Alkitab Mobile SABDA
[VER] : [JAWA2]     [PL]  [PB] 
 <<  2 Samuel 19 >> 

1Yoab dikabari yèn Raja Dawud muwun sarta sedhih banget merga saka Absalom.

2Mulané kemenangan ing dina kuwi malih dadi kasusahan tumrap sakèhing prejurité Dawud, merga padha krungu yèn raja muwuni putrané.

3Kanthi sesidheman wong-wong mau padha bali menyang kutha, kaya déné prejurit sing kisinan, keplayu saka peprangan.

4Sang raja nutupi pasuryané sarta muwun sora, "O anakku! Anakku Absalom! Absalom, anakku!"

5Yoab sowan raja lan matur, "Ing dinten menika panjenengan damel isinipun para prejurit panjenengan. Inggih tiyang-tiyang menika ingkang sampun damel sugeng panjenengan, sugengipun para putra sedaya, garwa saha selir panjenengan.

6Panjenengan nresnani tiyang ingkang sengit dhateng panjenengan, nanging sengit dhateng tiyang-tiyang ingkang nresnani panjenengan! Kanthi cetha panjenengan nedahaken, bilih para perwira saha para prejurit panjenengan menika mboten wonten tegesipun tumrap panjenengan. Malah ngrumaosi, bilih panjenengan badhé rena sanget upami ing dinten menika Absalom taksih gesang saha kula sedaya sami pejah!

7Sang Prabu mugi kersa jumeneng saha miyos, lajeng nentremaken manahipun para prejurit panjenengan. Atas namanipun Allah, kula sumpah, menawi panjenengan mboten miyos manggihi tiyang-tiyang menika, ing dalu menika ugi badhé mboten wonten tiyang ingkang ndhèrèk panjenengan. Prekawis menika badhé ndhatengaken kasangsaran ingkang langkung ageng menawi katandhing kaliyan ingkang sampun panjenengan alami ing sasugeng panjenengan."

8Raja banjur jumeneng sarta miyos lan lenggah ana ing sacedhaké gapura. Bareng para prejurité padha krungu yèn Sang Prabu ana ing kono, kabèh banjur padha sowan. Nalika semono para prejurit Israèl kabèh wis padha keplayu, sarta mulih menyang omahé dhéwé-dhéwé.

9Ing antarané taler Israèl ana regejegan. Kandhané wong-wong mau, "Raja Dawud wis nylametaké kita saka tangané wong Filistin sarta nguwalaké kita saka mungsuh-mungsuh liyané, nanging saiki raja wis keplayu merga saka Absalom lan jengkar saka negara iki.

10Absalom kita angkat dadi raja, nanging saiki wis tiwas ana ing peprangan. Yagéné ora ana siji waé sing ngudi konduré Raja Dawud?"

11Tetembungan kuwi nganti tekan Raja Dawud. Mulané banjur utusan Imam Zadok lan Imam Abyatar supaya dhawuh marang penggedhéné Yéhuda mengkéné, "Yagéné kowé padha kèri dhéwé enggonmu methuk lan ndhèrèkaké raja kondur menyang kedhatoné?

12Kowé rak padha sanak-kadangku, kaum krabatku? Yagéné kowé sing kèri dhéwé nyuwun baliku?"

13Dawud uga utusan lan dhawuh marang Amasa mengkéné, "Kowé kuwi rak krabatku? Wiwit saiki kowé dakangkat dadi sénapatining prejuritku nggentèni Yoab. Yèn prekara iki ora kelakon, karebèn Gusti Allah mundhut nyawaku!"

14Srana mengkono Dawud bisa ngepèk atiné wong Yéhuda kabèh, nganti padha kongkonan matur marang raja, supaya kondur menyang ing kedhaton, bebarengan karo pegawéné kabèh.

15Raja banjur budhal lan tekan Kali Yardèn, ing wektu kuwi wong-wong Yéhuda wis tekan ing Gilgal prelu methuk raja lan ndhèrèkaké tindaké sajroné nyabrang Kali Yardèn mau.

16(19:16-17) Simèi anaké Géra, wong Bènyamin kuwi nggawa wong taler Bènyamin sèwu lan énggal-énggal teka bebarengan karo wong Yéhuda mau, prelu ngurmati raja. Mengkono uga Ziba, abdiné Saul, karo anaké lanang limalas lan kawulané rong puluh, wis nyabrang Kali Yardèn sadurungé raja rawuh.

17(19:16)

18Wong-wong mau padha mbiyantu enggoné raja sakadhang warga padha nyabrang, sarta nglakoni apa kang dianggep prayoga. Nalika Raja Dawud arep nyabrang kali, Simèi sujud ing ngarsané lan matur,

19"Mugi kula sampun ngantos dipun galih tetep lepat. Mugi panjenengan mboten menggalih, menapa ingkang kula lampahi, nalika panjenengan tindak saking Yérusalèm.

20Kula sampun ngrumaosi, bilih kula damel dosa, milanipun ing antawisipun taler-taler ingkang manggèn ing sisih Lèr, kula ingkang rumiyin piyambak methuk Sang Prabu ing dinten menika."

21Bareng Abisai, anaké Zeruya, krungu mengkono mau banjur matur, "Langkung prayogi Simèi kaukum pejah, mergi sampun ngipat-ipati panjenengan, mangka panjenengan sampun dipun pilih déning Allah."

22Nanging Dawud ngandikani Abisai lan Yoab kakangné, "Aja mèlu-mèlu. Yagéné kowé padha gawé susahku! Ing dina iki aku dadi raja menèh ing Israèl, sarta ora kena ana wong Israèl sing diukum pati."

23Raja banjur dhawuh marang Simèi, "Aku sing tanggung, yèn kowé ora bakal diukum pati."

24Méfibosèt, putuné Saul, uga teka methukaké raja. Dhèwèké ora misuhi sikilé, ora nyukur jénggoté, lan ora ngumbah sandhangané wiwit Raja Dawud jengkar saka Yérusalèm nganti kondur ngasta kemenangan.

25Nalika Méfibosèt teka saka Yérusalèm prelu methukaké raja, raja ngandika, "Méfibosèt, yagéné kowé ora mèlu aku?"

26Aturé, "Gusti, panjenengan pirsa, bilih kula menika pincang. Kula kèngkènan réncang supados makèhi kuldi ingkang kénging kula tumpaki prelu ndhèrèk panjenengan. Nanging kula dipun apusi déning réncang menika.

27Malah kula dipun awon-awon wonten ing ngarsa panjenengan. Tujunipun Sang Prabu menika kados déné malaékatipun Allah, mila panjenengan nindakaken menapa ingkang panjenengan galih saé.

28Kulawarganipun bapak kula sampun samesthinipun dipun ukum pejah déning Sang Prabu, éwadéné kula panjenengan parengaken nedha wonten ing kraton. Samenika kula mboten wantun nyuwun menapa-menapa dhateng panjenengan."

29Raja ngandika, "Kowé ora prelu matur apa-apa menèh. Aku wis duwé putusan prelu andum bandhané bapakmu Saul marang kowé lan Ziba."

30Méfibosèt banjur matur, "Kajengipun dipun pendhet Ziba sedaya. Kula sampun marem, mergi Sang Prabu sampun kondur kanthi sugeng."

31Barzilai, wong Giléad, iya wis teka saka Rogelim, prelu ndhèrèkaké raja nyabrang Kali Yardèn.

32Barzilai wis tuwa banget, umuré wis wolung puluh taun. Wong kuwi sugih banget lan sajroné raja manggèn ing Mahanaim biyèn, Barzilai sing nyedhiani dhaharé.

33Raja ngandika marang dhèwèké, "Mèlua aku menyang Yérusalèm, ana ing kana mengko bakal dakcukupi kapreluanmu."

34Nanging Barzilai matur, "Mboten badhé dangu malih enggèn kula gesang. Dados menapa prelunipun kula ndhèrèk Sang Prabu dhateng Yérusalèm?

35Umur kula sampun wolung dasa taun, sarta mboten wonten ingkang ngremenaken kanggé kula. Kula mboten saged ngraosaken éca menapa ingkang kula tedha saha kula ombé. Kaliyan malih mboten remen mirengaken swantenipun para ingkang sami ngidung. Kula namung badhé damel répot panjenengan.

36Kula mboten patut nampi épah ingkang semanten kathahipun. Kula namung kepéngin ndhèrèkaken Sang Prabu sawetawis tebihipun saking sabrangipun Lèpèn Yardèn.

37Sesampunipun menika, keparenga kula wangsul dhateng griya kula lan pejah celak kaliyan kuburipun tiyang sepuh kula. Nanging menika anak kula pun Kimham. Keparenga ndhèrèk Sang Prabu saha kadhawuhana nindakaken menapa kémawon ingkang panjenengan galih saé."

38Raja ngandika, "Kimham arep dakjak lan dakpréntah kaya sing kokkarepaké, sarta apa waé sing koksuwun, bakal dakleksanani."

39Dawud lan para prejurité banjur nyabrang Kali Yardèn. Panjenengané banjur ngaras Barzilai sarta mberkahi. Sawisé kuwi Barzilai banjur mulih menyang omahé dhéwé.

40Para prejurité Yéhuda kabèh sarta prejurit Israèl separo padha ndhèrèk Raja Dawud nyabrang kali. Sang Prabu terus tindak menyang Gilgal, lan Kimham uga ndhèrèk.

41Para prejurit Israèl kabèh banjur padha sowan sarta matur, "Sang Prabu, menapa sebabipun sedhèrèk kula tiyang-tiyang Yéhuda sami nginten, bilih tiyang-tiyang menika ingkang nggadhahi hak methuk saha ndhèrèkaken Sang Prabu kaliyan kulawarga sedaya lan para prejurit, nyabrang Lèpèn Yardèn?"

42Wong Yéhuda banjur mangsuli, "Mesthi waé, merga Sang Prabu kuwi krabatku. Yagéné kowé padha nesu? Apa aku iki wis padha nampa pangan saka raja, utawa wis diparingi ganjaran?"

43Wong Israèl mangsuli, "Wewenangku bab raja kuwi tikel sepuluhé wewenangmu, senajan Sang Prabu kuwi krabatmu. Yagéné kowé padha ngrèmèhaké aku? Aja padha lali, yèn aku sing sepisanan ngusulaké ndhèrèkaké raja supaya kondur." Nanging tembungé wong Yéhuda iku luwih pedhes ketimbang tembungé wong Israèl.


  Share Facebook  |  Share Twitter

 <<  2 Samuel 19 >> 


Bahan Renungan: SH - RH - ROC
Download
Alkitab ANDROID
Kamus Alkitab
Kamus Bahasa
Kidung Jemaat
Nyanyikanlah Kidung Baru
Pelengkap Kidung Jemaat
Alkitab.mobi
Copyright
Alkitab.SABDA.org
Android.SABDA.org
SABDA.APP
BaDeNo
Bantuan
Dual Panel Dual Panel