang-tiyang kita, ingkang taksih kantun menika."

5Sawisé nampi welingé Raja Hizkia mau,

6Nabi Yésaya nuli ngandika mengkéné, "Panjenengan mboten sisah ajrih menawi midhanget tembungipun tiyang-tiyang Asyur menika, bilih Allah mboten saged ngluwari kita.

7Allah badhé damel raja Asyur mireng pawartos, ingkang njalari piyambakipun wangsul dhateng negarinipun. Wonten ing ngrika piyambakipun badhé dipun pejahi."

8Perwira Asyur mau krungu kabar yèn rajané wis tindak saka Lakhis, nglurug perang menyang kutha Libna, ora adoh saka kono. Mulané perwira mau mrana arep sowan.

9Wong Asyur padha olèh kabar, yèn tentara Mesir, sing dipimpin déning Tirhakah, raja Sudan arep nyerang bala Asyur. Krungu sing mengkono raja Asyur banjur kirim layang marang Hizkia, raja Yéhuda.

10Surasané mengkéné, "Aja kena diapusi déning Allahmu sing kokndel-ndelaké kuwi, sing janji bakal ngluwari kowé saka tanganku.

11Kowé wis krungu yèn saben negara sing diserang déning raja Asyur, mesthi ditumpes. Apa kokkira kowé bisa lolos?

12Nalika leluhurku nelukaké kutha Gozan, Haran, lan Rèzèf sarta matèni wong Bèt-Èden sing padha manggon ing Telasar, ora ana déwané siji waé sing bisa nylametaké wong-wong mau.

13Raja-rajané kutha Hamat, Arpad, Séfarwaim, Héna lan Iwa saiki padha ana ing ngendi?"

14Raja Hizkia nampa layang mau saka para utusan, banjur diwaos. Panjenengané banjur mlebet Pedalemané Allah lan njèrèng layang mau ana ing ngarsané Allah.

15Hizkia banjur ndedonga, "Dhuh Pangéran, Allahipun Israèl, ingkang pinarak ing dhampar sinanggi déning para malaékat Paduka, inggih namung Paduka piyambak ingkang ngerèh kraton-kraton ing salumahing bumi, margi Paduka ingkang nitahaken langit lan bumi.

16Gusti, mugi kepareng menggalih dhateng kedadosan ingkang kawula alami. Kersaa midhangetaken sedaya panyenyamahipun Sanhérib dhateng Paduka, Allah ingkang gesang.

17Kawula sami mangertos, bilih raja-raja Asyur sampun nelukaken bangsa-bangsa kathah, lan ngrisak negari-negarinipun.

18Déwa-déwanipun bangsa-bangsa wau inggih sampun dipun besmi lan dipun remuk, mergi déwa-déwa wau pancèn sanès Allah. Menika namung damelaning tanganipun manungsa, kadamel saking kajeng lan séla.

19Dhuh Pangéran, Allah kawula, kersaa ngluwari kawula saking tiyang-tiyang Asyur menika, supados sedaya bangsa sajagad ngakenana, bilih namung Paduka piyambak ingkang jumeneng Allah, mboten wonten sanèsipun."

20(19:20-21) Nabi Yésaya banjur kirim layang marang Sang Prabu Hizkia, surasané, "Gusti Allah sampun paring wangsulan dhateng pandonganipun Sang Prabu mekaten, ‘Sanhérib, kowé digeguyu lan disepèlèkaké déning kutha Yérusalèm.

21(19:20)

22Sing kokala-ala kuwi sapa? Ora liya iya Aku, Allahé Israèl, Allah kang mahasuci, ya Aku iki sing kokcecamah. Angkuh temen tangkepmu marang Aku.

23Kowé wis akon ngumukaké yèn srana kréta perangmu kowé nelukaké gunung-gunung sing dhuwur dhéwé ing Libanon. Kowé umuk merga wis negor wit-wit cemara sing dhuwur dhéwé lan sing éndah dhéwé, sarta wis nlusup ing alas-alas sing gedhé dhéwé.

24Kowé iya ngegung-egungaké enggonmu wis ngedhuk sumur lan ngombé banyu ing negara-negara manca, lan para prejuritmu wis ngidak-idak Bengawan Nil nganti asat.’

25Apa kowé durung krungu yèn kuwi mau kabèh wis Dakrancang wiwit jaman kuna mula? Lan saiki lagi Daktindakaké. Rak Aku dhéwé ta sing maringi pangwasa marang kowé, supaya kowé nggempur bètèngé kutha-kutha dadi ludhesan.

26Wong-wong sing padha manggon ing kutha-kutha mau ora padha duwé kekuwatan, mulané padha kagèt lan wedi. Wong-wong mau padha kaya suket ing ara-ara, utawa kaya suket sing thukul ana ing payoning omah, sing dadi garing samasa katerak ing angin panas saka Wétan.

27Nanging Aku weruh kaanan sing sanyatané. Aku weruh sing koktindakaké, lan ngerti menyang endi paranmu. Aku ngerti yèn kowé nesoni Aku.

28Aku wis krungu bab enggonmu gumedhé. Saiki irungmu bakal Dakkeluhi lan cangkemmu Dakkendhalèni, supaya kowé Daktuntun bali metu dalan sing biyèn kokliwati."

29Sawisé mengkono Nabi Yésaya ngaturaké piweling marang Raja Hizkia mengkéné, "Menika tandhanipun prekawis ingkang mangké badhé kelampahan. Taun menika lan taun ngajeng rakyat badhé nedha gandum ingkang tuwuh piyambak. Nanging sesampunipun menika rakyat badhé nedha gandum lan ngombé anggur saking tanemanipun piyambak.

30Tiyang Yéhuda ingkang taksih sami gesang, badhé dados makmur kados taneman, ingkang lebet oyodipun, lan medalaken woh.

31Ing Yérusalèm lan ing redi Sion badhé wonten tiyang-tiyang ingkang kawilujengaken, mergi Allah sampun nemtokaken mekaten.

32Mekaten pangandikanipun Allah bab negari Asyur: ‘Asyur ora bakal mlebu ing kutha kono, utawa nglepas panahé marang Yérusalèm, sepisan waé ora, lan prejurit-prejurité sing nganggo tamèng, siji waé ora ana sing bakal nyedhak mrono. Lan ora ana tanggul sing dienggo ngepung kutha kono.

33Raja Asyur bakal bali liwat dalan sing diliwati nalika teka, lan ora bakal mlebu ing kutha Yérusalèm. Aku Pangéran, sing ngandika.

34Kutha Yérusalèm bakal Dakbéla lan Dakreksa, krana saka asma-Ku lan krana prejanjian-Ku karo Dawud, abdi-Ku.’"

35Bengi kuwi uga malaékaté Pangéran rawuh ing kémah-kémahé wong Asyur lan matèni prejurit 185.000. Ésuké mayit-mayit mau pating gléthak saenggon-enggon!

36Temahan Sanhérib, Raja Asyur, mulih menyang Ninewé.

37Ing sawijining dina, nalika mbeneri sembahyang ana ing candhiné Déwa Nisroh, Sanhérib disédani nganggo pedhang déning Adramèlèkh lan Sarèzèr, putra-putrané. Sawisé mengkono putra-putrané mau padha mlayu ngungsi menyang negara Ararat. Ésar-Hadon, putrané liyané, jumeneng raja, nggentèni Sanhérib.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Raja-raja 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel